Al-Baqarah · 103/286
Terjemah Transliterasi — Surat Al-Baqarah
وَلَوْ أَنَّهُمْ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَمَثُوبَةٌ مِّنْ عِندِ اللَّهِ خَيْرٌ ۖ لَّوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ ۝١٠٣
Wa law annahum aamanoo wattaqaw lamasoobatum min `indillaahi khairun law kaanoo ya`lamoon
📖 Ing Basa Jawa
Saupama wong Yahudi iku padha percaya ing Qur’an lan padha taqwa ing Allah, mesthi mangerti yen ganjaran saka Allah iku luwih becik, tinimbang karo kaweruhe sihir iku yen wong Yahudi padha mangerti

M Mishary Rashid Alafasy ✓
M Mahmoud Khalil Al-Husary ✓
A Abdurrahman As-Sudais ✓
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi ✓
A Abdul Basit Abdul Samad ✓
A Ali Al-Hudhaify ✓
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy ✓
A Abu Bakr Ash-Shaatree ✓
M Muhammad Ayyoub ✓
A Abdullah Basfar ✓
A Abdullah Al-Juhani ✓
M Maher Al Muaiqly ✓
0:00
0:00
📜

Terjemah — Tafsir

  1. Tetembungan kang perlu dimangerteni:
  • لَمَثُوبَةٌ (lamatsūbatun): tegesé ganjaran utawa pahala.
  • مِّنْ عِندِ اللَّهِ (min 'indillāh): saka ngarsané Allah.
  • اتَّقَوْا (ittaqaw): padha taqwa, yaiku nglakoni dhawuhé Allah lan nyingkiri larangané.
  1. Tafsiré ayat:

Ayat iki nerangaké bab wong-wong Yahudi kang padha ngupaya sihir kanggo nggayuh kekarepané, nanging ora kasil. Allah banjur ngandhani yèn saupama wong-wong mau padha iman marang Allah lan Rasulullah Muhammad ﷺ, sarta padha taqwa marang Allah kanthi nglakoni kabecikan lan nyingkiri panggawé ala, mesthi ganjaran saka ngarsané Allah luwih becik lan luwih gedhé tinimbang apa kang padha golèki lumantar sihir. Ganjaran mau yaiku pahala kang langgeng lan berkah. Nanging wong-wong mau ora ngerti bab iku, mula ora padha ngupaya marang dalan kang bener. Saupama padha ngerti kanthi tenanan bab kabecikan kang ana ing iman lan taqwa, mesthi padha ninggal sihir lan padha iman.

  1. Faedah kang bisa dijupuk:
  • Iman lan taqwa iku dalan kang paling becik kanggo nggayuh kabegjan lan ganjaran saka Allah.
  • Ganjaran saka Allah iku luwih becik lan langgeng tinimbang apa waé kang digolèki kanthi cara kang ora bener.
  • Wong kang ngerti kabecikané iman lan taqwa mesthi bakal milih dalan kang bener lan ninggal panggawé ala.
  • Ayat iki ngajak kita supaya tansah ngupaya marang ridhané Allah lan ora gumantung marang cara-cara kang dilarang agama.
  • Iman lan taqwa iku kunci kanggo mbukak berkah lan kabegjan ing donya lan akhirat.


📜 Ayat 101-105 — Surat Al-Baqarah

101وَلَمَّا جَاءَهُمْ رَسُولٌ مِّنْ عِندِ اللَّهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْ نَبَذَ فَرِيقٌ مِّنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ كِتَابَ اللَّهِ وَرَاءَ ظُهُورِهِمْ كَأَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Nalikane ana utusan saka ngarsane Allah ngrawuhi para wong Yahudi, ndawuhake mbenerake kaya unine kitab Taurat cecekelane wong Yahudi mau, ing kono banjur ana wong sagolongan, ewone wong kang padha nyekel kitab Taurat padha mbubrah kitabe Allah (Taurat) disingkur ana ing mburine gegere. Wong iku rupane kaya pada ora mangerti
102وَاتَّبَعُوا مَا تَتْلُو الشَّيَاطِينُ عَلَىٰ مُلْكِ سُلَيْمَانَ ۖ وَمَا كَفَرَ سُلَيْمَانُ وَلَٰكِنَّ الشَّيَاطِينَ كَفَرُوا يُعَلِّمُونَ النَّاسَ السِّحْرَ وَمَا أُنزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوتَ وَمَارُوتَ ۚ وَمَا يُعَلِّمَانِ مِنْ أَحَدٍ حَتَّىٰ يَقُولَا إِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْ ۖ فَيَتَعَلَّمُونَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُونَ بِهِ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهِ ۚ وَمَا هُم بِضَارِّينَ بِهِ مِنْ أَحَدٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَيَتَعَلَّمُونَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنفَعُهُمْ ۚ وَلَقَدْ عَلِمُوا لَمَنِ اشْتَرَاهُ مَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ ۚ وَلَبِئْسَ مَا شَرَوْا بِهِ أَنفُسَهُمْ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Wong Yahudi padha manut kitab sihir kang diwaca dening para syetan nalika jaman kerajaane Nabi Sulaiman biyen. Nabi Sulaiman ora kafir nanging syetan-syetan iku padha kafir, padha mulangake sihir mau marang para manungsa lan mulangake sihir kang diparingake marang malaikat loro kang padha jumeneng ratu kang ana ing negera Babbil, iya iku prabu Harut lan Marut. Malaikat loro mau ora kersa mulang sihir marang sawijining wong kajaba yen wis paring pepeling, dhawuhe: "Satemene aku iki cobaning Pangeran, mlane kang prayoga sira aja pada kafir", para wong Babil adreng padha nggugu sihir kang bisa megatake wong anggone bebojoan, marang malaikat loro mau. Dene wong kang wis padha bisa sihir iya ora bisa gawe sengsara apa-apa marang sawijining wong sarana sihir, kajaba klawan idzine Allah. Para wong ing Babil padha anggeguru sihir kang bakal mlarati ing awake, ora mikolehake ing awake. Satemene wong Yahudi wis padha mangerti, sing sapa tuku sarta milih kafir, ing besok ana ing akherat ora oleh panduman ganjaran Suwarga. Mulane ala temen anggone padha tuku shiri dibayar awake, iku yen wong mau padha magerti
103وَلَوْ أَنَّهُمْ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَمَثُوبَةٌ مِّنْ عِندِ اللَّهِ خَيْرٌ ۖ لَّوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Saupama wong Yahudi iku padha percaya ing Qur’an lan padha taqwa ing Allah, mesthi mangerti yen ganjaran saka Allah iku luwih becik, tinimbang karo kaweruhe sihir iku yen wong Yahudi padha mangerti
104يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَقُولُوا رَاعِنَا وَقُولُوا انظُرْنَا وَاسْمَعُوا ۗ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ أَلِيمٌ
He wong kang padha percaya ing Qur’an sira aja sok matur (Marang Nabi Muhammad) "Raa’inaa" becik mature "Undzurnaa" lan sira padha ngrungokna, dene wong kafir iku padha kapatrapan siksa kang nglarani
105مَّا يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ وَلَا الْمُشْرِكِينَ أَن يُنَزَّلَ عَلَيْكُم مِّنْ خَيْرٍ مِّن رَّبِّكُمْ ۗ وَاللَّهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهِ مَن يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab sarta wong musyrik kabeh padha ora seneng yen wahyu becik saka Pangeranira iku diparingake marang sira Muhammad. Allah nemtokake asihe marang wong kang dadi keparenging kersane, Allah iku kagungan kanugrahan Kang Agung
Al-BaqarahDhaptar Al-Quran
286Ayat
MedinanRevelation
103Ayat

Terjemah — Al-Baqarah 103

Surat Al-Baqarah Ayat 103 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Saupama wong Yahudi iku padha percaya ing Qur’an lan padha…

Surat Ayat 103/286 — Surat Al-Baqarah البقرة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Baqarah Rungokna, Surat Al-Baqarah Terjemah, Surat Al-Baqarah mp3, Surat Al-Baqarah pdf. Ayat 101–105. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.





Al-Quran


Monday, September 28, 2026

Don't forget us in your sincere prayers