PDF —
20 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Balad pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Balad pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Balad Terjemah. Surat Al-Balad (Meccan) 20 Ayat.

← Al-FajrSurat Al-Balad Asy-Syams →


20 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭽﭾﭿﮀﮁ
90:1 Ingsun supata, demi negara Mekkah iki
ﮂﮃﮄﮅﮆ
90:2 Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki
ﮇﮈﮉﮊ
90:3 Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake)
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐ
90:4 Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa
ﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗ
90:5 Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake
ﮘﮙﮚﮛﮜ
90:6 Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang
ﮝﮞﮟﮠﮡﮢ
90:7 Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran
ﮣﮤﮥﮦﮧ
90:8 Apa Ingsun ora wis maringi mata loro
ﮨﮩﮪ
90:9 Lan ilat, apa dene lambe loro
ﮫﮬﮭ
90:10 Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke
ﮮﮯﮰﮱ
90:11 Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen
ﯓﯔﯕﯖﯗ
90:12 Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener
ﯘﯙﯚ
90:13 Yaiku (kayata) merdikaake kawula
ﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡ
90:14 Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan
ﯢﯣﯤﯥ
90:15 Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak
ﯦﯧﯨﯩﯪ
90:16 Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴ
90:17 Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan
ﯵﯶﯷﯸ
90:18 Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗ
90:19 Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa
ﭘﭙﭚﭛ
90:20 Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers