Surat Al-Ahzab Arab lan Basa Jawa
Wacanen Surat Al-Ahzab kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (73 Ayat — مدنية). Al-Ahzab Rungokna, Al-Ahzab Terjemah, Al-Ahzab mp3, Al-Ahzab pdf.Wacanen lan Rungokna Surat Al-Ahzab
🎧 Ayat
M
Mishary Rashid Alafasy
✓
Mishary Rashid Alafasy
✓
M
Mahmoud Khalil Al-Husary
✓
Mahmoud Khalil Al-Husary
✓
A
Abdurrahman As-Sudais
✓
Abdurrahman As-Sudais
✓
M
Mohamed Siddiq Al-Minshawi
✓
Mohamed Siddiq Al-Minshawi
✓
A
Abdul Basit Abdul Samad
✓
Abdul Basit Abdul Samad
✓
A
Ali Al-Hudhaify
✓
Ali Al-Hudhaify
✓
A
Ahmed ibn Ali al-Ajamy
✓
Ahmed ibn Ali al-Ajamy
✓
A
Abu Bakr Ash-Shaatree
✓
Abu Bakr Ash-Shaatree
✓
M
Muhammad Ayyoub
✓
Muhammad Ayyoub
✓
A
Abdullah Basfar
✓
Abdullah Basfar
✓
A
Abdullah Al-Juhani
✓
Abdullah Al-Juhani
✓
M
Maher Al Muaiqly
✓
Maher Al Muaiqly
✓
—
x1
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ اتَّقِ اللَّهَ وَلَا تُطِعِ الْكَافِرِينَ وَالْمُنَافِقِينَ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا ١
📖 Terjemah
Ayat 1
He Nabi kang ngondhangake parentah Ingsun, tulusa anggonira bekti ing Allah, aja manut marang wong kafir lan wong kang mangro tingal. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana
وَاتَّبِعْ مَا يُوحَىٰ إِلَيْكَ مِن رَّبِّكَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا ٢
📖 Terjemah
Ayat 2
Sira manuta al-Qur’an kang wis didhawuhake dening Allah Pangeranira marang sira. Satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni
وَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا ٣
📖 Terjemah
Ayat 3
Sira pasraha ing Allah samu barang perkaranira, awit wis cukup Allah piyambak kang ngreksa ing sira
مَّا جَعَلَ اللَّهُ لِرَجُلٍ مِّن قَلْبَيْنِ فِي جَوْفِهِ ۚ وَمَا جَعَلَ أَزْوَاجَكُمُ اللَّائِي تُظَاهِرُونَ مِنْهُنَّ أُمَّهَاتِكُمْ ۚ وَمَا جَعَلَ أَدْعِيَاءَكُمْ أَبْنَاءَكُمْ ۚ ذَٰلِكُمْ قَوْلُكُم بِأَفْوَاهِكُمْ ۖ وَاللَّهُ يَقُولُ الْحَقَّ وَهُوَ يَهْدِي السَّبِيلَ ٤
📖 Terjemah
Ayat 4
Allah ora handokake ati loro ana ong wetenge wong lanang siji, lan ora netepake rabinira kang sira hemperake (biyungira iku dadi biyungira). Apa dene ora handadekake anakira angkat dadi anak ira temen. (He wong Yahudi) kang netepake dadi anak iku mung pangucape cangkemira, iku luput. Dene pangandikaning Allah iku temen nyata. Allah iku paring pituduh dalan kang bener
ادْعُوهُمْ لِآبَائِهِمْ هُوَ أَقْسَطُ عِندَ اللَّهِ ۚ فَإِن لَّمْ تَعْلَمُوا آبَاءَهُمْ فَإِخْوَانُكُمْ فِي الدِّينِ وَمَوَالِيكُمْ ۚ وَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ فِيمَا أَخْطَأْتُم بِهِ وَلَٰكِن مَّا تَعَمَّدَتْ قُلُوبُكُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا ٥
📖 Terjemah
Ayat 5
Sira padha ngaranana sadhengah wong ana kang bapakne temen (dudu bapak angkat) mungguh Allah luwih bener. Dene yen sira ora weruh bapakne temen, sira akuwa sedulur tunggal agama (yen dheweke Islam). Dene yen sadurunge ana papacah iki, anggonira ngarani wong anaking bapakne angkat, ora dadi apa. Nanging sawise ana papacah iki, kelawan jaragan sira kaluputan. Allah kepareng ngapura dosa tur Maha Asih
النَّبِيُّ أَوْلَىٰ بِالْمُؤْمِنِينَ مِنْ أَنفُسِهِمْ ۖ وَأَزْوَاجُهُ أُمَّهَاتُهُمْ ۗ وَأُولُو الْأَرْحَامِ بَعْضُهُمْ أَوْلَىٰ بِبَعْضٍ فِي كِتَابِ اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُهَاجِرِينَ إِلَّا أَن تَفْعَلُوا إِلَىٰ أَوْلِيَائِكُم مَّعْرُوفًا ۚ كَانَ ذَٰلِكَ فِي الْكِتَابِ مَسْطُورًا ٦
📖 Terjemah
Ayat 6
Nabi (Muhammad) iku nguwasani marang para wong mukmin, ngungkuli (wong mukmin anggone nguwasani) marang awake dhewe. Dalah para rabine Nabi benjing dadi biyunge para wong mukmin kabeh (ummahatul mukmin), dene para sanake wong mukmin iku siji - sijining sanak anggone nguwasani marang wong mukmin mahu ngungkuli sanak liyane bab anggone oleh panduman waris. Mawa - mawa adoh cedhake kasebuting hukuming kitab. Ngungkuli waris para wong mukmin lan parasahabat kang handherek hijrah marang Madinah. Kajaba yen sira neja gawe kabecikan washiyat marang wong kang sira asihi kang ora kalebu ahli waris, iku kena. Pernatan kang mangkono iku wis tinulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz)
وَإِذْ أَخَذْنَا مِنَ النَّبِيِّينَ مِيثَاقَهُمْ وَمِنكَ وَمِن نُّوحٍ وَإِبْرَاهِيمَ وَمُوسَىٰ وَعِيسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۖ وَأَخَذْنَا مِنْهُم مِّيثَاقًا غَلِيظًا ٧
📖 Terjemah
Ayat 7
(Muhammad) sira nyeritakna anggoningsun mundhut sasanggemane para Nabi, saka sira tuwin saka Nuh, Ibrahim, Musa, lan Isa bin Maryam kabeh padha ngaturake sesanggemane sarta Ingsun gondheli kukuh
لِّيَسْأَلَ الصَّادِقِينَ عَن صِدْقِهِمْ ۚ وَأَعَدَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا أَلِيمًا ٨
📖 Terjemah
Ayat 8
Ing tembe Allah bakal handangu para Rasul bab temene anggone wis ngungangake parentahe, Allah ngancam siksa neraka kang ngelarani marang para wong kafir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ جَاءَتْكُمْ جُنُودٌ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا وَجُنُودًا لَّمْ تَرَوْهَا ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرًا ٩
📖 Terjemah
Ayat 9
He para wong mukmin, sira padha elinga kebungahan paparingng Allah marang sira (hiya iku nalika perang Khandak) sira tinempuh ing mungsuh kang gogolongan, Ingsun banjur ngididake angin, kanthi bala Malaikat kang tanpa wilangan nanging sira ora weruh. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni
إِذْ جَاءُوكُم مِّن فَوْقِكُمْ وَمِنْ أَسْفَلَ مِنكُمْ وَإِذْ زَاغَتِ الْأَبْصَارُ وَبَلَغَتِ الْقُلُوبُ الْحَنَاجِرَ وَتَظُنُّونَ بِاللَّهِ الظُّنُونَا ١٠
📖 Terjemah
Ayat 10
Dhek semana mungsuh nempuh ing sira, saka dhuwuring jurang lan saka jurang kang ngisor. Sira kinepung ing mungsuh, marep ing ngendi bahe handeleng mungsuh, Saking bangeting kuwatir, atining wong kaya manjuluk tekan ing tengkuk. Penyananing wong marang Allah warna - warna, ana kang ngipta oleh pitulung, lan ana kang nyipta bilahi
هُنَالِكَ ابْتُلِيَ الْمُؤْمِنُونَ وَزُلْزِلُوا زِلْزَالًا شَدِيدًا ١١
📖 Terjemah
Ayat 11
Ing kono para wong mukmin padha dicoba dening Allah saking bangete kuwatir polahe warna - warna
وَإِذْ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ مَّا وَعَدَنَا اللَّهُ وَرَسُولُهُ إِلَّا غُرُورًا ١٢
📖 Terjemah
Ayat 12
SIra nyaritakne nalikane wong mangro tingal (munafik) sarta wong kang atine ana larane padha celathu mangkene, "prasetyaning ALlah lan utusane (aku bakal menang perang) iku ora liya mung ngapusi bahe
وَإِذْ قَالَت طَّائِفَةٌ مِّنْهُمْ يَا أَهْلَ يَثْرِبَ لَا مُقَامَ لَكُمْ فَارْجِعُوا ۚ وَيَسْتَأْذِنُ فَرِيقٌ مِّنْهُمُ النَّبِيَّ يَقُولُونَ إِنَّ بُيُوتَنَا عَوْرَةٌ وَمَا هِيَ بِعَوْرَةٍ ۖ إِن يُرِيدُونَ إِلَّا فِرَارًا ١٣
📖 Terjemah
Ayat 13
Apa dene nalikane wong mangrotingal sapontho padha celathu, "he wong Madinah (Yatsrib), kowe padha muliha menyang omahmu bahe, awit ana peperangan kono saking akehing mungsuh, kowe wis ora duwe panggonan", Ing kono banjur ana wong sapontho banjur pamit marang Nabi (Muhammad), hature, "Kula nyuwun pamit mantuk, amargi griya kula boten santosa". Nanging satemene omahe wong mahu ora kurang santosane. Dene anggone matur kaya mangkono mahu ora liya karepe mung kingguh ora gelem handherek perang
وَلَوْ دُخِلَتْ عَلَيْهِم مِّنْ أَقْطَارِهَا ثُمَّ سُئِلُوا الْفِتْنَةَ لَآتَوْهَا وَمَا تَلَبَّثُوا بِهَا إِلَّا يَسِيرًا ١٤
📖 Terjemah
Ayat 14
Menawa negarane mau dileboni mungsuh saka kiwa tengen, banjur dipeksa dadi kafir mesthi nurut dadi kafir. Nanging anggone tentrem ora nganti lawas. Banjur nemahi rusak
وَلَقَدْ كَانُوا عَاهَدُوا اللَّهَ مِن قَبْلُ لَا يُوَلُّونَ الْأَدْبَارَ ۚ وَكَانَ عَهْدُ اللَّهِ مَسْئُولًا ١٥
📖 Terjemah
Ayat 15
Sadurunge kelakon (Perang Khandak) wong mahu wis padha prasetya ing Allah ora bakal melayu saka ing peperangan. Kang mangka wong prasetya ing ALlah iku bakal didangu apa wis nuhoni prasetyane apa cidra
قُل لَّن يَنفَعَكُمُ الْفِرَارُ إِن فَرَرْتُم مِّنَ الْمَوْتِ أَوِ الْقَتْلِ وَإِذًا لَّا تُمَتَّعُونَ إِلَّا قَلِيلًا ١٦
📖 Terjemah
Ayat 16
(Muhammad) dhawuha, "Menawa kowe melayu neja pnguncati pati utawa kasambut ing peperangan iku ora pisan migunani anggomu urip mungsawatara mongsa bahe
قُلْ مَن ذَا الَّذِي يَعْصِمُكُم مِّنَ اللَّهِ إِنْ أَرَادَ بِكُمْ سُوءًا أَوْ أَرَادَ بِكُمْ رَحْمَةً ۚ وَلَا يَجِدُونَ لَهُم مِّن دُونِ اللَّهِ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا ١٧
📖 Terjemah
Ayat 17
(Muhammad) sira dhawuha, "Menawa Allah ngersakake hala marang kowe, sapa kang bisa ngreksa awakmu, utawa yen Allah kersa parign marang kowe, sapa kang bisa murungake rahmat mahu, manungsa ora bisa oleh handel - handel liyane Allah kang bisa murungake siksaning Allah
۞ قَدْ يَعْلَمُ اللَّهُ الْمُعَوِّقِينَ مِنكُمْ وَالْقَائِلِينَ لِإِخْوَانِهِمْ هَلُمَّ إِلَيْنَا ۖ وَلَا يَأْتُونَ الْبَأْسَ إِلَّا قَلِيلًا ١٨
📖 Terjemah
Ayat 18
Allah nguningani wong kang padha mbujuk wong Islam pangucape marang kancane, "Padha marenana aja melu perang (Nabi Muhammad)". WOng mau hiya kang melu perang (nanging pamrihe mung golek alem) kajaba mung sethithik
أَشِحَّةً عَلَيْكُمْ ۖ فَإِذَا جَاءَ الْخَوْفُ رَأَيْتَهُمْ يَنظُرُونَ إِلَيْكَ تَدُورُ أَعْيُنُهُمْ كَالَّذِي يُغْشَىٰ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِ ۖ فَإِذَا ذَهَبَ الْخَوْفُ سَلَقُوكُم بِأَلْسِنَةٍ حِدَادٍ أَشِحَّةً عَلَى الْخَيْرِ ۚ أُولَٰئِكَ لَمْ يُؤْمِنُوا فَأَحْبَطَ اللَّهُ أَعْمَالَهُمْ ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا ١٩
📖 Terjemah
Ayat 19
Padha medhit metokake bandhane (kanggo mragati perang) nalikane katekan kuwatir padha handeleng ing sira, mripate jelalatan kaya wong arep mati. Bareng wis ilang kuwatire (menang anggone perang) banjur padha ngladaki ing sira kelawan pangucap kang tanpa kering. Padha medhit nglakoni kabecikan. Satemene wong mahu padha ora percaya ing Allah. Mulane Allah ora nganggep anggone rowa - rowa ngelakoni kabecikan. Allah tanpa pekewuh anggone nyirnakake kabecikane wong mahu
يَحْسَبُونَ الْأَحْزَابَ لَمْ يَذْهَبُوا ۖ وَإِن يَأْتِ الْأَحْزَابُ يَوَدُّوا لَوْ أَنَّهُم بَادُونَ فِي الْأَعْرَابِ يَسْأَلُونَ عَنْ أَنبَائِكُمْ ۖ وَلَوْ كَانُوا فِيكُم مَّا قَاتَلُوا إِلَّا قَلِيلًا ٢٠
📖 Terjemah
Ayat 20
Rumangsane mungsuh mahu durung keplayu. Bareng weruh yen mungsuh wis keplayu, rantamane upama mungsuh mahu bali nempuh maneh wong munafik neja ngalimpet menyang alas, Upama wong munafik mahu isih awor sira, geleme mangsah perang hiya mung (murih halem) sethithik
لَّقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا ٢١
📖 Terjemah
Ayat 21
Satemene sira iiku duwe panutan becik hiya iku Rasulullah (Muhammad), iku becik tumrap wong kang ngarep - ngarep ganjaraning Allah sarta wedi siksaning dina Qiyamat. Apadene wong kang akeh elinge ing Allah
وَلَمَّا رَأَى الْمُؤْمِنُونَ الْأَحْزَابَ قَالُوا هَٰذَا مَا وَعَدَنَا اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَصَدَقَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ ۚ وَمَا زَادَهُمْ إِلَّا إِيمَانًا وَتَسْلِيمًا ٢٢
📖 Terjemah
Ayat 22
Wong mukmin bareng padha handeleng mungsuh, banjur padha ngucap, "Hiya iku prasetyaning Allah lan utusane, (Aku bakal tinempuh ing mangsah naning ora dadi) awit prasetyaning Allah lan utusane aku bakal ditulungi mesthi temen. Tekaning mungsuh mahu malah muwuhi pracayaning para wong mukmin lan pasrahe marang Allah
مِّنَ الْمُؤْمِنِينَ رِجَالٌ صَدَقُوا مَا عَاهَدُوا اللَّهَ عَلَيْهِ ۖ فَمِنْهُم مَّن قَضَىٰ نَحْبَهُ وَمِنْهُم مَّن يَنتَظِرُ ۖ وَمَا بَدَّلُوا تَبْدِيلًا ٢٣
📖 Terjemah
Ayat 23
Sawenehing wong mukmin ana kang setya tuhu tetepe sanggemane marang Allah. Dene wong kang setiya tuhu mau ana kang mati ana peperangan lan ana kang mati ana peperangan lan ana uga kang isih ngenteni lan ngarep - arep besuk apa anggone mati perang. Ora ana kang hambalik ngudari sanggemane
لِّيَجْزِيَ اللَّهُ الصَّادِقِينَ بِصِدْقِهِمْ وَيُعَذِّبَ الْمُنَافِقِينَ إِن شَاءَ أَوْ يَتُوبَ عَلَيْهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَّحِيمًا ٢٤
📖 Terjemah
Ayat 24
Allah bakal hangganyar wong kang setiya tuhu, sarta nyiksa wongkang lamis utawa ngapura wong mau manut apa peparinging kersane. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih
وَرَدَّ اللَّهُ الَّذِينَ كَفَرُوا بِغَيْظِهِمْ لَمْ يَنَالُوا خَيْرًا ۚ وَكَفَى اللَّهُ الْمُؤْمِنِينَ الْقِتَالَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ قَوِيًّا عَزِيزًا ٢٥
📖 Terjemah
Ayat 25
Allah hanjugarake pamrihe para mungsuh kafir, kang urip padha mundur kelawan muring - muring ora pisan menang perange. Allah nulungi para wong mukmin ana ing peperangan. Allah iku sentosa tur mulya
وَأَنزَلَ الَّذِينَ ظَاهَرُوهُم مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ مِن صَيَاصِيهِمْ وَقَذَفَ فِي قُلُوبِهِمُ الرُّعْبَ فَرِيقًا تَقْتُلُونَ وَتَأْسِرُونَ فَرِيقًا ٢٦
📖 Terjemah
Ayat 26
Allah ngudhunake para wong kafir kang padha duwe cecekelan Kitab kang padha biyantu marang para mungsuh kafir mahu, diudhunake saka loteng pandhelikane. Sarta padha didunungi duwe ati giris. Wong mahu kang sagolongan padha mati, sagolongan maneh padha dadi boyongan
وَأَوْرَثَكُمْ أَرْضَهُمْ وَدِيَارَهُمْ وَأَمْوَالَهُمْ وَأَرْضًا لَّمْ تَطَئُوهَا ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرًا ٢٧
📖 Terjemah
Ayat 27
Allah ngunhuni warisan marang sira, rupa palemahan lan omah apadene bandha tilas darbeke wong kafir mau mengkono maneh palemahan kang durung sira hambah ing tembe bakal sira rebut kelawan perang. Allah iku nguwasani samu barang
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ قُل لِّأَزْوَاجِكَ إِن كُنتُنَّ تُرِدْنَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا وَزِينَتَهَا فَتَعَالَيْنَ أُمَتِّعْكُنَّ وَأُسَرِّحْكُنَّ سَرَاحًا جَمِيلًا ٢٨
📖 Terjemah
Ayat 28
He Nabi (Muhammad) sira dhawuha marang rabinira, "Menawa kowe padha dhemen kabungahan ing donya lan rerenggan donya, mara padha marenana. Takwenehi apa kang dadi panjalukmu, nanging kowe padha tak pegat kanthi becik
وَإِن كُنتُنَّ تُرِدْنَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَالدَّارَ الْآخِرَةَ فَإِنَّ اللَّهَ أَعَدَّ لِلْمُحْسِنَاتِ مِنكُنَّ أَجْرًا عَظِيمًا ٢٩
📖 Terjemah
Ayat 29
Dene yen kowe padha dhemen ing Allah lan utusane, lan dhemen ganjaran suwarga ing akherat, padha weruha allah wis nyawisi hendi kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik padha dicawisi ganjaran gedhe
يَا نِسَاءَ النَّبِيِّ مَن يَأْتِ مِنكُنَّ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ يُضَاعَفْ لَهَا الْعَذَابُ ضِعْفَيْنِ ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا ٣٠
📖 Terjemah
Ayat 30
(Pangandikane Allah), "He para rabine Nabi (Muhammad) sing sapa ngelakoni zina kang tetela siksane tikel tinimbang wong wadon liyane. Kang mangkono mau ing ngatase Allah gampang banget kelakone
۞ وَمَن يَقْنُتْ مِنكُنَّ لِلَّهِ وَرَسُولِهِ وَتَعْمَلْ صَالِحًا نُّؤْتِهَا أَجْرَهَا مَرَّتَيْنِ وَأَعْتَدْنَا لَهَا رِزْقًا كَرِيمًا ٣١
📖 Terjemah
Ayat 31
Sira kabeh (para rabine nabi) sing sapa manut miturut ing Allah lan utusane sarta nglakoni penggawe becik, Ingsun paringi ganjaran tikel tinimbang wong wadon liyane. Apadene Ingsun sediyan rizki kang mulya ana ing suwarga
يَا نِسَاءَ النَّبِيِّ لَسْتُنَّ كَأَحَدٍ مِّنَ النِّسَاءِ ۚ إِنِ اتَّقَيْتُنَّ فَلَا تَخْضَعْنَ بِالْقَوْلِ فَيَطْمَعَ الَّذِي فِي قَلْبِهِ مَرَضٌ وَقُلْنَ قَوْلًا مَّعْرُوفًا ٣٢
📖 Terjemah
Ayat 32
He para rabine Nabi (Muhammad) sira iku ora mung padha bahe karo para wong wadon kang dudu rabine Nabi. Menawa sira bekti ing Allah, aja ngetokake gandes luwese pangucapira marang wong lanang liya kang tipis Imane mundhak padha kapencut. Ngucapa kang aris bahe (lumrah)
وَقَرْنَ فِي بُيُوتِكُنَّ وَلَا تَبَرَّجْنَ تَبَرُّجَ الْجَاهِلِيَّةِ الْأُولَىٰ ۖ وَأَقِمْنَ الصَّلَاةَ وَآتِينَ الزَّكَاةَ وَأَطِعْنَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ إِنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ لِيُذْهِبَ عَنكُمُ الرِّجْسَ أَهْلَ الْبَيْتِ وَيُطَهِّرَكُمْ تَطْهِيرًا ٣٣
📖 Terjemah
Ayat 33
Lan padha manggona ana ing Omahira, aja padha ngetokake perhiasan (ngedi busana ngedheng marang wong lanang liya). Padha nglakonana sholat lan bayara zakat sarta padha manut mituruta ing Allah lan marang Rasulullah. He para Ahli Bait (isining omahe Nabi) satemene kersaning Alah iku murih sirapadha resika saka dosa, lan kudu nucekak marang sira
وَاذْكُرْنَ مَا يُتْلَىٰ فِي بُيُوتِكُنَّ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ وَالْحِكْمَةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ لَطِيفًا خَبِيرًا ٣٤
📖 Terjemah
Ayat 34
Lanpadha elinga surasaning al-Qur’an ayating Allah lan kawicaksanan kang wis diwaca ana ing omah ira. Satemene Allah iku welas asih sarta waspada
إِنَّ الْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْقَانِتِينَ وَالْقَانِتَاتِ وَالصَّادِقِينَ وَالصَّادِقَاتِ وَالصَّابِرِينَ وَالصَّابِرَاتِ وَالْخَاشِعِينَ وَالْخَاشِعَاتِ وَالْمُتَصَدِّقِينَ وَالْمُتَصَدِّقَاتِ وَالصَّائِمِينَ وَالصَّائِمَاتِ وَالْحَافِظِينَ فُرُوجَهُمْ وَالْحَافِظَاتِ وَالذَّاكِرِينَ اللَّهَ كَثِيرًا وَالذَّاكِرَاتِ أَعَدَّ اللَّهُ لَهُم مَّغْفِرَةً وَأَجْرًا عَظِيمًا ٣٥
📖 Terjemah
Ayat 35
Satemene para wong lanang lan wadon Islan, wong lanang lan wadon mukmin, wong lanang lan wadon kang manut dhawuhing Allah, wong langang lan wadon kang setiya tuhu pracaya ing Allah, wong lanang lan wadon teguh antepe anggone ngabekti Allah, wong lanang lan wadon sumungkem ing Allah, wong lanang lan wadon dhemen shodaqoh, wong lanang lan wadon dhemen puasa, wong lanang lan wadon bisa rumeksa dorakaning kawirangan, wong lanang lan wadon dhemen nyebut asmaning Allah, Allah prasetiya bakal ngapura lan maringi ganjaran gedhe marang wong kang wis kasebut mau kabeh
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَلَا مُؤْمِنَةٍ إِذَا قَضَى اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَمْرًا أَن يَكُونَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ أَمْرِهِمْ ۗ وَمَن يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا مُّبِينًا ٣٦
📖 Terjemah
Ayat 36
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan utusane kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepe dhewe sing sapa wonge bangkang parentahing Allah lan utusane, tetela wong mahu sasar temenan
وَإِذْ تَقُولُ لِلَّذِي أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِ وَأَنْعَمْتَ عَلَيْهِ أَمْسِكْ عَلَيْكَ زَوْجَكَ وَاتَّقِ اللَّهَ وَتُخْفِي فِي نَفْسِكَ مَا اللَّهُ مُبْدِيهِ وَتَخْشَى النَّاسَ وَاللَّهُ أَحَقُّ أَن تَخْشَاهُ ۖ فَلَمَّا قَضَىٰ زَيْدٌ مِّنْهَا وَطَرًا زَوَّجْنَاكَهَا لِكَيْ لَا يَكُونَ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ حَرَجٌ فِي أَزْوَاجِ أَدْعِيَائِهِمْ إِذَا قَضَوْا مِنْهُنَّ وَطَرًا ۚ وَكَانَ أَمْرُ اللَّهِ مَفْعُولًا ٣٧
📖 Terjemah
Ayat 37
(Muhammad)Sira nyaritakna nalikane dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam sarta diwenehi kabungahan dadi wong mardika, "Kowe mengkuwa rabimu (Zainab) lan baktia ong Allah, aja megat bojomu". Sira nyimpen wadi ana ing athinira, Allah ora bakal medharake wadi mahu. Mengkono maneh sira isin marang manungsa, (diarani ngrabeni mantunira dewe). Benere sira luwih wedi ing Allah ngungkuli wedinira marang manungsa. Baerng Zaid wis katekan karepe marang rabine, sarta rabine wis dipegat lan wis keliwat ’iddahe. Sira Ingsun dhahupake oleh Zainab. Supaya para wong mukmin aja duwe pakewuh ngrabeni randhane anak angkat kang wis atut. Lan parentahe Allah iku kudu dilakoni
مَّا كَانَ عَلَى النَّبِيِّ مِنْ حَرَجٍ فِيمَا فَرَضَ اللَّهُ لَهُ ۖ سُنَّةَ اللَّهِ فِي الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلُ ۚ وَكَانَ أَمْرُ اللَّهِ قَدَرًا مَّقْدُورًا ٣٨
📖 Terjemah
Ayat 38
Ora pakewuh nindakake barang kang wis diparentahake dening Allah. Para nabi zaman biyen uga ora pakewuh nindakake semu barang kang wis diperintahake dening Allah wis pinersthi lan tinamtokake
الَّذِينَ يُبَلِّغُونَ رِسَالَاتِ اللَّهِ وَيَخْشَوْنَهُ وَلَا يَخْشَوْنَ أَحَدًا إِلَّا اللَّهَ ۗ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ حَسِيبًا ٣٩
📖 Terjemah
Ayat 39
Para nabi iku wong kang diutus dening Allah. Kabeh padha wedi ing Allah ora wedi sapa - sapa kejaba ing Allah. Wis cukup Allah piyambak kang nyatheti lakune para manungsa
مَّا كَانَ مُحَمَّدٌ أَبَا أَحَدٍ مِّن رِّجَالِكُمْ وَلَٰكِن رَّسُولَ اللَّهِ وَخَاتَمَ النَّبِيِّينَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا ٤٠
📖 Terjemah
Ayat 40
Sejatine Nabi Muhammad iku dudu bapakne wong lanang panunggalira, nanging sejatine utusaning Allah lan panutaning para nabi kabeh. Allah nguningani samu barang
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اذْكُرُوا اللَّهَ ذِكْرًا كَثِيرًا ٤١
📖 Terjemah
Ayat 41
Para Mukmin! Pada nemenna eling nyebut asmane Allah lan zikir sing akeh
وَسَبِّحُوهُ بُكْرَةً وَأَصِيلًا ٤٢
📖 Terjemah
Ayat 42
Nyebuta Maha Suci ing Allah, ing wayah esuk lan sore
هُوَ الَّذِي يُصَلِّي عَلَيْكُمْ وَمَلَائِكَتُهُ لِيُخْرِجَكُم مِّنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۚ وَكَانَ بِالْمُؤْمِنِينَ رَحِيمًا ٤٣
📖 Terjemah
Ayat 43
Allah iku kang welas asih marang sira. Para Malaikate Allah uga padha nyuwunake sih piwalesing Allah marang sira. Supaya Allah metokake saka pepetenging duraka marang padhanging pangabekti. Allah iku welas asih marang para mukmin
تَحِيَّتُهُمْ يَوْمَ يَلْقَوْنَهُ سَلَامٌ ۚ وَأَعَدَّ لَهُمْ أَجْرًا كَرِيمًا ٤٤
📖 Terjemah
Ayat 44
Kurmating Allah (marang para mukmin) nalika padha seba ana ngersaning Allah. Iku (hambagekake) sira padha selamet. Lan nyediani ganjaran suwarga kang mulya
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ إِنَّا أَرْسَلْنَاكَ شَاهِدًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيرًا ٤٥
📖 Terjemah
Ayat 45
He nabi (Muhammad) Ingsun ngutus sira nekseni temene para rasul zaman kuna, lan nekseni hala becike parentahing Allah kabeh, apa dene hambebungah marang para wong mukmin bakal oleh ganjaran suwarga. Sarta ngelengake wong kang maido dhawuhing Allah bakal padha disiksa ana neraka
وَدَاعِيًا إِلَى اللَّهِ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُّنِيرًا ٤٦
📖 Terjemah
Ayat 46
Lan ngajak - ajak ngestokake parentahing Allah kelawan keparenging Allah. Lan minongka obor kang madhangi ana dalaning Allah
وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ بِأَنَّ لَهُم مِّنَ اللَّهِ فَضْلًا كَبِيرًا ٤٧
📖 Terjemah
Ayat 47
Sira bebungaha para mukmin ing tembe bakal diparingi kanugrahan gedhe dening Allah
وَلَا تُطِعِ الْكَافِرِينَ وَالْمُنَافِقِينَ وَدَعْ أَذَاهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا ٤٨
📖 Terjemah
Ayat 48
Sira aja kelu marang wong kafir lan para owng lamis teguha atinira aja males pihalane wong kafir mahu sira mung pasrah ing Allah bahe. WIs cukup Allah kang rumeksa ing sira
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نَكَحْتُمُ الْمُؤْمِنَاتِ ثُمَّ طَلَّقْتُمُوهُنَّ مِن قَبْلِ أَن تَمَسُّوهُنَّ فَمَا لَكُمْ عَلَيْهِنَّ مِنْ عِدَّةٍ تَعْتَدُّونَهَا ۖ فَمَتِّعُوهُنَّ وَسَرِّحُوهُنَّ سَرَاحًا جَمِيلًا ٤٩
📖 Terjemah
Ayat 49
Para mukmin, manawa sira ngrabeni wong wadon mukmin banjur sira pegat sadurunge hatut, sira ora kena mangeni mongsa anggone bakal laki wong wadon mahu. Banjur kena laki padha sanalika. Dene wong wadon kang sirapegat sak durunge hatut mahu wanehana bebungah samurwate (hiya iku kang aran Mata’). Lan sira pegat kelawan becik
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ إِنَّا أَحْلَلْنَا لَكَ أَزْوَاجَكَ اللَّاتِي آتَيْتَ أُجُورَهُنَّ وَمَا مَلَكَتْ يَمِينُكَ مِمَّا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَيْكَ وَبَنَاتِ عَمِّكَ وَبَنَاتِ عَمَّاتِكَ وَبَنَاتِ خَالِكَ وَبَنَاتِ خَالَاتِكَ اللَّاتِي هَاجَرْنَ مَعَكَ وَامْرَأَةً مُّؤْمِنَةً إِن وَهَبَتْ نَفْسَهَا لِلنَّبِيِّ إِنْ أَرَادَ النَّبِيُّ أَن يَسْتَنكِحَهَا خَالِصَةً لَّكَ مِن دُونِ الْمُؤْمِنِينَ ۗ قَدْ عَلِمْنَا مَا فَرَضْنَا عَلَيْهِمْ فِي أَزْوَاجِهِمْ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُمْ لِكَيْلَا يَكُونَ عَلَيْكَ حَرَجٌ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا ٥٠
📖 Terjemah
Ayat 50
He nabi (Muhammad) Ingsun wis marengake marang isra saresmi para rabinira kang wis sira bayar mas kawine. Apadene wong wadon kawula kang kadarbening tanganira. Kang wis diparingake Allah dadi boyongan. Mengkono maneh anake wadon pamanira saka bapa utawa saka biyung kang padha melu ngalih (hijrah marang Madinah) sarta wong wadon mukmin kang nyahosake awake marang sira, ngina ora oleh maskawin, kang mangko sira hiya condhong ngrabeni wong wadon mahu tanpa mas kawin. Mung sira dhewe Ingsun parengake ngrabeni wong wadon kelawan wewehake awake tur tanpa mas kawin. Wong mukmin liyane ora Ingsun parengake. Ingsun wis nguningani kang wis Ingsun temtokake dadi wajibe para wong lanang mukmin tumrap para rabine, lan tumrap wong wadon kawula kang kadarbening tangane. Supaya sira aja pekewuh ngelakoni kang wis Ingsun wenangake. Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih
۞ تُرْجِي مَن تَشَاءُ مِنْهُنَّ وَتُؤْوِي إِلَيْكَ مَن تَشَاءُ ۖ وَمَنِ ابْتَغَيْتَ مِمَّنْ عَزَلْتَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكَ ۚ ذَٰلِكَ أَدْنَىٰ أَن تَقَرَّ أَعْيُنُهُنَّ وَلَا يَحْزَنَّ وَيَرْضَيْنَ بِمَا آتَيْتَهُنَّ كُلُّهُنَّ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا فِي قُلُوبِكُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَلِيمًا ٥١
📖 Terjemah
Ayat 51
(Muhammad) sira kena ngelowongake gilirane rabinira kang sira karepake lan kena awor turu rabinira kang sira karepake, dene menawa banjur sira karepake ora ana pakewuhe, Kang mangkono mahu lereke dadi becik, padha tntrem atine, padha narima pandhumira. ALlah nguningani kerenteking lan lugune atimu, tur ora kesusu niksa
لَّا يَحِلُّ لَكَ النِّسَاءُ مِن بَعْدُ وَلَا أَن تَبَدَّلَ بِهِنَّ مِنْ أَزْوَاجٍ وَلَوْ أَعْجَبَكَ حُسْنُهُنَّ إِلَّا مَا مَلَكَتْ يَمِينُكَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ رَّقِيبًا ٥٢
📖 Terjemah
Ayat 52
(Muhammad), sawise sira rabo wong wadon sanga ( ) iki, ora kena rabi maneh, lan ora kena megat salah sijine rabinira banjur disalini bojo wadon liyane, sanajan kapencut marang ayune wong wadon mahu. Kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira (iku kena) Allah iku nyatethi samubarang
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَدْخُلُوا بُيُوتَ النَّبِيِّ إِلَّا أَن يُؤْذَنَ لَكُمْ إِلَىٰ طَعَامٍ غَيْرَ نَاظِرِينَ إِنَاهُ وَلَٰكِنْ إِذَا دُعِيتُمْ فَادْخُلُوا فَإِذَا طَعِمْتُمْ فَانتَشِرُوا وَلَا مُسْتَأْنِسِينَ لِحَدِيثٍ ۚ إِنَّ ذَٰلِكُمْ كَانَ يُؤْذِي النَّبِيَّ فَيَسْتَحْيِي مِنكُمْ ۖ وَاللَّهُ لَا يَسْتَحْيِي مِنَ الْحَقِّ ۚ وَإِذَا سَأَلْتُمُوهُنَّ مَتَاعًا فَاسْأَلُوهُنَّ مِن وَرَاءِ حِجَابٍ ۚ ذَٰلِكُمْ أَطْهَرُ لِقُلُوبِكُمْ وَقُلُوبِهِنَّ ۚ وَمَا كَانَ لَكُمْ أَن تُؤْذُوا رَسُولَ اللَّهِ وَلَا أَن تَنكِحُوا أَزْوَاجَهُ مِن بَعْدِهِ أَبَدًا ۚ إِنَّ ذَٰلِكُمْ كَانَ عِندَ اللَّهِ عَظِيمًا ٥٣
📖 Terjemah
Ayat 53
Para mukmin, sira aja malebu ngomahe Nabi (Muhammad) kajaba yen sira dililani malebu bakal disuguh panganan. Ora kena tanpa ngenteni weruning sesuguh. Nanging yen sira diadhang banjur padha malebu. Manawa sira wis mangan suguh banjur padha bubara. Aja banjur linggih cecaturan padha kancanira. Awit kang mengkono mahu makewuhi (marang Nabi). Nabi bakal rikuh yen nundhung sira. Nanging Allah ora pakewuh ndhawuhake barang kang bener. Dene manawa sira arep takon apa jaluk apa - apa marang rabine nabi, takona utawa jaluka saka jabaning lawang. Kang mangkon o mahu suci banget tumrap atinira lan atine para rabine nabi. Sira kabeh ora kena gawe resike (Nabi), ora kena ngrabeni randhane selawase. Mungguh Allah mangkono mahu prakara gedhe
إِن تُبْدُوا شَيْئًا أَوْ تُخْفُوهُ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا ٥٤
📖 Terjemah
Ayat 54
Menawa sira gawe seriking nabi kelawan dhedhemitan, apa maneh edheng Allah ora kesamaran, Allah iku nguningani samubarang
لَّا جُنَاحَ عَلَيْهِنَّ فِي آبَائِهِنَّ وَلَا أَبْنَائِهِنَّ وَلَا إِخْوَانِهِنَّ وَلَا أَبْنَاءِ إِخْوَانِهِنَّ وَلَا أَبْنَاءِ أَخَوَاتِهِنَّ وَلَا نِسَائِهِنَّ وَلَا مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُنَّ ۗ وَاتَّقِينَ اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدًا ٥٥
📖 Terjemah
Ayat 55
Para rabine nabi (Muhammad) ora ana pakewuhe takon - takon tanpa aling - aling tumrap karo bapakne dhewe, anake, sedulure lanang, para anake sedulure wadon, para wadon Islam, lan kawula wadon kang kadarbe ing tangane (kabeh kena takon tinakon, tanpa along - aling). Padha bektia ing Allah, Satemene Allah mirsani samubarang
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا ٥٦
📖 Terjemah
Ayat 56
Satemene Allah iku paring rahmat, lan para malaikat uga padha nyuwunake rahmat marang nabi (Muhammad). Para mukmin kabeh padha mocaa shalawat nyuwunake rahmating Allah marang nabi (Muhammad) lan padha nyuwuna salaming ALlah marang nabi (Muhammad)
إِنَّ الَّذِينَ يُؤْذُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ لَعَنَهُمُ اللَّهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَأَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا مُّهِينًا ٥٧
📖 Terjemah
Ayat 57
Sarupaning wong kang nyerikake Allah lan utusane (wong kafir padha ngarani ora becik marang Allah lan maido marang utusane), padha kena benduning Allah ing donya lan akhirat lan padha dihancam siksa neraka kang ngremehake
وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوا فَقَدِ احْتَمَلُوا بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُّبِينًا ٥٨
📖 Terjemah
Ayat 58
Sarupaning wong kang nyerikake wong lanang lan wadon mukmin nyana hala, satemene ora. Tetela padha mikul dosa goroh lan durhaka
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ قُل لِّأَزْوَاجِكَ وَبَنَاتِكَ وَنِسَاءِ الْمُؤْمِنِينَ يُدْنِينَ عَلَيْهِنَّ مِن جَلَابِيبِهِنَّ ۚ ذَٰلِكَ أَدْنَىٰ أَن يُعْرَفْنَ فَلَا يُؤْذَيْنَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا ٥٩
📖 Terjemah
Ayat 59
He nabi (Muhammad) sira dhawuha marang rabinira lan para anakira wadon apa dene marang rabine wong mukmin, padha nutupa wajahe kelawan mukena. Luwih prayoga tinimbang umbar - umbaran dineleng, dadi ora dicacat. Allah hangapura tur Maha Asih
۞ لَّئِن لَّمْ يَنتَهِ الْمُنَافِقُونَ وَالَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ وَالْمُرْجِفُونَ فِي الْمَدِينَةِ لَنُغْرِيَنَّكَ بِهِمْ ثُمَّ لَا يُجَاوِرُونَكَ فِيهَا إِلَّا قَلِيلًا ٦٠
📖 Terjemah
Ayat 60
Wong kang padha lamis manawa ora marena anggone lamis lan wong kang atine ana lelarane dhemen zina. Apa dene wong Madinah kang padha mratakake warta hala tur goroh iku bakal padha Ingsun helungake marang kuwasanira. Sawise mangkono kang isih lestari awor sira ana ing Madinah mung sethithik
مَّلْعُونِينَ ۖ أَيْنَمَا ثُقِفُوا أُخِذُوا وَقُتِّلُوا تَقْتِيلًا ٦١
📖 Terjemah
Ayat 61
Ana ing ngendi wae wong mahu padha kena benduning Allah padha dicekel lan dipateni
سُنَّةَ اللَّهِ فِي الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلُ ۖ وَلَن تَجِدَ لِسُنَّةِ اللَّهِ تَبْدِيلًا ٦٢
📖 Terjemah
Ayat 62
Kang mankono mahu wis dadi pranataning Allah tumrap para nabi ing zaman kuna biyen lan para ummate. Pranataning Allah ora ana kang bisa ngowahi
يَسْأَلُكَ النَّاسُ عَنِ السَّاعَةِ ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِندَ اللَّهِ ۚ وَمَا يُدْرِيكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ تَكُونُ قَرِيبًا ٦٣
📖 Terjemah
Ayat 63
Akeh wong kang padha takon besuk apa kelakone dina qiyamat ? Wangsulana, "Kang nguningani mung Allah piyambak". Bokmenawa dina qiyamat iku wis cedhak kelakone
إِنَّ اللَّهَ لَعَنَ الْكَافِرِينَ وَأَعَدَّ لَهُمْ سَعِيرًا ٦٤
📖 Terjemah
Ayat 64
Satemene Allah hambendoni marang wong kafir. Sarta ngancam bakal niksa wong kafir ana ing neraka Sa’ir
خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ لَّا يَجِدُونَ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا ٦٥
📖 Terjemah
Ayat 65
Wong kafir maua ana ing neraka Sa’ir padha langgeng salawase, ora bisa holeh handel - handel (kang bisa nulungi) murungake siksa mahu
يَوْمَ تُقَلَّبُ وُجُوهُهُمْ فِي النَّارِ يَقُولُونَ يَا لَيْتَنَا أَطَعْنَا اللَّهَ وَأَطَعْنَا الرَّسُولَا ٦٦
📖 Terjemah
Ayat 66
Ing dina rahine para wong kafir padha dijungkelake ana neraka, sambate adhuh! Bok ya saiki aku diparengake ngabekti ing Allah, lan manut miturut marang utusane
وَقَالُوا رَبَّنَا إِنَّا أَطَعْنَا سَادَتَنَا وَكُبَرَاءَنَا فَأَضَلُّونَا السَّبِيلَا ٦٧
📖 Terjemah
Ayat 67
Padha munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika manut dhateng para pangageng ingkang dado pangajeng wahu sami nasaraken dhumateng kawula saking margi ingkang leres
رَبَّنَا آتِهِمْ ضِعْفَيْنِ مِنَ الْعَذَابِ وَالْعَنْهُمْ لَعْنًا كَبِيرًا ٦٨
📖 Terjemah
Ayat 68
Dhuh Pangeran kawula, para pangajeng wahu mugi Panjenengan patrapi siksa tikel kalih tinimbang kawula, sarta mugi panjangan dhawuhi bebendu ingkang ageng
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ آذَوْا مُوسَىٰ فَبَرَّأَهُ اللَّهُ مِمَّا قَالُوا ۚ وَكَانَ عِندَ اللَّهِ وَجِيهًا ٦٩
📖 Terjemah
Ayat 69
Para Mukmin, sira aja (kaya Qorun sakancane kang padha nyana hala) nyerik - nyerikake marang Musa. Allah banjur gelarake tandha yekti resike Musa saka panerkane. Musa mahu ana ngarsane Allah pangkate gedhe
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا ٧٠
📖 Terjemah
Ayat 70
Para Mukmin, padha bektia ing Allah lan padha celathu kang bener
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا ٧١
📖 Terjemah
Ayat 71
Allah bakal nganggep lan ganjar lakunira kang becik. Sarta ngapura kaluputanira, Sing sapa manutu miturut ing Allah lan utusane iku tetep entuk kabegjan gedhe
إِنَّا عَرَضْنَا الْأَمَانَةَ عَلَى السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَالْجِبَالِ فَأَبَيْنَ أَن يَحْمِلْنَهَا وَأَشْفَقْنَ مِنْهَا وَحَمَلَهَا الْإِنسَانُ ۖ إِنَّهُ كَانَ ظَلُومًا جَهُولًا ٧٢
📖 Terjemah
Ayat 72
Ingsun nawakake sasanggeman marang bumi lan langit dene marang gunung - gunung nanging kabeh mau padha ora sanggem nampani, kuwatir bokmanawa ora bisa netepi sasanggemane. Hewa dene titipan mau banjur disanggemi manungsa, (Nabi Adam). Dadi manungsa iku tetep nganiaya marang awake dhewe sarta bodho
لِّيُعَذِّبَ اللَّهُ الْمُنَافِقِينَ وَالْمُنَافِقَاتِ وَالْمُشْرِكِينَ وَالْمُشْرِكَاتِ وَيَتُوبَ اللَّهُ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا ٧٣
📖 Terjemah
Ayat 73
Allah bakal niksa wong lanang wadon lamis, lan wong lanang wadon kang mangro - tingal. Mangkono uga anggone bakal ngapura wong lanang lan wadon mukmin, Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih
Waca Surat Al-Ahzab Basa Jawa – Terjemah lan Audio
Al-Quran
Tuesday, August 18, 2026
Don't forget us in your sincere prayers

