PDF —
50 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Mursalat pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Mursalat pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Mursalat Terjemah. Surat Al-Mursalat (Meccan) 50 Ayat.

← Al-InsanSurat Al-Mursalat An-Naba →


50 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮑﮒﮓ
77:1 Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan
ﮔﮕﮖ
77:2 Lan (para Malaikat) mabur rikat banget
ﮗﮘﮙ
77:3 Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane
ﮚﮛﮜ
77:4 Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha
ﮝﮞﮟ
77:5 Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul)
ﮠﮡﮢﮣ
77:6 Ngapura marang wong tobat, lan apepeling
ﮤﮥﮦﮧ
77:7 Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon
ﮨﮩﮪﮫ
77:8 Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane
ﮬﮭﮮﮯ
77:9 Lan nalikane langit sigar
ﮰﮱﯓﯔ
77:10 Lan nalikane gunung padha manculat
ﯕﯖﯗﯘ
77:11 Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu
ﯙﯚﯛﯜ
77:12 (Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau
ﯝﯞﯟ
77:13 Marang dina putusan
ﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
77:14 Piye panemumu, dina pancasan iku apa
ﯦﯧﯨﯩ
77:15 Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget
ﯪﯫﯬﯭ
77:16 Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna
ﯮﯯﯰﯱ
77:17 Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake
ﯲﯳﯴﯵ
77:18 Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono
ﯶﯷﯸﯹ
77:19 Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖ
77:20 Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina
ﭗﭘﭙﭚﭛ
77:21 Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim)
ﭜﭝﭞﭟ
77:22 Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi)
ﭠﭡﭢﭣ
77:23 Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang
ﭤﭥﭦﭧ
77:24 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake
ﭨﭩﭪﭫﭬ
77:25 Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah
ﭭﭮﭯ
77:26 Wadhahe wong urip lan wong mati
ﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷ
77:27 Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa
ﭸﭹﭺﭻ
77:28 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂ
77:29 Lungoa marang apa kang sira gorohake
ﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉ
77:30 Lungoa marang aling - aling kang cawang telu
ﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐ
77:31 Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka
ﮑﮒﮓﮔﮕ
77:32 Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah
ﮖﮗﮘﮙ
77:33 Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning
ﮚﮛﮜﮝ
77:34 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﮞﮟﮠﮡﮢ
77:35 Iki dina sing dheweke ora bakal guneman
ﮣﮤﮥﮦﮧ
77:36 Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan
ﮨﮩﮪﮫ
77:37 Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓ
77:38 Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik
ﯔﯕﯖﯗﯘﯙ
77:39 Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun
ﯚﯛﯜﯝ
77:40 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﯞﯟﯠﯡﯢﯣ
77:41 Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere
ﯤﯥﯦﯧ
77:42 Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak
ﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮ
77:43 Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen
ﯯﯰﯱﯲﯳ
77:44 Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen
ﯴﯵﯶﯷ
77:45 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﯸﯹﯺﯻﯼﯽ
77:46 (hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa
ﯾﯿﰀﰁ
77:47 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈ
77:48 Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat
ﰉﰊﰋﰌ
77:49 Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
ﰍﰎﰏﰐﰑ
77:50 Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers