19 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮕﮖﮗﮘﮙﮚ
96:1 (Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake
ﮛﮜﮝﮞﮟ
96:2 Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel
ﮠﮡﮢﮣ
96:3 Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya
ﮤﮥﮦﮧ
96:4 Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam
ﮨﮩﮪﮫﮬﮭ
96:5 Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh
ﮮﮯﮰﮱﯓ
96:6 Nanging satemene manungsa iku kebangeten
ﯔﯕﯖﯗ
96:7 Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh)
ﯘﯙﯚﯛﯜ
96:8 Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah
ﯝﯞﯟﯠ
96:9 Kapriye penemunira wong kang menging
ﯡﯢﯣﯤ
96:10 Sawijining abdi samongsa sholat
ﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
96:11 Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener
ﯫﯬﯭﯮ
96:12 Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala)
ﭑﭒﭓﭔﭕ
96:13 Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos
ﭖﭗﭘﭙﭚﭛ
96:14 Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani
ﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
96:15 Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke)
ﭣﭤﭥﭦ
96:16 Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput
ﭧﭨﭩ
96:17 Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung
ﭪﭫﭬ
96:18 Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah
ﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳ
96:19 Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud

Al-Quran


Tuesday, September 29, 2026

Don't forget us in your sincere prayers