📖 0/604 kaca diwaca
📄 526
Surat An-Najm

Surat An-Najm

53:2
مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمۡ وَمَا غَوَىٰ ٢
Kancanira (Muhammad) iku ora pisan kesasar lan ora ngawur
53:3
وَمَا يَنطِقُ عَنِ ٱلۡهَوَىٰٓ ٣
Lamg dingendikaake (Muhammad yoiku Al-Quran) dudu sakarepe dhewe
53:6
ذُو مِرَّةٍ فَٱسۡتَوَىٰ ٦
Kang duwe akal lantip lan (Jibril mau) ngetokake rupane kang sejati (nalika Muhammad Mi’roj)
53:7
وَهُوَ بِٱلۡأُفُقِ ٱلۡأَعۡلَىٰ ٧
Lan nalikane dheweke (Muhammad) ana ing panggonan mletheke srengenge (ufuk kang dhuwur)
53:8
ثُمَّ دَنَا فَتَدَلَّىٰ ٨
Tumuli dheweke (Jibril) nyedhak marang (Muhammad) sangsaya nyedhak
53:9
فَكَانَ قَابَ قَوۡسَيۡنِ أَوۡ أَدۡنَىٰ ٩
Chedake nganti padha karo anak panah loro utawa luwih cedhak maneh
53:10
فَأَوۡحَىٰٓ إِلَىٰ عَبۡدِهِۦ مَآ أَوۡحَىٰ ١٠
Allah dhawuhake wahyu marang kawulane (Muhammad) hiya iku kang didhawuhake lumantar (Jibril)
53:11
مَا كَذَبَ ٱلۡفُؤَادُ مَا رَأَىٰٓ ١١
Atine (Muhammad) ora maido rupane (Jibril) kang wis dideleng (ana guwa Hira)
53:12
أَفَتُمَٰرُونَهُۥ عَلَىٰ مَا يَرَىٰ ١٢
He wong kang mangro tinal, ya gene sira madoni (Muhammad) anggone deleng (weruh Jibril)
53:13
وَلَقَدۡ رَءَاهُ نَزۡلَةً أُخۡرَىٰ ١٣
Lan satemene Muhammad wis weruh Jibril (rupane kang sejati) ana wektu liya
53:14
عِندَ سِدۡرَةِ ٱلۡمُنتَهَىٰ ١٤
Yaiku ana ing sidratil Muntaha (panggonan kang dhuwur dhewe ana langit nomer sing diweruhi Nabi Muhammad nalika mi’roj)
53:16
إِذۡ يَغۡشَى ٱلسِّدۡرَةَ مَا يَغۡشَىٰ ١٦
(Muhammad pirsa Jibril) nalika sidratil Muntaha mau ana kang nutupi
53:18
لَقَدۡ رَأَىٰ مِنۡ ءَايَٰتِ رَبِّهِ ٱلۡكُبۡرَىٰٓ ١٨
Satemene Muhammad wis pirsa sebagian tandha - tandha (kekuasaane) Pangerane kang agung
53:19
أَفَرَءَيۡتُمُ ٱللَّٰتَ وَٱلۡعُزَّىٰ ١٩
Padha kondhoa, "Piye panemumu mungguh brahala kang aran Lata lan ’Uzza
53:20
وَمَنَوٰةَ ٱلثَّالِثَةَ ٱلۡأُخۡرَىٰٓ ٢٠
Lan brahala telu liyane, apa hiya padha duwe kuasa kaya kuasane Allah? (ora)
53:21
أَلَكُمُ ٱلذَّكَرُ وَلَهُ ٱلۡأُنثَىٰ ٢١
Apa nyata, sarupane bocah lanang iku anakira, dene bocah wadon putrane Allah
53:23
إِنۡ هِيَ إِلَّآ أَسۡمَآءٌ سَمَّيۡتُمُوهَآ أَنتُمۡ وَءَابَآؤُكُم مَّآ أَنزَلَ ٱللَّهُ بِهَا مِن سُلۡطَٰنٍۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا ٱلظَّنَّ وَمَا تَهۡوَى ٱلۡأَنفُسُۖ وَلَقَدۡ جَآءَهُم مِّن رَّبِّهِمُ ٱلۡهُدَىٰٓ ٢٣
Kabeh kang wis kasebut mau mung jeneng dianggo jenengake brahala, kang jenengake kowe lan leluhurmu. Allah ora nurunake dhawuh nyembah brahala mau, Anggonmu paha nyembah brahala mau mung nuruti panyana lan karepa ati kang kena panggodhaning seta. Tur wis padha diparingi pituduh dening Allah marang dheweke
53:25
فَلِلَّهِ ٱلۡأٓخِرَةُ وَٱلۡأُولَىٰ ٢٥
kelakone samu barang ana donya lan akherat iku ana kuasane Allah
53:26
۞ وَكَم مِّن مَّلَكٍ فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ لَا تُغۡنِي شَفَٰعَتُهُمۡ شَيۡـًٔا إِلَّا مِنۢ بَعۡدِ أَن يَأۡذَنَ ٱللَّهُ لِمَن يَشَآءُ وَيَرۡضَىٰٓ ٢٦
Piro wae akehe Malaikat ing langit kang syafa’ate ora migunani kejaba yen diparengake nyafa’ati wong kang dadi keparenge Allah
العربيةEnglishBahasa IndonesiaTürkçeРусскийفارسیFrançaisاردوবাংলাDeutschEspañol中文हिन्दीPortuguêsItalianoภาษาไทยPolskiNederlandsShqipKiswahiliO'zbekதமிழ்MelayuBosanskiSoomaaliAzərbaycanکوردی한국어日本語SvenskaDanskNorskپښتوമലയാളംසිංහලTamazightHausaአማርኛБългарскиТоҷикӣҚазақшаFilipinoسنڌيYorùbáFulfuldeТатарчаئۇيغۇرچەКыргызчаਪੰਜਾਬੀJawaతెలుగుမြန်မာગુજરાતીOromoमराठीTiếng ViệtMalagasyНохчийнWolofދިވެހިಕನ್ನಡУкраїнськаΕλληνικάქართულიខ្មែរدریQafar afMaranaoनेपाली
Al-Quran
Sunday, August 30, 2026
Don't forget us in your sincere prayers







