PDF —
52 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Qalam pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Qalam pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Qalam Terjemah. Surat Al-Qalam (Meccan) 52 Ayat.

← Al-MulkSurat Al-Qalam Al-Haqqah →


52 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮉﮊﮋﮌﮍﮎ
68:1 Nun, demi qalam (alat tulis) sarta apa kang padha ditulis
ﮏﮐﮑﮒﮓﮔ
68:2 Kelawan kanugrahane Pangeranira, sira (Muhammad) iku dudu wong owah
ﮕﮖﮗﮘﮙﮚ
68:3 Satemene sira iku tampa ganjaran kang tanpa kendhat salawase
ﮛﮜﮝﮞﮟ
68:4 Lan satemene sira iku duwe budi pekerti kang luhur
ﮠﮡﮢ
68:5 Lan sira bakal weruh, sarta dheweke (iya) bakal weruh
ﮣﮤﮥ
68:6 Sapa ing antarnira kang kadunungan owah
ﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱ
68:7 Satemene Pangeranira nguningani wong kang kesasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha netepi pituduh bener
ﯓﯔﯕﯖ
68:8 Mulane sira aja manut wong kang padha maido al-Qur’an
ﯗﯘﯙﯚﯛ
68:9 Karepe wong kafir sira iku lemesa lan asiha (aja ngaru biru anggone mangro - tingal) wong kafir uga banjur padha lemes lan asih, ora ngelarani marang sira
ﯜﯝﯞﯟﯠﯡ
68:10 Aja manut wong kang dhemen supata roh pikire ala
ﯢﯣﯤﯥ
68:11 Tukang nanacat nyeber pangala - ala
ﯦﯧﯨﯩﯪ
68:12 Menging gawe kebecikan, dhemen nganiaya lan duraka
ﯫﯬﯭﯮﯯ
68:13 Asor lan ndablek sarta ngaku becik
ﯰﯱﯲﯳﯴﯵ
68:14 Aja dume wong kang mangkono mahu sugih bondho lan anak
ﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽ
68:15 Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna
ﯾﯿﰀﰁ
68:16 Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun)
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛ
68:17 Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin)
ﭜﭝﭞ
68:18 Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah
ﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦ
68:19 Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu
ﭧﭨﭩ
68:20 Bareng wayah bangun esuk, tandurane mau wis rupa ireng kabeh, kaya wengi kang peteng
ﭪﭫﭬ
68:21 Ing wayah bangun esuk kang duwe tanduran padha ajak - ajak ngunduhi tandurane
ﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴ
68:22 Mara padha nilikanan tanduranmu manawa kowe arep ngunduhi
ﭵﭶﭷﭸ
68:23 Banjur padha mangkat sarta padha rembugan sesidheman
ﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿ
68:24 Awit dina iki palemahan iki aja nganti kalebon wong miskin
ﮀﮁﮂﮃﮄ
68:25 Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat nedya jaga palemahane rumangsa bisa nguasani tandurane
ﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
68:26 Bareng deleng tandurane wis dadi awu banjur padha ngucap, "Satemene aku kang luput
ﮋﮌﮍﮎ
68:27 O, malah aku iki pada kelangan
ﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖ
68:28 Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah)
ﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝ
68:29 Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya)
ﮞﮟﮠﮡﮢﮣ
68:30 Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh
ﮤﮥﮦﮧﮨﮩ
68:31 Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura
ﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕ
68:32 Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate)
ﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠ
68:33 Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa)
ﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧ
68:34 Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na’im
ﯨﯩﯪﯫ
68:35 Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka
ﯬﯭﯮﯯﯰ
68:36 Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae
ﯱﯲﯳﯴﯵﯶ
68:37 Apa sira duwe wewaton Kitabe Allah kang sira waca
ﯷﯸﯹﯺﯻﯼ
68:38 Metelakake sira kena ngelakoni sakarep - karepe
ﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉ
68:39 Apa sira nyekel sesanggemaningsun mawa supata, kukuh ora bisa owah nganti tumeka dina Qiyamat, yen sira temen bakal enthik apa pancasanira
ﰊﰋﰌﰍﰎ
68:40 Padha takonana, dheweke sapa sing tanggung tumrap prakara iku
ﰏﰐﰑﰒﰓﰔﰕﰖﰗ
68:41 Apa padha duwe kanca kang tunggal panemu, tanggung panemune bakala kaleksanan, menawa temen mangono mara padha nekakna kancane (kang nanggung mau)
ﰘﰙﰚﰛﰜﰝﰞﰟﰠﰡ
68:42 Ing dina bakal anane bilai (Qiyamat) gedhe sarta dheweke bakal padha didawuhi sujud nanging ora bisa (merga gegere kaku)
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝ
68:43 Padha konjem tumungkul handeleng mangisor padha rumangsa asor, lan sayekti biyen dheweke padha didhawuhi sujud (sholat) nalika isih padha selamet
ﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩ
68:44 Mulane togna wae Ingsun sarta sapa - sapa sing padha anggorohake timbalan iki mesthi Ingsun larut kabecikane saka sathithik nganti padha ora krasa
ﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰ
68:45 Ingsun nyrantekake paniksane wong kafir mau, panglulu mesthi keleksanan
ﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸ
68:46 Apa sira njaluk pituwas marang dheweke (anggon ira mrathakake dawuh) nganti dheweke nyonggo utang
ﭹﭺﭻﭼﭽﭾ
68:47 Apa dheweke padha duwe kaweruh barang kang samar - samar (gaib), kang banjur ditulisi
ﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
68:48 Sira mung narimaha nglakoni sakarsane Pangeranira aja kesusu mitrane iwak (kaya Nabi Yunus kang diuntal iwak) kang angaduh aduh nalikane ana sajerone bebaya
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕ
68:49 Yen ta ora ana nugraha saka Pangerane tumeka marang dheweke, mesthi nglumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cacad
ﮖﮗﮘﮙﮚﮛ
68:50 Tumuli dheweke (Nuh) banjur dipilih dening Pangerane didadekake ewone wong becik
ﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨ
68:51 Satemene para wong kafir bareng krungu wulangane al-Qur’an amasthi padha nalorong sira kelawan pandelenge, pangucape, "Temen dheweke (Muhammad) iku edan
ﮩﮪﮫﮬﮭﮮ
68:52 al-Quran iku ora liwat mung wewulang tumrap kabeh bangsa

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers