Surat Al-Buruj Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-Buruj kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (22 Ayat — مكية). Al-Buruj Rungokna, Al-Buruj Terjemah, Al-Buruj mp3, Al-Buruj pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-Buruj

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
وَالسَّمَاءِ ذَاتِ الْبُرُوجِ ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Demi langit kang duweni lintang - lintang
وَالْيَوْمِ الْمَوْعُودِ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Demi dina kang dijanjekake (mesthi kelakon)
وَشَاهِدٍ وَمَشْهُودٍ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Demi seksi lan kang disekseni
قُتِلَ أَصْحَابُ الْأُخْدُودِ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Wong kang padha duwe jogangan utawa biyantu (padha kena benduning Allah)
النَّارِ ذَاتِ الْوَقُودِ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Jogangan mau isi geni murub
إِذْ هُمْ عَلَيْهَا قُعُودٌ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
Nalika dheweke lungguh sakiwa thengene
وَهُمْ عَلَىٰ مَا يَفْعَلُونَ بِالْمُؤْمِنِينَ شُهُودٌ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Padha nyumurupi anggone milara para wong kang ngestu
وَمَا نَقَمُوا مِنْهُمْ إِلَّا أَن يُؤْمِنُوا بِاللَّهِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Anggone milara mau dumeh wong kang angestu padha percaya Allah kang Maha Mulya tur Pantes Pinuji
الَّذِي لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Kang kagungan kraton langit lan bumi, Allah Mirsani samu barang
إِنَّ الَّذِينَ فَتَنُوا الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ثُمَّ لَمْ يَتُوبُوا فَلَهُمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ وَلَهُمْ عَذَابُ الْحَرِيقِ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Sarupane wong kang maeka utawa milara wong kang angestu lananga wadona, sarana diobong kang mangka ora tobat padha dipatrapi siksa neraka Jahannam minongka patrapan anggone ngobong wong kang angestu
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْكَبِيرُ ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Sarupane wong kang angestu kang nglakoni panggawe becik bakal apdha tampa ganjaran suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon kang mangkono aran kabegjan gedhe
إِنَّ بَطْشَ رَبِّكَ لَشَدِيدٌ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Satemene siksane pangeranira abot
إِنَّهُ هُوَ يُبْدِئُ وَيُعِيدُ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Allah kang murwani gawe makhluk banjur nguripake maneh
وَهُوَ الْغَفُورُ الْوَدُودُ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Allah kapareng ngapura tur asih marang kawulane
ذُو الْعَرْشِ الْمَجِيدُ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
Ingkang kagungan singgasana, ingkang minulya
فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيدُ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Kang nindakake samu barang kang dadi kersane
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْجُنُودِ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Sira apa wus tampa dhawuh cerita tumpese bala akeh
فِرْعَوْنَ وَثَمُودَ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Fir’aun lan Tsamud
بَلِ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي تَكْذِيبٍ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Dene ummat ira kang padha kafir siksane marga kaluputan anggone padha maido
وَاللَّهُ مِن وَرَائِهِم مُّحِيطٌ ۝٢٠
📖 Terjemah Ayat 20
Allah iku kaweruhe lan kuasane nglimputi para kafir kabeh
بَلْ هُوَ قُرْآنٌ مَّجِيدٌ ۝٢١
📖 Terjemah Ayat 21
Al-Quran iku kitabe Allah kang agung
فِي لَوْحٍ مَّحْفُوظٍ ۝٢٢
📖 Terjemah Ayat 22
Kasimpen ana ing Lauhul Mahfudz
← 84 Al-Buruj (85/114) 86 →
Waca Surat Al-Buruj Basa Jawa – Terjemah lan Audio

85البروج Al-Buruj 📚 22 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-Buruj — 22 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers