Yaaa `ayyuhal lazeena aamanooo anfiqoo min taiyibaati maa kasabtum wa mimmaaa akhrajuaa lakum minal ardi wa laa tayammamul khabeesa minhu tunfiqoona wa lastum bi aakhizeehi illaaa an tughmidoo feeh; wa`lamooo annal laaha Ghaniyyun Hameed
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Hai orang-orang yang beriman, nafkahkanlah (di jalan allah) sebagian dari hasil usahamu yang baik-baik dan sebagian dari apa yang Kami keluarkan dari bumi untuk kamu. Dan janganlah kamu memilih yang buruk-buruk lalu kamu menafkahkan daripadanya, padahal kamu sendiri tidak mau mengambilnya melainkan dengan memincingkan mata terhadapnya. Dan ketahuilah, bahwa Allah Maha Kaya lagi Maha Terpuji.
1) Tegesing tembung-tembung kang perlu dijlentrehake:
طَيِّبَاتِ : barang kang apik, halal, lan resik.
كَسَبْتُمْ : apa kang padha sira goleki utawa entuk, kayata saka dagang lan nyambut gawe.
تَنفِقُونَ : padha menehake (infak/sedekah).
ت َيَمَّمُوا : padha niyat utawa sengaja marani.
الْخَبِيثَ : barang kang ala, ora apik, utawa rusak.
تُغْمِضُوا : ngrewes, nglirwakake, utawa ngeculake merga ora kepenak atine.
2) Katrangané ayat:
Hai para wong kang padha iman, padha menehake sedekah saka barang kang apik lan halal saka apa kang padha sira goleki, lan saka apa kang Ingsun (Allah) metokake saka bumi kanggo sira, kayata pari, woh-wohan, lan liya-liyane. Aja padha sengaja milih barang kang ala lan rusak kanggo disedekahake, padahal yen barang kuwi diwenehake marang sira dhewe, sira ora bakal gelem nampani kajaba yen sira ngrewes lan ora kepenak atine. Ya gene sira gelem menehake marang Allah barang kang sira dhewe ora gelem nampani? Padha ngertia yen Allah iku Maha Sugih, ora butuh marang sedekahmu, lan Panjenengane iku Maha Pinuji, kabeh puji iku kagungane.
3) Piwulang lan faedah kang bisa dijupuk:
Sedekah iku kudu saka barang kang halal lan apik, ora saka barang kang haram utawa ala.
Aja padha ngremehake sedekah kanthi menehake barang kang ora pantes, amarga Allah iku Maha Sugih lan ora butuh marang sedekah kita.
Yen kita ora gelem nampani barang kang ala, mesthine kita uga ora pantes menehake barang kang ala marang wong liya, luwih-luwih kanggo ngibadah marang Allah.
Sedekah iku ora ngurangi rezeki, malah dadi tandha syukur lan tambahing berkah.
Allah iku Maha Pinuji, mula saben sedekah kang kita lakoni kanthi ikhlas bakal oleh ganjaran kang apik.
Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji
Dene sanepane wong kang dermakake bandhane murih keparenging Allah kanthi keyakinan kang tetep ana ing atine, iku sanepane pakebonan kang lemahe geneng (dhuwur) kodanan deres, ing kono mbanjur ngetokake wulu pametu tikel loro tinimbang pakebonan liyane. Dene yen ora kodanan iya mung riwis-riwis wae. Allah iku Maha Mriksani ing samu barang kang sira tindakake
(He wong kang padha riya’ ) Sira apa padha seneng duweni kebon kurma lan anggur, kang ngisore ana kaline mili, sarta nduweni sarupane woh-wohan (wulu pametu) isining kebon mau, kang duwe kebon mau tumeka pikun iya duwe turun, nanging padha apes ora bisa ngopeni kebonne mau. Pakebonan mau mbanjur ketrajang prahara mawa geni, wasana mbanjur kobong, Mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha gelem mikir
Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji
Syetan memedeni Sira, bakal kemlaratan sarta printah nglakoni ala. Dene Allah paring janji pangapura lan Kanugrahan marang sira. Allah maha Jembar sarta Maha ngudaneni
Allah paring kawicaksanan marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene sapa wonge diparingi kawicaksanan, iku temen diparingi kabecikan kang akeh. Ewadene ora ana kang ngelingi kang mengkono mau kajaba wong kang padha duwe akal
Surat Al-Baqarah Ayat 267 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang…
Surat Ayat 267/286 — Surat Al-Baqarah البقرة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Baqarah Rungokna, Surat Al-Baqarah Terjemah, Surat Al-Baqarah mp3, Surat Al-Baqarah pdf. Ayat 265–269. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.