Surat Al-Infitar Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-Infitar kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (19 Ayat — مكية). Al-Infitar Rungokna, Al-Infitar Terjemah, Al-Infitar mp3, Al-Infitar pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-Infitar

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
إِذَا السَّمَاءُ انفَطَرَتْ ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Samongsa langit wis belah
وَإِذَا الْكَوَاكِبُ انتَثَرَتْ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar
وَإِذَا الْبِحَارُ فُجِّرَتْ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Lan samongsa segara - segara padha dibludagake
وَإِذَا الْقُبُورُ بُعْثِرَتْ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Lan samangsa kubur - kubur padha binukak
عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ وَأَخَّرَتْ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake
يَا أَيُّهَا الْإِنسَانُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيمِ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya
الَّذِي خَلَقَكَ فَسَوَّاكَ فَعَدَلَكَ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Kang wis gawe awakira genep waras lan patut
فِي أَيِّ صُورَةٍ مَّا شَاءَ رَكَّبَكَ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Allah namtokake rupanira miturut sakersane
كَلَّا بَلْ تُكَذِّبُونَ بِالدِّينِ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese
وَإِنَّ عَلَيْكُمْ لَحَافِظِينَ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira
كِرَامًا كَاتِبِينَ ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Para juru nulisi minulya
يَعْلَمُونَ مَا تَفْعَلُونَ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Padha meruhi apa kang padha sira lakoni
إِنَّ الْأَبْرَارَ لَفِي نَعِيمٍ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha
وَإِنَّ الْفُجَّارَ لَفِي جَحِيمٍ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub
يَصْلَوْنَهَا يَوْمَ الدِّينِ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan
وَمَا هُمْ عَنْهَا بِغَائِبِينَ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono
وَمَا أَدْرَاكَ مَا يَوْمُ الدِّينِ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
ثُمَّ مَا أَدْرَاكَ مَا يَوْمُ الدِّينِ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
يَوْمَ لَا تَمْلِكُ نَفْسٌ لِّنَفْسٍ شَيْئًا ۖ وَالْأَمْرُ يَوْمَئِذٍ لِّلَّهِ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah
← 81 Al-Infitar (82/114) 83 →
Waca Surat Al-Infitar Basa Jawa – Terjemah lan Audio

82الإنفطار Al-Infitar 📚 19 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-Infitar — 19 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers