Surat Al-'Alaq Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-'Alaq kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (19 Ayat — مكية). Al-'Alaq Rungokna, Al-'Alaq Terjemah, Al-'Alaq mp3, Al-'Alaq pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-'Alaq

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
(Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake
خَلَقَ الْإِنسَانَ مِنْ عَلَقٍ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel
اقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya
الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam
عَلَّمَ الْإِنسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh
كَلَّا إِنَّ الْإِنسَانَ لَيَطْغَىٰ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
Nanging satemene manungsa iku kebangeten
أَن رَّآهُ اسْتَغْنَىٰ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh)
إِنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ الرُّجْعَىٰ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah
أَرَأَيْتَ الَّذِي يَنْهَىٰ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Kapriye penemunira wong kang menging
عَبْدًا إِذَا صَلَّىٰ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Sawijining abdi samongsa sholat
أَرَأَيْتَ إِن كَانَ عَلَى الْهُدَىٰ ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener
أَوْ أَمَرَ بِالتَّقْوَىٰ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala)
أَرَأَيْتَ إِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos
أَلَمْ يَعْلَم بِأَنَّ اللَّهَ يَرَىٰ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani
كَلَّا لَئِن لَّمْ يَنتَهِ لَنَسْفَعًا بِالنَّاصِيَةِ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke)
نَاصِيَةٍ كَاذِبَةٍ خَاطِئَةٍ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput
فَلْيَدْعُ نَادِيَهُ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung
سَنَدْعُ الزَّبَانِيَةَ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah
كَلَّا لَا تُطِعْهُ وَاسْجُدْ وَاقْتَرِب ۩ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud
← 95 Al-'Alaq (96/114) 97 →
Waca Surat Al-'Alaq Basa Jawa – Terjemah lan Audio

96العلق Al-'Alaq 📚 19 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-'Alaq — 19 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers