Surat Asy-Syura Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Asy-Syura kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (53 Ayat — مكية). Asy-Syura Rungokna, Asy-Syura Terjemah, Asy-Syura mp3, Asy-Syura pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Asy-Syura

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
حم ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Haa Miim
عسق ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Ain, Siin, Qoof
كَذَٰلِكَ يُوحِي إِلَيْكَ وَإِلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكَ اللَّهُ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Mangkono uga Allah kang Maha Mulya tur wicaksana paring dhawuh marang sira lan marang para rasul sadurunge sira
لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيمُ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Allah iku kagungan sahisining langit lan bumi, Allah iku Maha Luhur tur Maha Agung
تَكَادُ السَّمَاوَاتُ يَتَفَطَّرْنَ مِن فَوْقِهِنَّ ۚ وَالْمَلَائِكَةُ يُسَبِّحُونَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيَسْتَغْفِرُونَ لِمَن فِي الْأَرْضِ ۗ أَلَا إِنَّ اللَّهَ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Meh wae langit ngebruki bumi (saking agunge Allah) lan para Malaikat padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha nyuwunake pangapura kaluputane para wong mukmin kang ana ing bumi. Allah iku Agung Pangapurane lan Maha Asih
وَالَّذِينَ اتَّخَذُوا مِن دُونِهِ أَوْلِيَاءَ اللَّهُ حَفِيظٌ عَلَيْهِمْ وَمَا أَنتَ عَلَيْهِم بِوَكِيلٍ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
Sarupane wong kang ngedekake Pangayom (Brahala) dudu Allah, tetep wong kesasar. Allah ngawasi laku - lakune wong kafir mau sira mung wajib ngelingake wae, ora wajig nanggung marang wong mangkono mau
وَكَذَٰلِكَ أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ قُرْآنًا عَرَبِيًّا لِّتُنذِرَ أُمَّ الْقُرَىٰ وَمَنْ حَوْلَهَا وَتُنذِرَ يَوْمَ الْجَمْعِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۚ فَرِيقٌ فِي الْجَنَّةِ وَفَرِيقٌ فِي السَّعِيرِ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Mangkono uga Ingsun paring dhawuh al-Quran tembung Arab marang sira supaya dianggo ngelingake marang wong Mekkah lan sakiwa tengen (sak donya) sira elingna bakal kelakon dina Qiyamat nalikane wong padha dihimpun marang ngarsane Allah. Kelakone ora sumelang. Manungsa kena diperang dadi loro, saperangan ana suwarga saperangan ana neraka
وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَعَلَهُمْ أُمَّةً وَاحِدَةً وَلَٰكِن يُدْخِلُ مَن يَشَاءُ فِي رَحْمَتِهِ ۚ وَالظَّالِمُونَ مَا لَهُم مِّن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Upama ana kersane Allah manungsa iki dikersakake guyub dadi ummat siji (ngelakoni agama Islam thok iya kelakon). Naning kersane Allah, ngunggahake ing suwarga marang wong kang dikersakake (para mukmin), dene para kafir dicemplungake neraka ora duwe handel - handel sarta ora bisa ana kang nulungi
أَمِ اتَّخَذُوا مِن دُونِهِ أَوْلِيَاءَ ۖ فَاللَّهُ هُوَ الْوَلِيُّ وَهُوَ يُحْيِي الْمَوْتَىٰ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Ya gene padha ngedekake brahala. Kang mangka Allah iku tetulung marang para mukmin, nguripake wong kang wis mati, nguwasani samu barang
وَمَا اخْتَلَفْتُمْ فِيهِ مِن شَيْءٍ فَحُكْمُهُ إِلَى اللَّهِ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبِّي عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ أُنِيبُ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Anggonira pasulayan sadhengah perkara pancasan ana ngastane Allah (sira dhawuha), "Hiya iku Allah Pangeranku" Samu barang prakara tak sumanggakake ing Allah ing tembe aku bakal bali marang ngarsane
فَاطِرُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ جَعَلَ لَكُم مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَاجًا وَمِنَ الْأَنْعَامِ أَزْوَاجًا ۖ يَذْرَؤُكُمْ فِيهِ ۚ لَيْسَ كَمِثْلِهِ شَيْءٌ ۖ وَهُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Allah iku kang gawe bumi lan langit, gawe jodhonira saka ing awakira dhewe. Raja kaya iku iya digawe jejodhon. Kowe didadekake bebrayan marga anggonira jejodho. Samubarang ora ana kang madhani Allah. Allah iku miyarsa tur mirsani samu barang
لَهُ مَقَالِيدُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَن يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ إِنَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Allah iku ngasta kuncine bumi lan langit, paring rizki akeh marang owng kang diparangeke, lan nyumpeni rizki marang wong kang diparengkae kersane Allah iku nguningani samu barang
۞ شَرَعَ لَكُم مِّنَ الدِّينِ مَا وَصَّىٰ بِهِ نُوحًا وَالَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ وَمَا وَصَّيْنَا بِهِ إِبْرَاهِيمَ وَمُوسَىٰ وَعِيسَىٰ ۖ أَنْ أَقِيمُوا الدِّينَ وَلَا تَتَفَرَّقُوا فِيهِ ۚ كَبُرَ عَلَى الْمُشْرِكِينَ مَا تَدْعُوهُمْ إِلَيْهِ ۚ اللَّهُ يَجْتَبِي إِلَيْهِ مَن يَشَاءُ وَيَهْدِي إِلَيْهِ مَن يُنِيبُ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
(Ummate Muhammad) Allah handhawuhake nglakoni agama Islam marang sira, hiya iku kang uga didhawuhake marang Nuh biyen. Dene kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) lan marang Ibrahim apa dene marang Musa lan Isa, cekake, "Sira padha ngedekna Agama Islam, aja padha pasulayan perkara agama". Dhawuh kang mangkono mau tumrap wong kang mangro tingal abot banget anggonra ngajak marang wong nglakoni agama Islam, Allah milih wong kang dadi parenge kersane gelem ngelakoni sarta nuduhake dalan bener hiya iku wong kang maju ngabekti ing Allah
وَمَا تَفَرَّقُوا إِلَّا مِن بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًا بَيْنَهُمْ ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى لَّقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۚ وَإِنَّ الَّذِينَ أُورِثُوا الْكِتَابَ مِن بَعْدِهِمْ لَفِي شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيبٍ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Wong mau (ahli kitab) anggone kelakon pasulayan perkara agama, sawise katekan kaweruh agama wulangane nabine banjur padha rebut unggul umpama durung ana dhawuhing Pangeranira. Patrapane dosa disratekake tekan qiyamat mesthi dituruni siksa sanalika, dene wong kang padha nyekel kitab kuna sapungkure nabine padha mamang (marang Muhammad)
فَلِذَٰلِكَ فَادْعُ ۖ وَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ ۖ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَهُمْ ۖ وَقُلْ آمَنتُ بِمَا أَنزَلَ اللَّهُ مِن كِتَابٍ ۖ وَأُمِرْتُ لِأَعْدِلَ بَيْنَكُمُ ۖ اللَّهُ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْ ۖ لَنَا أَعْمَالُنَا وَلَكُمْ أَعْمَالُكُمْ ۖ لَا حُجَّةَ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمُ ۖ اللَّهُ يَجْمَعُ بَيْنَنَا ۖ وَإِلَيْهِ الْمَصِيرُ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
(Muhammad) Awit saka iku sira ajak - ajak manungsa dhewe tetep anggonira ngelakoni kaya kang wis didhawuhak, aja padha ngelakoni sakarep - karepe dhewe. Lan sira dhawuha, "Aku percaya marang al-Quran kang wis dhidawuhake dening Allah sarta aku didhawuhi adil anggonku nindakake hukum marang kowe kabeh." Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu. Pituwase lakuku tumrap ing aku dhewe, mangkono uga pituwase lakumu hiya tumraping kowe. Aku lan kowe ora kena padu. Aku lan kowe ora ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaning Allah
وَالَّذِينَ يُحَاجُّونَ فِي اللَّهِ مِن بَعْدِ مَا اسْتُجِيبَ لَهُ حُجَّتُهُمْ دَاحِضَةٌ عِندَ رَبِّهِمْ وَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ وَلَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Sarupane wong kang madoni ing sira prakara agamane Allah sawise nyanggemi agama mau, padune wong mau ana ngarsane Pangerane luput. Wong mau padha kena bendune Allah, sarta padha diptrapi siksa kang abot
اللَّهُ الَّذِي أَنزَلَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ وَالْمِيزَانَ ۗ وَمَا يُدْرِيكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ قَرِيبٌ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Allah iku kang handhawuhake kitab al-Quran kelawan nyata sarta handhawuhake huku adil. Ora ana kang bisa nerangake adoh cedhake dina Qiyamat
يَسْتَعْجِلُ بِهَا الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِهَا ۖ وَالَّذِينَ آمَنُوا مُشْفِقُونَ مِنْهَا وَيَعْلَمُونَ أَنَّهَا الْحَقُّ ۗ أَلَا إِنَّ الَّذِينَ يُمَارُونَ فِي السَّاعَةِ لَفِي ضَلَالٍ بَعِيدٍ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Wong kang padha ora percaya marang dina Qiyamat padha anggege kelakone qiyamat, batine geguyu. Dhene wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat banget wedine. Batine padha weruh yen qiyamat mesthi kelakon. sarupane wong kang padhamadoni kelakone qiyamat iku kesasar banget
اللَّهُ لَطِيفٌ بِعِبَادِهِ يَرْزُقُ مَن يَشَاءُ ۖ وَهُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيزُ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Allah iku welas asih marang para kawulane sarta paring rizki akeh marang wong kang dadi parenge kersane, Allah iku santosa tur Maha Mulya
مَن كَانَ يُرِيدُ حَرْثَ الْآخِرَةِ نَزِدْ لَهُ فِي حَرْثِهِ ۖ وَمَن كَانَ يُرِيدُ حَرْثَ الدُّنْيَا نُؤْتِهِ مِنْهَا وَمَا لَهُ فِي الْآخِرَةِ مِن نَّصِيبٍ ۝٢٠
📖 Terjemah Ayat 20
Sing sapa ngelakoni kebecikan karepe supaya panen ganjaran akherat, iku panene ganjaran bakal Ingsun paringi tikel - matikel. Mangkono uga sing sapa ngelakoni kabecikan karepe supaya panen ing donya hiya Ingsun paringi pituwase ana ing donya, nanging besuk ing akherat ora oleh apa - apa
أَمْ لَهُمْ شُرَكَاءُ شَرَعُوا لَهُم مِّنَ الدِّينِ مَا لَمْ يَأْذَن بِهِ اللَّهُ ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةُ الْفَصْلِ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗ وَإِنَّ الظَّالِمِينَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ ۝٢١
📖 Terjemah Ayat 21
Apa wong kafir duwe seembahan liyane Allah kang padha ngelakoni syareat atur agama kang ora diparengake dening Allah? Upama durung ana dhawuhing Allah (Pamisah kang ngetokake ganjaran lan siksa iku disrantekake besuk ana akherat). Mesti wong dholim mau wis dituruni siksa, lan bakal padha diptrapi siksa kang nglarani
تَرَى الظَّالِمِينَ مُشْفِقِينَ مِمَّا كَسَبُوا وَهُوَ وَاقِعٌ بِهِمْ ۗ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فِي رَوْضَاتِ الْجَنَّاتِ ۖ لَهُم مَّا يَشَاءُونَ عِندَ رَبِّهِمْ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيرُ ۝٢٢
📖 Terjemah Ayat 22
Besuk qiyamat sira handeleng wong wong dholim padha kuatir anggone wis padha ngelakoni penggawe hala (ing donya). Patrapane panggawe hala mau wis mesthi tumiba marang kang nglakoni. Dene wong mukmin nglakoni panggawe becik padha ana suwarga panggonan kang mulya dhewe. Ana ngarsane Pangerane katurutan kang dikarepake. Mangkono iku kanugrahan Agung saka Allah
ذَٰلِكَ الَّذِي يُبَشِّرُ اللَّهُ عِبَادَهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ ۗ قُل لَّا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ أَجْرًا إِلَّا الْمَوَدَّةَ فِي الْقُرْبَىٰ ۗ وَمَن يَقْتَرِفْ حَسَنَةً نَّزِدْ لَهُ فِيهَا حُسْنًا ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ شَكُورٌ ۝٢٣
📖 Terjemah Ayat 23
Mankono iku anggone bungah marang para kawulane mukmin kang padha nglakoni panggawe becik. (Muhammad) dhawuha, "Anggonku dhawuhake pangandikane Allah iki, aku ora jaluk pituwas apa - apa marang kowe. Mung ngajak sih - sinasihan marga isih padha sanak." (Pangandikaning Allah) sing sapa nglakoni panggawe becik ganjarane bakal Ingsun paringi tikel - matikel pirang - pirang. Satemene Allah iku ngapira dosa tur ngajeni pangabektining wong
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا ۖ فَإِن يَشَإِ اللَّهُ يَخْتِمْ عَلَىٰ قَلْبِكَ ۗ وَيَمْحُ اللَّهُ الْبَاطِلَ وَيُحِقُّ الْحَقَّ بِكَلِمَاتِهِ ۚ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ ۝٢٤
📖 Terjemah Ayat 24
Wong kafir iku malah padha ngucap, "Al-Quran iku goroh, gawe-gawenane (Muhammad) dikandhakake pangandikaning Allah". Manawa ana parenge karsaning Allah, Allah ngunci atinira. Sabar marang pihalane wong kafir. Lan luput kang diucapake wong kafir mau. Sarta netepake barang kang bener kelawan pangandikaning Allah. Satemene Allah nguningani sakrenteging ati
وَهُوَ الَّذِي يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهِ وَيَعْفُو عَنِ السَّيِّئَاتِ وَيَعْلَمُ مَا تَفْعَلُونَ ۝٢٥
📖 Terjemah Ayat 25
Allah iku kang nampani tobate para kawulane, sarta ngapura halane para kawulane mau, lan nguningani samu barang kang padha sira lakoni
وَيَسْتَجِيبُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَيَزِيدُهُم مِّن فَضْلِهِ ۚ وَالْكَافِرُونَ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ ۝٢٦
📖 Terjemah Ayat 26
Lan marengake panyuwune para mukmin kang padha nglakoni penggawe becik, malah maringi luwih saka panyuwunel tuwuh saka sih kanugrahane. Dene sarupane wong kafir mesthi padha diptrapi siksa kang abot
۞ وَلَوْ بَسَطَ اللَّهُ الرِّزْقَ لِعِبَادِهِ لَبَغَوْا فِي الْأَرْضِ وَلَٰكِن يُنَزِّلُ بِقَدَرٍ مَّا يَشَاءُ ۚ إِنَّهُ بِعِبَادِهِ خَبِيرٌ بَصِيرٌ ۝٢٧
📖 Terjemah Ayat 27
Upama Allah paring rizki akeh marang kawulane kabeh tanpa beda, kawula mau mesthi padha leluwihan ana bumi. Mulane Allah anggone paring rizku nganggo dipangkat - pangkat, sakarsaning Allah. Satemene Allah iku mirsani tur waspada marang para kawulane
وَهُوَ الَّذِي يُنَزِّلُ الْغَيْثَ مِن بَعْدِ مَا قَنَطُوا وَيَنشُرُ رَحْمَتَهُ ۚ وَهُوَ الْوَلِيُّ الْحَمِيدُ ۝٢٨
📖 Terjemah Ayat 28
Allah iku kang nurunake banyu udan sawise entek ngarep - arepe, sarta anggelar rahmate anurunake udan akeh. Allah iku kang gawe becik marang para wong mukmin tur pantes hangalembana
وَمِنْ آيَاتِهِ خَلْقُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَثَّ فِيهِمَا مِن دَابَّةٍ ۚ وَهُوَ عَلَىٰ جَمْعِهِمْ إِذَا يَشَاءُ قَدِيرٌ ۝٢٩
📖 Terjemah Ayat 29
Allah anggone gawe bumi lan langit lan samu barang kang gumelar kayata hewan - hewan iku klebu tandha yekti kang martandhani kuasaning Allah, samongsa ana parenging Allah kuasa ngimpun hisen - hisening bumi lan langit mau
وَمَا أَصَابَكُم مِّن مُّصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُو عَن كَثِيرٍ ۝٣٠
📖 Terjemah Ayat 30
Manawa Allah paring musibah (karuwetan) marang sira ora liwat marga saka anggonira padha nglakoni kaluputan. Hewadene Allah ngapura kaluputanira kang akeh
وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ ۖ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ ۝٣١
📖 Terjemah Ayat 31
Sira kabeh padha ora bisa melayu nguncati siksaning Allah ana bumi ngapesake Allah. Sira padha ora duwe handel - handel kang bisa nulak siksaning Allah nulungi sira saliyane Allah piyambak
وَمِنْ آيَاتِهِ الْجَوَارِ فِي الْبَحْرِ كَالْأَعْلَامِ ۝٣٢
📖 Terjemah Ayat 32
Perahu ana segara kang gedhene prasasat gunung iku hiya hewone tandha yekti kuasaning Allah
إِن يَشَأْ يُسْكِنِ الرِّيحَ فَيَظْلَلْنَ رَوَاكِدَ عَلَىٰ ظَهْرِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ ۝٣٣
📖 Terjemah Ayat 33
Manwa ana kersane Allah ngendhek angin perahu mau leren mung kumambang ana banyu. Kang mangkono mau tumrap wong kang sabar sarta syukur ing Allah dadi tandha yekti gedhe
أَوْ يُوبِقْهُنَّ بِمَا كَسَبُوا وَيَعْفُ عَن كَثِيرٍ ۝٣٤
📖 Terjemah Ayat 34
Utawa manawa Allah kersa ngrusakake perahu mau marga saka kalupunae kang padha nunggang, hiya mesthi kelakon. Utawa manawa Allah kersa ngapura sakehe kaluputan kang nunggang hiya kelakon selamet
وَيَعْلَمَ الَّذِينَ يُجَادِلُونَ فِي آيَاتِنَا مَا لَهُم مِّن مَّحِيصٍ ۝٣٥
📖 Terjemah Ayat 35
Wong kang padha madoni al-Quran ayatingsun, banjur padha weruh anggone padha ora bisa ngunceni siksaningsun
فَمَا أُوتِيتُم مِّن شَيْءٍ فَمَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَمَا عِندَ اللَّهِ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ لِلَّذِينَ آمَنُوا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ ۝٣٦
📖 Terjemah Ayat 36
Dadi samu barang kang diparingake dening Allah marang sira iku kabeh kabungahan ing donya (kang bakal rusak) dene ganjaran ana ngarsane Allah iku luwih becik sarta langgeng selawase tumrap para mukmin, kang padha nyumanggakake awake ing Allah
وَالَّذِينَ يَجْتَنِبُونَ كَبَائِرَ الْإِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ وَإِذَا مَا غَضِبُوا هُمْ يَغْفِرُونَ ۝٣٧
📖 Terjemah Ayat 37
Lan para wong kang nyingkiri dosa gedhe lan panggawe nista nalikane ditanduki nesu banjur ngapura
وَالَّذِينَ اسْتَجَابُوا لِرَبِّهِمْ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَمْرُهُمْ شُورَىٰ بَيْنَهُمْ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ ۝٣٨
📖 Terjemah Ayat 38
Lan para wong kang padha ngestokake parentahing Allah Pangerane lan nglakoni sholat, apa dene ing samu barang lelakone padha rerembugan kancane lan mewehake rizki kang Ingsun paringi
وَالَّذِينَ إِذَا أَصَابَهُمُ الْبَغْيُ هُمْ يَنتَصِرُونَ ۝٣٩
📖 Terjemah Ayat 39
Lan para wong kang manawa ditanduki panganihaya banjur males samurwate pihala mau
وَجَزَاءُ سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۖ فَمَنْ عَفَا وَأَصْلَحَ فَأَجْرُهُ عَلَى اللَّهِ ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الظَّالِمِينَ ۝٤٠
📖 Terjemah Ayat 40
Dene wewalese pihala hiya pidana samurwate, nanging sing sapa ora males pihala mung ngapura lan ngajak becik iku ganjarane Allah piyambak kang maringi. Satemene Allah iku ora remen wong kang padha nganiaya
وَلَمَنِ انتَصَرَ بَعْدَ ظُلْمِهِ فَأُولَٰئِكَ مَا عَلَيْهِم مِّن سَبِيلٍ ۝٤١
📖 Terjemah Ayat 41
Wong kang sawise ditanduki pihala banjur males samuwarte pihalane, iku wis benere. Ora kena diwales pihalane maneh
إِنَّمَا السَّبِيلُ عَلَى الَّذِينَ يَظْلِمُونَ النَّاسَ وَيَبْغُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ ۝٤٢
📖 Terjemah Ayat 42
Kanane males hala mung marang wong kang ngambaya manungsa lan won gkang balela ana ing bumi nglakoni kang ora bener. Wong mangkono mau bakal diptrapi siksa kang nglarani
وَلَمَن صَبَرَ وَغَفَرَ إِنَّ ذَٰلِكَ لَمِنْ عَزْمِ الْأُمُورِ ۝٤٣
📖 Terjemah Ayat 43
Wong kang tetep sabar (ditanduki hala ora males hala), mung ngapura bahe, kang mangkono mau kalebu prakara kang utama
وَمَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِن وَلِيٍّ مِّن بَعْدِهِ ۗ وَتَرَى الظَّالِمِينَ لَمَّا رَأَوُا الْعَذَابَ يَقُولُونَ هَلْ إِلَىٰ مَرَدٍّ مِّن سَبِيلٍ ۝٤٤
📖 Terjemah Ayat 44
Dene sing sapa disasarake dening Allah sawise kelakone kesasar hora duwe handel - handel kang bisa nuduhake dalan keslametan. Ing besuk qiyamat sira handeleng wong kang padh nganihaya. Nalikane padha handeleng siksa neraka padha ngucap, "Apa ana dalane aku bisa bali (marang donya maneh)
وَتَرَاهُمْ يُعْرَضُونَ عَلَيْهَا خَاشِعِينَ مِنَ الذُّلِّ يَنظُرُونَ مِن طَرْفٍ خَفِيٍّ ۗ وَقَالَ الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ الْخَاسِرِينَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ وَأَهْلِيهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ أَلَا إِنَّ الظَّالِمِينَ فِي عَذَابٍ مُّقِيمٍ ۝٤٥
📖 Terjemah Ayat 45
Lan sira handeleng para wong nganihaya padha digiring marang neraka sarehne banget asore mulane wong nganihaya mau wedi banget, sarta padha nglerek marang neraka. Wong mukmin padha ngucap, "Satemene kang tetep wong kapitunan iku wong kang gawe kapitunaning awake dhewe, sarta kapitunane para sanake ana ing dina Qiyamat. Wong kafir apa ora manggon ing neraka. Siksa kang langgeng salawas - lawase
وَمَا كَانَ لَهُم مِّنْ أَوْلِيَاءَ يَنصُرُونَهُم مِّن دُونِ اللَّهِ ۗ وَمَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِن سَبِيلٍ ۝٤٦
📖 Terjemah Ayat 46
Wong kafir mau padha ora duwe pangayom kang bisa tetulung marang awake, liyane Allah piyambak. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah, ora duwe dalan bener
اسْتَجِيبُوا لِرَبِّكُم مِّن قَبْلِ أَن يَأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهُ مِنَ اللَّهِ ۚ مَا لَكُم مِّن مَّلْجَإٍ يَوْمَئِذٍ وَمَا لَكُم مِّن نَّكِيرٍ ۝٤٧
📖 Terjemah Ayat 47
