Surah Al-Fajr with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Fajr | الفجر - Ayat Count 30 - The number of the surah in moshaf: 89 - The meaning of the surah in English: The Break of Day.

وَالْفَجْرِ(1)

 Demi wayah bangun esuk

وَلَيَالٍ عَشْرٍ(2)

 Demi malem tanggal sepuluh (sasi Dzul Hijjah)

وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ(3)

 Demi cacah genep lan cacah ganjil

وَاللَّيْلِ إِذَا يَسْرِ(4)

 Demi wengi kang kawitan lan wekasan

هَلْ فِي ذَٰلِكَ قَسَمٌ لِّذِي حِجْرٍ(5)

 Anggoningsun supata mangkono mau (sing bisa ditampa) wong kang ana akale

أَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِعَادٍ(6)

 Sira apa ora andeleng Allah Pangeranira anggone numpes wong ’Aad

إِرَمَ ذَاتِ الْعِمَادِ(7)

 (Bongsa) Iram, tur padha gagah prakosa lan gedhe dhuwur

الَّتِي لَمْ يُخْلَقْ مِثْلُهَا فِي الْبِلَادِ(8)

 Kang ing negara (liyane) ora ana kang diparingi kaya mangkono

وَثَمُودَ الَّذِينَ جَابُوا الصَّخْرَ بِالْوَادِ(9)

 Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jurang - jurang

وَفِرْعَوْنَ ذِي الْأَوْتَادِ(10)

 Lan anggone numpes Fir’aun kang duwe bala

الَّذِينَ طَغَوْا فِي الْبِلَادِ(11)

 Kang atindak gumedhe ana ing negara - negara

فَأَكْثَرُوا فِيهَا الْفَسَادَ(12)

 Banget anggone gawe rusak ana ing negarane

فَصَبَّ عَلَيْهِمْ رَبُّكَ سَوْطَ عَذَابٍ(13)

 Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna - warna marang dheweke

إِنَّ رَبَّكَ لَبِالْمِرْصَادِ(14)

 Satemene Allah Pangeranira angawasake

فَأَمَّا الْإِنسَانُ إِذَا مَا ابْتَلَاهُ رَبُّهُ فَأَكْرَمَهُ وَنَعَّمَهُ فَيَقُولُ رَبِّي أَكْرَمَنِ(15)

 Wondene manungsa iku manawa dicoba dening Pangerane anyoba marang awake, nuli maringi kamulyan lan kamukten banjur kondha, "Pangeranku mulyakake aku

وَأَمَّا إِذَا مَا ابْتَلَاهُ فَقَدَرَ عَلَيْهِ رِزْقَهُ فَيَقُولُ رَبِّي أَهَانَنِ(16)

 Nanging samongsa dicoba (liyane) banjur rejekine dicumpi banjur kondha, "Pangeranku anginakake aku

كَلَّا ۖ بَل لَّا تُكْرِمُونَ الْيَتِيمَ(17)

 Ora! nangeng kowe padha ora gelem welas asih marang bocah yatim

وَلَا تَحَاضُّونَ عَلَىٰ طَعَامِ الْمِسْكِينِ(18)

 Lan ora akon aweh pangan marang wong miskin

وَتَأْكُلُونَ التُّرَاثَ أَكْلًا لَّمًّا(19)

 Lan padha ngukub tinggalane wong mati kelawan banget

وَتُحِبُّونَ الْمَالَ حُبًّا جَمًّا(20)

 Lan padha dhemen banget bondho

كَلَّا إِذَا دُكَّتِ الْأَرْضُ دَكًّا دَكًّا(21)

 O, samongsa bumi rinemuk ajur - mumur

وَجَاءَ رَبُّكَ وَالْمَلَكُ صَفًّا صَفًّا(22)

 Parentahe Pangeranira kaleksanan lan malaekat jejer - jejer

وَجِيءَ يَوْمَئِذٍ بِجَهَنَّمَ ۚ يَوْمَئِذٍ يَتَذَكَّرُ الْإِنسَانُ وَأَنَّىٰ لَهُ الذِّكْرَىٰ(23)

 Ing dina iku neraka Jahan ditekakake. Ing dina iku wong bakal eling nanging apa gunae eling iku

يَقُولُ يَا لَيْتَنِي قَدَّمْتُ لِحَيَاتِي(24)

 Dheweke bakal kondha, "O, bok aku iki biyen duwea ngamal kanggo uripku saiki iki

فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُعَذِّبُ عَذَابَهُ أَحَدٌ(25)

 Ing dina iki ora ana wong bisa nguasani siksaning Allah

وَلَا يُوثِقُ وَثَاقَهُ أَحَدٌ(26)

 Lan ora wong bisa nyentosani kaya anggone nyentosani Allah

يَا أَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَئِنَّةُ(27)

 E, jiwa kang tentrem

ارْجِعِي إِلَىٰ رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً(28)

 Sira baliya seba ing ngarsane Pangeranira, kelawan lega, tampa ganjaran, tur kalilan marga saka lakunira becik

فَادْخُلِي فِي عِبَادِي(29)

 Sira malebua golongane para kawulaningsun kang becik

وَادْخُلِي جَنَّتِي(30)

 Lan malebua ing suwarganingsun


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Al-Fajr with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Al-Fajr mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Al-Fajr Complete with high quality
surah Al-Fajr Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Al-Fajr Bandar Balila
Bandar Balila
surah Al-Fajr Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Al-Fajr Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Al-Fajr Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Al-Fajr Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Al-Fajr Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Al-Fajr Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Al-Fajr Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Al-Fajr Fares Abbad
Fares Abbad
surah Al-Fajr Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Al-Fajr Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Al-Fajr Al Hosary
Al Hosary
surah Al-Fajr Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Al-Fajr Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Monday, April 29, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب