La sourate Al-Hijr en Javanais

  1. mp3 sourate
  2. Plus
  3. Javanais
Le Saint Coran | Traduction du Coran | Langue Javanais | Sourate Al-Hijr | - Nombre de versets 99 - Le numéro de la sourate dans le mushaf: 15 - La signification de la sourate en English: Al-Hijr City.

الر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ وَقُرْآنٍ مُّبِينٍ(1)

 Ingsun Allah, Ingkang-Amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitabb sarta Quranc kang agawé terang

رُّبَمَا يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ كَانُوا مُسْلِمِينَ(2)

 Kerep baé para kang padha kafir angajab lamuna mauné padha dadi Muslimin

ذَرْهُمْ يَأْكُلُوا وَيَتَمَتَّعُوا وَيُلْهِهِمُ الْأَمَلُ ۖ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ(3)

 Padha togna baé, cikbèn padha mangan lan seneng-seneng sarta dhèwèké padha ébra pangarep-arep, amarga dhèwèké bakal énggal padha weruh

وَمَا أَهْلَكْنَا مِن قَرْيَةٍ إِلَّا وَلَهَا كِتَابٌ مَّعْلُومٌ(4)

 Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhaké marang iki

مَّا تَسْبِقُ مِنْ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُونَ(5)

 Ora ana umat bisa anggégé mangsané kang wus tinamtokaké lan ora bisa nyumenèkaké

وَقَالُوا يَا أَيُّهَا الَّذِي نُزِّلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ إِنَّكَ لَمَجْنُونٌ(6)

 Dhèwèké padha calathu: É, wong kang tinurunan Pépéling, sayekti kowé iku édan temen

لَّوْ مَا تَأْتِينَا بِالْمَلَائِكَةِ إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(7)

 Yagéné kowé ora anekakaké para malaikat marang aku kéné manawa kowé golongané para wong temen

مَا نُنَزِّلُ الْمَلَائِكَةَ إِلَّا بِالْحَقِّ وَمَا كَانُوا إِذًا مُّنظَرِينَ(8)

 Ingsun anurunaké para mala- ikat iku ora liya kajaba kalawan yakti, lan tumuli dhèwèké padha ora disumenèkaké

إِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ(9)

 Sayekti, Ingsun wus anurun- aké Pépéling, lan sayekti iku temen Ingsun kang rumeksa

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مِن قَبْلِكَ فِي شِيَعِ الْأَوَّلِينَ(10)

 Lan sayekti temen Ingsun wus angutus ing saduru- ngira ing bangsa kang dhisik- dhisik

وَمَا يَأْتِيهِم مِّن رَّسُولٍ إِلَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ(11)

 Lan ora kena ora saben ana sawijining utusan tumeka marang dhèwèké, iku masthi padha di- guguyu

كَذَٰلِكَ نَسْلُكُهُ فِي قُلُوبِ الْمُجْرِمِينَ(12)

 Kaya mangkono iku Ingsun lebokaké ing ati-atiné para wong duraka

لَا يُؤْمِنُونَ بِهِ ۖ وَقَدْ خَلَتْ سُنَّةُ الْأَوَّلِينَ(13)

 Marang iku dhèwèké padha ora angèstu, lan temen wus katatalan lakuné para wong kang dhisik-dhisik

وَلَوْ فَتَحْنَا عَلَيْهِم بَابًا مِّنَ السَّمَاءِ فَظَلُّوا فِيهِ يَعْرُجُونَ(14)

 Lan sanajan ta dhèwèké padha Ingsun wenganana lawang ing langit, tumuli nganti suwé padha munggah ing kono

لَقَالُوا إِنَّمَا سُكِّرَتْ أَبْصَارُنَا بَلْ نَحْنُ قَوْمٌ مَّسْحُورُونَ(15)

 Amasthi bakal padha calathu: Mripatku mung padha kesérup, malah aku kabèh iki sawijining bangsa kang kena ing kemayan

وَلَقَدْ جَعَلْنَا فِي السَّمَاءِ بُرُوجًا وَزَيَّنَّاهَا لِلنَّاظِرِينَ(16)

 Lan sayekti temen, Ingsun wus andadèkaké pikuwat-pikuwat ana ing langit sarta iku Ingsun katonaké asri tumrap para kang andeleng

وَحَفِظْنَاهَا مِن كُلِّ شَيْطَانٍ رَّجِيمٍ(17)

 Sarta iku Ingsun reksa saka sarupané sétan kang sinikokaké

إِلَّا مَنِ اسْتَرَقَ السَّمْعَ فَأَتْبَعَهُ شِهَابٌ مُّبِينٌ(18)

 Ananging sapa sing nyolong pangrungu, iku urub kang padhang banjur anututi dhèwèké

وَالْأَرْضَ مَدَدْنَاهَا وَأَلْقَيْنَا فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنبَتْنَا فِيهَا مِن كُلِّ شَيْءٍ مَّوْزُونٍ(19)

 Lan bumi – iku Ingsun gelar, sarta Ingsun andokoki gunung kukuh ing kono apa déné ana ing kono Ingsun anuwuhaké samu- barang kalawan timbangan kang trep

وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ وَمَن لَّسْتُمْ لَهُ بِرَازِقِينَ(20)

 Lan ana ing kono Ingsun wus andadèkaké sarana-sarananing pa- nguripan tumrap marang sira lan tumrap sapa-sapa kang dudu sira kang angrejekèni

وَإِن مِّن شَيْءٍ إِلَّا عِندَنَا خَزَائِنُهُ وَمَا نُنَزِّلُهُ إِلَّا بِقَدَرٍ مَّعْلُومٍ(21)

 Lan ora ana sawijining barang baé kang gedhong pasim- penané ora ana ing Ingsun, sarta iku ora Ingsun turunaké kajaba kalawan pamurwat kang wus kawruhan

وَأَرْسَلْنَا الرِّيَاحَ لَوَاقِحَ فَأَنزَلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَسْقَيْنَاكُمُوهُ وَمَا أَنتُمْ لَهُ بِخَازِنِينَ(22)

 Lan Ingsun angutus angin kang anyuburaké tumuli Ingsun anurunaké banyu saka ing men- dhung, banjur iku Ingsun gawé ombènira, sarta iku dudu sira kang anyimpen

وَإِنَّا لَنَحْنُ نُحْيِي وَنُمِيتُ وَنَحْنُ الْوَارِثُونَ(23)

 Lan sayekti, temen Ingsun kang agawé urip lan agawé pati sarta Ingsun kang dadi Waris

وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَقْدِمِينَ مِنكُمْ وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَأْخِرِينَ(24)

 Lan temen Ingsun anguda- nèni sira kang padha ndhisiki sarta temen Ingsun angudanèni kang angèrèni

وَإِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَحْشُرُهُمْ ۚ إِنَّهُ حَكِيمٌ عَلِيمٌ(25)

 Lan sayekti, Pangéranira, iku bakal angimpun dhèwèké; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Angudanéni

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ مِن صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَإٍ مَّسْنُونٍ(26)

 Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké manusa saka lempung garing, saka endhut ireng kang winangun

وَالْجَانَّ خَلَقْنَاهُ مِن قَبْلُ مِن نَّارِ السَّمُومِ(27)

 Lan jin, iku ing sadurungé, wus Ingsun dadèkaké saka geni kang banget panasé

وَإِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي خَالِقٌ بَشَرًا مِّن صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَإٍ مَّسْنُونٍ(28)

 Lan nalikané Pangéranira angandika marang para malaikat:a Sayekti, Ingsun andadèkaké ma- nusa saka lempung garing, saka endhut ireng, kang winangun

فَإِذَا سَوَّيْتُهُ وَنَفَخْتُ فِيهِ مِن رُّوحِي فَقَعُوا لَهُ سَاجِدِينَ(29)

 Bareng iku wus Ingsun gawé ganep langkep sarta ing jeroné wus Ingsun tiyup sarana ruh-Ingsun, padha tumundhuka marang dhè- wèké, sumujud.a

فَسَجَدَ الْمَلَائِكَةُ كُلُّهُمْ أَجْمَعُونَ(30)

 Tumuli padha sujud sakèhing malaikat kabèh

إِلَّا إِبْلِيسَ أَبَىٰ أَن يَكُونَ مَعَ السَّاجِدِينَ(31)

 Ananging Iblis ora;b emoh dadi golongané kang padha sujud

قَالَ يَا إِبْلِيسُ مَا لَكَ أَلَّا تَكُونَ مَعَ السَّاجِدِينَ(32)

 Panjenengané angandika: É, Iblis! apa karanané, déné kowé padha ora dadi golongané kang padha sujud

قَالَ لَمْ أَكُن لِّأَسْجُدَ لِبَشَرٍ خَلَقْتَهُ مِن صَلْصَالٍ مِّنْ حَمَإٍ مَّسْنُونٍ(33)

 Unjuké: Boten badhé kula punika sumujuda dhateng manusa, ingkang Tuwan dadosaken saking lempung garing, saking endhut cemeng ingkang winangun

قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَإِنَّكَ رَجِيمٌ(34)

 Pangandikané: lah metua saka ing kono, awit sayekti, sira iku katundhung

وَإِنَّ عَلَيْكَ اللَّعْنَةَ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّينِ(35)

 Lan sayekti, wewelak tumiba marang sira tumeka ing dina pancasan

قَالَ رَبِّ فَأَنظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ(36)

 Unjuké: Pangéran kawula! mila mugi aparing sumené ing kawula dumugi ing dintenipun piyambakipun sami tinangèk- aken

قَالَ فَإِنَّكَ مِنَ الْمُنظَرِينَ(37)

 Pangandikanipun: Lah sayek- ti, sira iku kagolong para kang pinaringan sumené

إِلَىٰ يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُومِ(38)

 Tumeka dinaa wayah kang wus kawruhan

قَالَ رَبِّ بِمَا أَغْوَيْتَنِي لَأُزَيِّنَنَّ لَهُمْ فِي الْأَرْضِ وَلَأُغْوِيَنَّهُمْ أَجْمَعِينَ(39)

 Unjuké: Pangéran kawula! sarèhning Tuwan sampun mancasi kawula dhumawah ing sasar, saèstu, awon badhé kawula damel anengsemaken tumrap piyambak- ipun wonten ing bumi, sarta saèstu kawula badhé anasaraken piyam- bakipun sadaya

إِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِينَ(40)

 Kajawi para kawula Tuwan saking golonganipun, ingkang sami sinuci

قَالَ هَٰذَا صِرَاطٌ عَلَيَّ مُسْتَقِيمٌ(41)

 Pangandikané: Iki dalan jejeg ingatasé Ingsun

إِنَّ عِبَادِي لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطَانٌ إِلَّا مَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْغَاوِينَ(42)

 Sayekti, para kawula-Ningsun, iku sira ora duwé kawasa tumrap marang dhèwèké, kajaba para sasar kang padha manut ing sira

وَإِنَّ جَهَنَّمَ لَمَوْعِدُهُمْ أَجْمَعِينَ(43)

 Lan sayekti, naraka iku eng- gon kang dijanjèkaké ing dhèwèké kabèh

لَهَا سَبْعَةُ أَبْوَابٍ لِّكُلِّ بَابٍ مِّنْهُمْ جُزْءٌ مَّقْسُومٌ(44)

 Iku ana koriné pitu; siji- sijining kori kabubuhan dhèwèké sabagéan kang pinantha

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ(45)

 Sayekti para wong bekti iku bakal padha ana ing sajroning patamanan sarta susumberan

ادْخُلُوهَا بِسَلَامٍ آمِنِينَ(46)

 Padha lumebua mrono kala- wan rahayu, tentrem

وَنَزَعْنَا مَا فِي صُدُورِهِم مِّنْ غِلٍّ إِخْوَانًا عَلَىٰ سُرُرٍ مُّتَقَابِلِينَ(47)

 Lan Ingsun bakal ambirat apa kang ana ing dhadhané kang arupa pangunek-unek __ kaya sadulur, ana ing dhampar padha arep-arepan

لَا يَمَسُّهُمْ فِيهَا نَصَبٌ وَمَا هُم مِّنْهَا بِمُخْرَجِينَ(48)

 Ana ing kono sayah ora bakal angenani dhèwèké sarta ora bakal padha diwetokaké saka ing ko- no

۞ نَبِّئْ عِبَادِي أَنِّي أَنَا الْغَفُورُ الرَّحِيمُ(49)

 Wartanana para kawula-Ning- sun manawa Ingsun iku Ingkang- Aparamarta, Ingkang-Mahaasih

وَأَنَّ عَذَابِي هُوَ الْعَذَابُ الْأَلِيمُ(50)

 Lan manawa siksa-Ningsun iku siksa kang anglarani

وَنَبِّئْهُمْ عَن ضَيْفِ إِبْرَاهِيمَ(51)

 Lan padha wartanana prakara dhayoh-dhayohé Ibrahim

إِذْ دَخَلُوا عَلَيْهِ فَقَالُوا سَلَامًا قَالَ إِنَّا مِنكُمْ وَجِلُونَ(52)

 Nalika padha malebu marang panggonané banjur padha acala- thu: Rahayu. Wangsulané: Saèstu, kula ajrih dhateng panjenengan

قَالُوا لَا تَوْجَلْ إِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلَامٍ عَلِيمٍ(53)

 Padha calathu: Sampun sam- péyan ajrih, saèstu, kula suka wartos bibingah dhateng sampé- yan, sampéyan badhé sinungan putra jaler, sugih kawruh

قَالَ أَبَشَّرْتُمُونِي عَلَىٰ أَن مَّسَّنِيَ الْكِبَرُ فَبِمَ تُبَشِّرُونَ(54)

 Calathuné: Kados pundi pan- jenengan aparing wartos bibingah ing kalanipun kula sampun dumugi umur sepuh? __ Lah, punapa ta baya wartos bibi- ngah ingkang panjenengan paring- aken kula

قَالُوا بَشَّرْنَاكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُن مِّنَ الْقَانِطِينَ(55)

 Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampéyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampéyan dados èwoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng

قَالَ وَمَن يَقْنَطُ مِن رَّحْمَةِ رَبِّهِ إِلَّا الضَّالُّونَ(56)

 Calathuné: Lan sinten ing- kang putung pangajeng-ajengipun dhateng wilasaning Pangéranipun kajawi para tiyang sasar

قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ أَيُّهَا الْمُرْسَلُونَ(57)

 Calathuné: lajeng punapa perlu panjenengan, dhuh para utusan

قَالُوا إِنَّا أُرْسِلْنَا إِلَىٰ قَوْمٍ مُّجْرِمِينَ(58)

 Padha calathu: Saèstu, kula sami dipun utus dhateng ing umat ingkang sami duraka

إِلَّا آلَ لُوطٍ إِنَّا لَمُنَجُّوهُمْ أَجْمَعِينَ(59)

 Kajawi para pandhèrèkipuna Luth:b Saèstu, punika sami badhé kula wilujengaken sadaya

إِلَّا امْرَأَتَهُ قَدَّرْنَا ۙ إِنَّهَا لَمِنَ الْغَابِرِينَ(60)

 Kajawi rabinipun; sampun kula tamtokaken, saèstu piyambak- ipun kalebet golonganipun para ingkang sami kantun

فَلَمَّا جَاءَ آلَ لُوطٍ الْمُرْسَلُونَ(61)

 Bareng para utusan tumeka marang pandhèrèké Luth,c

قَالَ إِنَّكُمْ قَوْمٌ مُّنكَرُونَ(62)

 Dhèwèké calathu: Saèstu, panjenengan punika titiyang ing- kang boten kasumerepan

قَالُوا بَلْ جِئْنَاكَ بِمَا كَانُوا فِيهِ يَمْتَرُونَ(63)

 Padha calathu: O, dhateng kula ing ngriki kalayan barang ingkang ing ngriku piyambakipun sami amabeni

وَأَتَيْنَاكَ بِالْحَقِّ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ(64)

 Sarta anggèn kula andhatengi sampéyan punika kalayan yakti tuwin kula punika saèstu sami temen

فَأَسْرِ بِأَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ اللَّيْلِ وَاتَّبِعْ أَدْبَارَهُمْ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنكُمْ أَحَدٌ وَامْضُوا حَيْثُ تُؤْمَرُونَ(65)

 Milanipun sampéyan késah kaliyan pandhèrèkd sampéyan ing péranganing dalu sarta sampéyan kinthil wingkingipun, punapa déné sampéyan sadaya sampun ngantos wonten satunggal kémawon ing- kang tumolih, sarta sampéyan terus dhateng pundi ingkang kaparén- tahaken dhateng sampéyan

وَقَضَيْنَا إِلَيْهِ ذَٰلِكَ الْأَمْرَ أَنَّ دَابِرَ هَٰؤُلَاءِ مَقْطُوعٌ مُّصْبِحِينَ(66)

 Lan Ingsun wedharaké ma- rang dhèwèké pancasan iki, yaiku oyodé iki bakal dikethok ing wayah bangun

وَجَاءَ أَهْلُ الْمَدِينَةِ يَسْتَبْشِرُونَ(67)

 Lan wong-wong kutha padha teka, abungah-bungah

قَالَ إِنَّ هَٰؤُلَاءِ ضَيْفِي فَلَا تَفْضَحُونِ(68)

 Dhèwèké calathu: Sayekti iki dhayoh-dhayohku, mulané aja kowé padha agawé nisthaku

وَاتَّقُوا اللَّهَ وَلَا تُخْزُونِ(69)

 Sarta padha diprayitna ma- rang Allah tuwin aja padha amirangaké aku

قَالُوا أَوَلَمْ نَنْهَكَ عَنِ الْعَالَمِينَ(70)

 Padha calathu: Apa aku ora wis padha anglarangi kowé tumrap wong-wong

قَالَ هَٰؤُلَاءِ بَنَاتِي إِن كُنتُمْ فَاعِلِينَ(71)

 Dhèwèké calathu: Iki lho anak-anakku wadon, manawa kowé padha arep agawé

لَعَمْرُكَ إِنَّهُمْ لَفِي سَكْرَتِهِمْ يَعْمَهُونَ(72)

 Dhemi umurira! sayekti dhè- wèké iku padha bingung mak- makan ing dalem mendemé

فَأَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ مُشْرِقِينَ(73)

 Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah mlethèking sréngéngé

فَجَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّن سِجِّيلٍ(74)

 Tumuli Ingsun walik, lumahé dadi dhasaré sarta Ingsun udani watu kaya kang wus dadi pan- casan.b

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّلْمُتَوَسِّمِينَ(75)

 Sayekti, ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha aniti-niti

وَإِنَّهَا لَبِسَبِيلٍ مُّقِيمٍ(76)

 Lan iku sayekti ana ing dadalan kang isih ana

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِّلْمُؤْمِنِينَ(77)

 Sayekti, ing kono iku temen ana tandha tumrap para angèstu

وَإِن كَانَ أَصْحَابُ الْأَيْكَةِ لَظَالِمِينَ(78)

 Lan wong kang padha dudu- nung ing gagrumbulan, temen iya padha atindak dudu

فَانتَقَمْنَا مِنْهُمْ وَإِنَّهُمَا لَبِإِمَامٍ مُّبِينٍ(79)

 Mulané Ingsun anibakaké wawales ing dhèwèké, sarta sayekti, sakaroné temen ana ing dalan umum kang di- turut

وَلَقَدْ كَذَّبَ أَصْحَابُ الْحِجْرِ الْمُرْسَلِينَ(80)

 Lan sayekti, para wong ing Al-Hijr temen padha anggorohaké para utusan

وَآتَيْنَاهُمْ آيَاتِنَا فَكَانُوا عَنْهَا مُعْرِضِينَ(81)

 Lan Ingsun wus anekakaké timbalan-timbalan-Ingsun, ananging iku dhèwèké padha mléngosi

وَكَانُوا يَنْحِتُونَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوتًا آمِنِينَ(82)

 Lan dhèwèké padha natahi gunung minangka omah, kalawan padha aman

فَأَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ مُصْبِحِينَ(83)

 Tumuli swara gumludhuga angregem dhèwèké ing wayah bangun-ésuk

فَمَا أَغْنَىٰ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَكْسِبُونَ(84)

 Lah apa kang pinakolih ora makolihi marang dhèwèké

وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا إِلَّا بِالْحَقِّ ۗ وَإِنَّ السَّاعَةَ لَآتِيَةٌ ۖ فَاصْفَحِ الصَّفْحَ الْجَمِيلَ(85)

 Lan anggon-Ingsun anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing antarané iku ora liya kajaba kalayan yakti. Lan sayekti, wayahé temen tumeka; mulané sira sumingkira kalawan paramarta utama

إِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْخَلَّاقُ الْعَلِيمُ(86)

 Sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Anitahaké sagung dumadi, Ingkang-Angudanèni

وَلَقَدْ آتَيْنَاكَ سَبْعًا مِّنَ الْمَثَانِي وَالْقُرْآنَ الْعَظِيمَ(87)

 Sayekti, temen Ingsun wus amaringaké marang sira pitung kang tansah dibolan-balè- ni sarta Quran kang agung

لَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ إِلَىٰ مَا مَتَّعْنَا بِهِ أَزْوَاجًا مِّنْهُمْ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِلْمُؤْمِنِينَ(88)

 Sira aja banget mandengaké mripatira marang apa kang wus Ingsun paringaké marang golongan sawenéhé minangka bubungah, sarta aja sira susah tumrap prakara dhèwèké apa déné dilembah ma- nah marang para angèstu

وَقُلْ إِنِّي أَنَا النَّذِيرُ الْمُبِينُ(89)

 Lan calathua: Sayekti, aku iki juru-pépéling kang terang

كَمَا أَنزَلْنَا عَلَى الْمُقْتَسِمِينَ(90)

 Kaya déné anggon-Ingsun anurunaké marang para kang angalang-alangi

الَّذِينَ جَعَلُوا الْقُرْآنَ عِضِينَ(91)

 Yaiku para kang padha anga- rani Quran iku panggorohan

فَوَرَبِّكَ لَنَسْأَلَنَّهُمْ أَجْمَعِينَ(92)

 Lah, dhemi Pangéranira, tem- en Ingsun bakal andangu dhèwèké kabèh

عَمَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ(93)

 Ing sabarang kang wus padha dilakoni

فَاصْدَعْ بِمَا تُؤْمَرُ وَأَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِينَ(94)

 Mulané terangna kalawan ngeblak apa kang diparéntahaké marang sira sarta sumingkira saka kang manembah pangéran akèh

إِنَّا كَفَيْنَاكَ الْمُسْتَهْزِئِينَ(95)

 Sayekti, Ingsun bakal anyu- kup ing sira saka panglawané para kang padha angguguyu

الَّذِينَ يَجْعَلُونَ مَعَ اللَّهِ إِلَٰهًا آخَرَ ۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ(96)

 Yaiku para kang padha agawé sisihaning Allah sesembahan liya; lah dhèwèké bakal tumuli weruh

وَلَقَدْ نَعْلَمُ أَنَّكَ يَضِيقُ صَدْرُكَ بِمَا يَقُولُونَ(97)

 Lan sayekti Ingsun temen angudanèni, yèn sira dadi bebeg dhadhanira amarga saka pangu- capé

فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَكُن مِّنَ السَّاجِدِينَ(98)

 Mulané, mahasucèkna kala- wan pangalembananing Pangéra- nira, sarta dadia golongané para kang padha sumungkem

وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّىٰ يَأْتِيَكَ الْيَقِينُ(99)

 Apa déné ngawulanana Pangéranira nganti barang yakin iku anekani sira


Plus de sourates en Javanais :


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Téléchargez la sourate avec la voix des récitants du Coran les plus célèbres :

Téléchargez le fichier mp3 de la sourate Al-Hijr : choisissez le récitateur pour écouter et télécharger la sourate Al-Hijr complète en haute qualité.


surah Al-Hijr Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Al-Hijr Bandar Balila
Bandar Balila
surah Al-Hijr Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Al-Hijr Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Al-Hijr Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Al-Hijr Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Al-Hijr Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Al-Hijr Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Al-Hijr Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Al-Hijr Fares Abbad
Fares Abbad
surah Al-Hijr Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Al-Hijr Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Al-Hijr Al Hosary
Al Hosary
surah Al-Hijr Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Al-Hijr Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Thursday, November 21, 2024

Donnez-nous une invitation valide