PDF —
36 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Mutaffifin pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Mutaffifin pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Mutaffifin Terjemah. Surat Al-Mutaffifin (Meccan) 36 Ayat.

← Al-InfitarSurat Al-Mutaffifin Al-Insyiqaq →


36 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﯖﯗﯘ
83:1 Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker)
ﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟ
83:2 Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep
ﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
83:3 Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫ
83:4 Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati
ﭑﭒﭓ
83:5 Tumrap dina kang gedhe (qiyamat)
ﭔﭕﭖﭗﭘﭙ
83:6 Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh
ﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠ
83:7 Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin)
ﭡﭢﭣﭤﭥ
83:8 Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa
ﭦﭧﭨ
83:9 Buku kang ditulis
ﭩﭪﭫﭬ
83:10 Ing dina iku wong kang maido cilaka banget
ﭭﭮﭯﭰﭱ
83:11 Kang padha maido marang dina piwales
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹ
83:12 Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa
ﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁ
83:13 Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna
ﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌ
83:14 Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine
ﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓ
83:15 Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane
ﮔﮕﮖﮗﮘ
83:16 Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim
ﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠ
83:17 Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen
ﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧ
83:18 O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur
ﮨﮩﮪﮫﮬ
83:19 Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur
ﮭﮮﮯ
83:20 Kitab kang katulis
ﮰﮱﯓ
83:21 Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni
ﯔﯕﯖﯗﯘ
83:22 Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha
ﯙﯚﯛﯜ
83:23 Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang
ﯝﯞﯟﯠﯡﯢ
83:24 Katon ing wajahe cahyaning nugraha
ﯣﯤﯥﯦﯧ
83:25 Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap
ﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯ
83:26 Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku
ﯰﯱﯲﯳ
83:27 Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur
ﯴﯵﯶﯷﯸ
83:28 Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah)
ﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁ
83:29 Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu
ﰂﰃﰄﰅﰆ
83:30 Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan
ﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍ
83:31 Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram
ﰎﰏﰐﰑﰒﰓﰔ
83:32 Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar
ﰕﰖﰗﰘﰙ
83:33 Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗ
83:34 Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir
ﭘﭙﭚﭛ
83:35 Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir
ﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
83:36 sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers