Surah Al-Haqqah with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Al-Haqqah | الحاقة - Ayat Count 52 - The number of the surah in moshaf: 69 - The meaning of the surah in English: The Sure Reality.

الْحَاقَّةُ(1)

 Dina Qiyamat

مَا الْحَاقَّةُ(2)

 Apa kang aran dina qiyamat

وَمَا أَدْرَاكَ مَا الْحَاقَّةُ(3)

 Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau

كَذَّبَتْ ثَمُودُ وَعَادٌ بِالْقَارِعَةِ(4)

 Wong tsamud lan wong ’Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi

فَأَمَّا ثَمُودُ فَأُهْلِكُوا بِالطَّاغِيَةِ(5)

 Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri

وَأَمَّا عَادٌ فَأُهْلِكُوا بِرِيحٍ صَرْصَرٍ عَاتِيَةٍ(6)

 Dene wong ’Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi

سَخَّرَهَا عَلَيْهِمْ سَبْعَ لَيَالٍ وَثَمَانِيَةَ أَيَّامٍ حُسُومًا فَتَرَى الْقَوْمَ فِيهَا صَرْعَىٰ كَأَنَّهُمْ أَعْجَازُ نَخْلٍ خَاوِيَةٍ(7)

 Angin mau nempuh marang wong ’Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong ’Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat

فَهَلْ تَرَىٰ لَهُم مِّن بَاقِيَةٍ(8)

 Apa sira weruh wong ’Aad mau ana kang keri isih urip

وَجَاءَ فِرْعَوْنُ وَمَن قَبْلَهُ وَالْمُؤْتَفِكَاتُ بِالْخَاطِئَةِ(9)

 Fir’aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan

فَعَصَوْا رَسُولَ رَبِّهِمْ فَأَخَذَهُمْ أَخْذَةً رَّابِيَةً(10)

 Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot

إِنَّا لَمَّا طَغَى الْمَاءُ حَمَلْنَاكُمْ فِي الْجَارِيَةِ(11)

 Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu

لِنَجْعَلَهَا لَكُمْ تَذْكِرَةً وَتَعِيَهَا أُذُنٌ وَاعِيَةٌ(12)

 Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki

فَإِذَا نُفِخَ فِي الصُّورِ نَفْخَةٌ وَاحِدَةٌ(13)

 Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan

وَحُمِلَتِ الْأَرْضُ وَالْجِبَالُ فَدُكَّتَا دَكَّةً وَاحِدَةً(14)

 Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan

فَيَوْمَئِذٍ وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُ(15)

 Ing dina iku dina qiyamat kelakon

وَانشَقَّتِ السَّمَاءُ فَهِيَ يَوْمَئِذٍ وَاهِيَةٌ(16)

 Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih

وَالْمَلَكُ عَلَىٰ أَرْجَائِهَا ۚ وَيَحْمِلُ عَرْشَ رَبِّكَ فَوْقَهُمْ يَوْمَئِذٍ ثَمَانِيَةٌ(17)

 Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira

يَوْمَئِذٍ تُعْرَضُونَ لَا تَخْفَىٰ مِنكُمْ خَافِيَةٌ(18)

 Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake

فَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِيَمِينِهِ فَيَقُولُ هَاؤُمُ اقْرَءُوا كِتَابِيَهْ(19)

 Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku

إِنِّي ظَنَنتُ أَنِّي مُلَاقٍ حِسَابِيَهْ(20)

 Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku

فَهُوَ فِي عِيشَةٍ رَّاضِيَةٍ(21)

 Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah

فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ(22)

 Manggon ana suwarga kang luhur

قُطُوفُهَا دَانِيَةٌ(23)

 Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak)

كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَا أَسْلَفْتُمْ فِي الْأَيَّامِ الْخَالِيَةِ(24)

 (He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat

وَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِشِمَالِهِ فَيَقُولُ يَا لَيْتَنِي لَمْ أُوتَ كِتَابِيَهْ(25)

 Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae

وَلَمْ أَدْرِ مَا حِسَابِيَهْ(26)

 Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku

يَا لَيْتَهَا كَانَتِ الْقَاضِيَةَ(27)

 O, mbok ya iki didadekake wekasanku

مَا أَغْنَىٰ عَنِّي مَالِيَهْ ۜ(28)

 Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku

هَلَكَ عَنِّي سُلْطَانِيَهْ(29)

 Kasantosanku wis sirna kabeh

خُذُوهُ فَغُلُّوهُ(30)

 (Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu

ثُمَّ الْجَحِيمَ صَلُّوهُ(31)

 Tumuli cemplungna ing geni murub

ثُمَّ فِي سِلْسِلَةٍ ذَرْعُهَا سَبْعُونَ ذِرَاعًا فَاسْلُكُوهُ(32)

 Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta

إِنَّهُ كَانَ لَا يُؤْمِنُ بِاللَّهِ الْعَظِيمِ(33)

 Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung

وَلَا يَحُضُّ عَلَىٰ طَعَامِ الْمِسْكِينِ(34)

 Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin

فَلَيْسَ لَهُ الْيَوْمَ هَاهُنَا حَمِيمٌ(35)

 Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu

وَلَا طَعَامٌ إِلَّا مِنْ غِسْلِينٍ(36)

 Sarta ora entuk pangan kajaba rereged

لَّا يَأْكُلُهُ إِلَّا الْخَاطِئُونَ(37)

 Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput

فَلَا أُقْسِمُ بِمَا تُبْصِرُونَ(38)

 Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi

وَمَا لَا تُبْصِرُونَ(39)

 Sarta barang kang ora sira weruhi

إِنَّهُ لَقَوْلُ رَسُولٍ كَرِيمٍ(40)

 Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya

وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَاعِرٍ ۚ قَلِيلًا مَّا تُؤْمِنُونَ(41)

 Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu

وَلَا بِقَوْلِ كَاهِنٍ ۚ قَلِيلًا مَّا تَذَكَّرُونَ(42)

 Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen

تَنزِيلٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(43)

 Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh

وَلَوْ تَقَوَّلَ عَلَيْنَا بَعْضَ الْأَقَاوِيلِ(44)

 Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun

لَأَخَذْنَا مِنْهُ بِالْيَمِينِ(45)

 Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene

ثُمَّ لَقَطَعْنَا مِنْهُ الْوَتِينَ(46)

 Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge

فَمَا مِنكُم مِّنْ أَحَدٍ عَنْهُ حَاجِزِينَ(47)

 Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke

وَإِنَّهُ لَتَذْكِرَةٌ لِّلْمُتَّقِينَ(48)

 Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala)

وَإِنَّا لَنَعْلَمُ أَنَّ مِنكُم مُّكَذِّبِينَ(49)

 Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran)

وَإِنَّهُ لَحَسْرَةٌ عَلَى الْكَافِرِينَ(50)

 Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido

وَإِنَّهُ لَحَقُّ الْيَقِينِ(51)

 Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan

فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيمِ(52)

 Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Al-Haqqah with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Al-Haqqah mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Al-Haqqah Complete with high quality
surah Al-Haqqah Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Al-Haqqah Bandar Balila
Bandar Balila
surah Al-Haqqah Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Al-Haqqah Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Al-Haqqah Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Al-Haqqah Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Al-Haqqah Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Al-Haqqah Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Al-Haqqah Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Al-Haqqah Fares Abbad
Fares Abbad
surah Al-Haqqah Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Al-Haqqah Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Al-Haqqah Al Hosary
Al Hosary
surah Al-Haqqah Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Al-Haqqah Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Tuesday, April 30, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب