PDF —
19 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Infitar pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Infitar pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Infitar Terjemah. Surat Al-Infitar (Meccan) 19 Ayat.



19 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭑﭒﭓﭔ
82:1 Samongsa langit wis belah
ﭕﭖﭗﭘ
82:2 Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar
ﭙﭚﭛﭜ
82:3 Lan samongsa segara - segara padha dibludagake
ﭝﭞﭟﭠ
82:4 Lan samangsa kubur - kubur padha binukak
ﭡﭢﭣﭤﭥﭦ
82:5 Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake
ﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭ
82:6 O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya
ﭮﭯﭰﭱﭲ
82:7 Kang wis gawe awakira genep waras lan patut
ﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹ
82:8 Allah namtokake rupanira miturut sakersane
ﭺﭻﭼﭽﭾ
82:9 O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese
ﭿﮀﮁﮂ
82:10 Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira
ﮃﮄﮅ
82:11 Para juru nulisi minulya
ﮆﮇﮈﮉ
82:12 Padha meruhi apa kang padha sira lakoni
ﮊﮋﮌﮍﮎ
82:13 Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha
ﮏﮐﮑﮒﮓ
82:14 Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub
ﮔﮕﮖﮗ
82:15 Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan
ﮘﮙﮚﮛﮜ
82:16 Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono
ﮝﮞﮟﮠﮡﮢ
82:17 Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
ﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩ
82:18 Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
ﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕ
82:19 Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers