PDF —
17 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat At-Tariq pdf — Undhuh (Jawa)

Surat At-Tariq pdf Jawa — Undhuh Surat At-Tariq Terjemah. Surat At-Tariq (Meccan) 17 Ayat.

← Al-BurujSurat At-Tariq Al-A'la →


17 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭑﭒﭓ
86:1 Demi langit lan kang teka ing wajah wengi
ﭔﭕﭖﭗﭘ
86:2 Sapa kang meruhake sira, apa kang teka ing wajah wengi iku
ﭙﭚﭛ
86:3 Yaiku lintang kang padange nembus peteng
ﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
86:4 Siji - sijine pengawal awak iku ora ana kang tanpa pengawal
ﭣﭤﭥﭦﭧ
86:5 Mulane, Manungsa amaspadakna, awake iku apa sing digawe
ﭨﭩﭪﭫﭬ
86:6 Sing digawe saka banyu sing mancrut
ﭭﭮﭯﭰﭱﭲ
86:7 Metu saka ing antarane geger lan iga
ﭳﭴﭵﭶﭷ
86:8 Allah kuwasa nguripake manungsa sawuse mati
ﭸﭹﭺﭻ
86:9 Hiya iku besuk dina qiyamat nalika wadi padha kawiyak
ﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂ
86:10 Ora bakal dheweke duwe kekuatan nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi
ﮃﮄﮅﮆ
86:11 Demi langit kang ana udane
ﮇﮈﮉﮊ
86:12 Demi bumi kang bledhag metu thetukulane
ﮋﮌﮍﮎ
86:13 Temen Al-Quran iku pangandikaning Allah kang bedakake bener lan luput
ﮏﮐﮑﮒ
86:14 Dudu sembranan lan jelomprongan
ﮓﮔﮕﮖ
86:15 Wong kafir padha nandukake pahekan kang elek banget
ﮗﮘﮙ
86:16 Ingsun uga males pahekane si kafir
ﮚﮛﮜﮝﮞ
86:17 (Muhammad) Mulane para kafir srantekna, Ingsun uga nyerantekke sawatara rusake si kafir mau

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers