15 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭜﭝﭞ
91:1 Dhemi srengenge lan sorote
ﭟﭠﭡﭢ
91:2 Dhemi rembulan nalikane mencorong
ﭣﭤﭥﭦ
91:3 Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange
ﭧﭨﭩﭪ
91:4 Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge
ﭫﭬﭭﭮ
91:5 Lan langit sarta yasane
ﭯﭰﭱﭲ
91:6 Sarta bumi tuwin gumelare
ﭳﭴﭵﭶ
91:7 Apa dene jiwa tuwin sampurnane
ﭷﭸﭹﭺ
91:8 Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau
ﭻﭼﭽﭾﭿ
91:9 Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja
ﮀﮁﮂﮃﮄ
91:10 Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane
ﮅﮆﮇﮈ
91:11 Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare
ﮉﮊﮋﮌ
91:12 Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul)
ﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔ
91:13 Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene
ﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜ
91:14 Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh
ﮝﮞﮟﮠ
91:15 Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate)

Al-Quran


Wednesday, September 30, 2026

Don't forget us in your sincere prayers