Surat Al-Buruj pdf — Undhuh (Jawa)
Surat Al-Buruj pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Buruj Terjemah. Surat Al-Buruj (Meccan) 22 Ayat.
Related
- Surat Al-Buruj TerjemahJawa
- Surat Al-Buruj mp3Rungokna
- Quran Index Jawa114
More Surat PDF
Surat Al-Buruj

ﭛﭜﭝﭞ
85:1
Demi langit kang duweni lintang - lintang
ﭟﭠﭡ
85:2
Demi dina kang dijanjekake (mesthi kelakon)
ﭢﭣﭤ
85:3
Demi seksi lan kang disekseni
ﭥﭦﭧﭨ
85:4
Wong kang padha duwe jogangan utawa biyantu (padha kena benduning Allah)
ﭩﭪﭫﭬ
85:5
Jogangan mau isi geni murub
ﭭﭮﭯﭰﭱ
85:6
Nalika dheweke lungguh sakiwa thengene
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸ
85:7
Padha nyumurupi anggone milara para wong kang ngestu
ﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂ
85:8
Anggone milara mau dumeh wong kang angestu padha percaya Allah kang Maha Mulya tur Pantes Pinuji
ﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎ
85:9
Kang kagungan kraton langit lan bumi, Allah Mirsani samu barang
ﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝ
85:10
Sarupane wong kang maeka utawa milara wong kang angestu lananga wadona, sarana diobong kang mangka ora tobat padha dipatrapi siksa neraka Jahannam minongka patrapan anggone ngobong wong kang angestu
ﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭ
85:11
Sarupane wong kang angestu kang nglakoni panggawe becik bakal apdha tampa ganjaran suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon kang mangkono aran kabegjan gedhe
ﮮﮯﮰﮱﯓ
85:12
Satemene siksane pangeranira abot
ﯔﯕﯖﯗﯘ
85:13
Allah kang murwani gawe makhluk banjur nguripake maneh
ﯙﯚﯛﯜ
85:14
Allah kapareng ngapura tur asih marang kawulane
ﯝﯞﯟﯠ
85:15
Ingkang kagungan singgasana, ingkang minulya
ﯡﯢﯣﯤ
85:16
Kang nindakake samu barang kang dadi kersane
ﯥﯦﯧﯨﯩ
85:17
Sira apa wus tampa dhawuh cerita tumpese bala akeh
ﯪﯫﯬ
85:18
Fir’aun lan Tsamud
ﯭﯮﯯﯰﯱﯲ
85:19
Dene ummat ira kang padha kafir siksane marga kaluputan anggone padha maido
ﯳﯴﯵﯶﯷ
85:20
Allah iku kaweruhe lan kuasane nglimputi para kafir kabeh
ﯸﯹﯺﯻﯼ
85:21
Al-Quran iku kitabe Allah kang agung
ﯽﯾﯿﰀ
85:22
Kasimpen ana ing Lauhul Mahfudz
Al-Quran
Wednesday, September 9, 2026
Don't forget us in your sincere prayers







