Wa maa kaana limu`mininw wa laa mu`minatin izaa qadal laahu wa Rasooluhooo amran ai yakoona lahumul khiyaratu min amrihim; wa mai ya`sil laaha wa Rasoolahoo faqad dalla dalaalam mubeenaa
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan utusane kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepe dhewe sing sapa wonge bangkang parentahing Allah lan utusane, tetela wong mahu sasar temenan
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Dan tidaklah patut bagi laki-laki yang mukmin dan tidak (pula) bagi perempuan yang mukmin, apabila Allah dan Rasul-Nya telah menetapkan suatu ketetapan, akan ada bagi mereka pilihan (yang lain) tentang urusan mereka. Dan barangsiapa mendurhakai Allah dan Rasul-Nya maka sungguhlah dia telah sesat, sesat yang nyata.
ضَلَالًا مُّبِينًا: kesasar kang cetha banget, adoh saka dalan kang bener.
Tafsir ayat:
Ora pantes tumrap wong mukmin lanang utawa wadon, yen Allah lan Rasulullah wis netepake sawijining perkara, dheweke isih duwe pilihan liya kanggo nglakoni utawa ninggalake. Tegese, yen wis ana dhawuh saka Allah lan Rasulullah, ora ana maneh hak milih-milih miturut karepe dhewe. Sing kudu ditindakake yaiku manut lan tunduk marang putusan kasebut kanthi ati legawa. Sapa wae kang ora manut marang Allah lan Rasulullah, mula dheweke wis kesasar adoh saka dalan kang bener, lan kesasare iku cetha banget, ora bisa didhelikake maneh.
Faedah-faedah kang bisa dijupuk:
Iki nuduhake yen iman kang sejati iku kudu dibarengi karo ketaatan marang Allah lan Rasulullah, ora mung ngaku-ngaku mukmin wae.
Ngelengake awake dhewe supaya ora ngetutake hawa nafsu lan pilihan pribadi nalika wis ana dhawuh saka agama.
Menehi pangerten yen manut marang Allah lan Rasulullah iku dalan kanggo keslametan lan kebahagiaan, dene nglawan dheweke iku dalan kesasar.
Nggawe ati luwih tentrem amarga pasrah marang putusane Allah iku tandha iman kang kuwat lan ngundang berkah.
Ngajak kita supaya tansah sinau lan nggoleki ilmu agama, supaya ngerti apa kang dadi dhawuhe Allah lan Rasulullah, banjur nglakoni kanthi ikhlas.
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan utusane kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepe dhewe sing sapa wonge bangkang parentahing Allah lan utusane, tetela wong mahu sasar temenan
Satemene para wong lanang lan wadon Islan, wong lanang lan wadon mukmin, wong lanang lan wadon kang manut dhawuhing Allah, wong langang lan wadon kang setiya tuhu pracaya ing Allah, wong lanang lan wadon teguh antepe anggone ngabekti Allah, wong lanang lan wadon sumungkem ing Allah, wong lanang lan wadon dhemen shodaqoh, wong lanang lan wadon dhemen puasa, wong lanang lan wadon bisa rumeksa dorakaning kawirangan, wong lanang lan wadon dhemen nyebut asmaning Allah, Allah prasetiya bakal ngapura lan maringi ganjaran gedhe marang wong kang wis kasebut mau kabeh
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan utusane kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepe dhewe sing sapa wonge bangkang parentahing Allah lan utusane, tetela wong mahu sasar temenan
(Muhammad)Sira nyaritakna nalikane dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam sarta diwenehi kabungahan dadi wong mardika, "Kowe mengkuwa rabimu (Zainab) lan baktia ong Allah, aja megat bojomu". Sira nyimpen wadi ana ing athinira, Allah ora bakal medharake wadi mahu. Mengkono maneh sira isin marang manungsa, (diarani ngrabeni mantunira dewe). Benere sira luwih wedi ing Allah ngungkuli wedinira marang manungsa. Baerng Zaid wis katekan karepe marang rabine, sarta rabine wis dipegat lan wis keliwat ’iddahe. Sira Ingsun dhahupake oleh Zainab. Supaya para wong mukmin aja duwe pakewuh ngrabeni randhane anak angkat kang wis atut. Lan parentahe Allah iku kudu dilakoni
Ora pakewuh nindakake barang kang wis diparentahake dening Allah. Para nabi zaman biyen uga ora pakewuh nindakake semu barang kang wis diperintahake dening Allah wis pinersthi lan tinamtokake
Surat Al-Ahzab Ayat 36 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan…
Surat Ayat 36/73 — Surat Al-Ahzab الأحزاب (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Ahzab Rungokna, Surat Al-Ahzab Terjemah, Surat Al-Ahzab mp3, Surat Al-Ahzab pdf. Ayat 34–38. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.