Sira padha ngestokake dhawuhing Pangeranira mumpung durung tekan dina Qiyamat. Hiya iku dina kang ora ana wong bisa hambalekake. Ing dina iku sira padha ora duwe pangungsen, lan ora bisa ngelaki kaluputanira
فَإِنْ أَعْرَضُوا فَمَا أَرْسَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا ۖ إِنْ عَلَيْكَ إِلَّا الْبَلَاغُ ۗ وَإِنَّا إِذَا أَذَقْنَا الْإِنسَانَ مِنَّا رَحْمَةً فَرِحَ بِهَا ۖ وَإِن تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ فَإِنَّ الْإِنسَانَ كَفُورٌ ۝٤٨
📖 Terjemah Ayat 48
Manawa dheweke (wong Mekkah) padha malengos ora gelem ngestokake, sira sumurupa anggoningsun ngutus iki ora Ingsun wajibake rumeksa utawa nanggung. Kuwajibanira mung mratakake dhawuh. Lan maneh manawa Ingsun paring weruh rasaning rahmat marang manungsa mesthi bungah. Nanging manungsa mau kabeh kambah reribed marga saka kaluputane kang wis dilakoni. Banget anggone ora ngunjukake panuwun
لِّلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ ۚ يَهَبُ لِمَن يَشَاءُ إِنَاثًا وَيَهَبُ لِمَن يَشَاءُ الذُّكُورَ ۝٤٩
📖 Terjemah Ayat 49
Kraton bumi lan lnagit kagungane Allah kang gawe samu barang kang dadi parenge kersane. Paring anak wadon thok marang wong kang dadi parenge kersane. Lan paring anak lanang thok marang wong kang dadi parenging kersane
أَوْ يُزَوِّجُهُمْ ذُكْرَانًا وَإِنَاثًا ۖ وَيَجْعَلُ مَن يَشَاءُ عَقِيمًا ۚ إِنَّهُ عَلِيمٌ قَدِيرٌ ۝٥٠
📖 Terjemah Ayat 50
Utawa Allah maringi para kawulane banjur padha duwe anak lanang lan wadon. Sawayahing won gkang dadi parenging kersane, ana uga kang dikersakake gabug. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa
۞ وَمَا كَانَ لِبَشَرٍ أَن يُكَلِّمَهُ اللَّهُ إِلَّا وَحْيًا أَوْ مِن وَرَاءِ حِجَابٍ أَوْ يُرْسِلَ رَسُولًا فَيُوحِيَ بِإِذْنِهِ مَا يَشَاءُ ۚ إِنَّهُ عَلِيٌّ حَكِيمٌ ۝٥١
📖 Terjemah Ayat 51
Manungsa iku ora ana kang dikarsakake himbal pangandikane Allah. Kajaba diparingi wahyu. Utawa himbal pangadikan kang mawa haling - haling, utawa Allah ngutus malaikat, banjur handhawuhake apa karsaning Allah. Kelawan keparenging Allah. Satemene Allah iku Maha Luhur tur wicaksana
وَكَذَٰلِكَ أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ رُوحًا مِّنْ أَمْرِنَا ۚ مَا كُنتَ تَدْرِي مَا الْكِتَابُ وَلَا الْإِيمَانُ وَلَٰكِن جَعَلْنَاهُ نُورًا نَّهْدِي بِهِ مَن نَّشَاءُ مِنْ عِبَادِنَا ۚ وَإِنَّكَ لَتَهْدِي إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ ۝٥٢
📖 Terjemah Ayat 52
(Muhammad) Mankono uga Ingsun paring wahyu al-Quran marang sira. Hiya iku parentahingsun sadurunge sira, sira Ingsun paringi wahyu. Sadurunge sira ora weruh al-Quran iku apa, lan laku - lakuning percaya iku kepriye? Hewa dene al-Quran iku Ingsun dadekake pepadhang. Ingsun anggone nuduhake dalan selamet marang pawa kawula kang dadi parenging kersaningsun lan sira uga nuduhake dalan bener sarana al-Quran
صِرَاطِ اللَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ أَلَا إِلَى اللَّهِ تَصِيرُ الْأُمُورُ ۝٥٣
📖 Terjemah Ayat 53
Hiya iku dalaning Allah kang kagungan sahisining bumi lan langit samu barang prakara ing wekasane apa ora bali konjuk ing Allah
← 41 Asy-Syura (42/114) 43 →
Waca Surat Asy-Syura Basa Jawa – Terjemah lan Audio

42الشورى Ash-Shura 📚 53 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Asy-Syura — 53 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers