Alam tara ilaa Rabbika kaifa maddaz zilla wa law shaaa`a laja`alahoo saakinan summa ja`alnash shamsa `alaihe daleelaa
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Apakah kamu tidak memperhatikan (penciptaan) Tuhanmu, bagaimana Dia memanjangkan (dan memendekkan) bayang-bayang dan kalau Dia menghendaki niscaya Dia menjadikan tetap bayang-bayang itu, kemudian Kami jadikan matahari sebagai petunjuk atas bayang-bayang itu,
Apa kowe ora nggatekake, dhuh Nabi, marang pakaryane Pangeranmu, kepiye carane Allah nggebarake wewayangan ing bumi? Wewayangan iki ana wiwit wayah subuh nganti srengenge mlethik. Yen Allah kepengin, mesthi bisa nggawe wewayangan iki tetep mandheg, ora obah lan ora ilang. Nanging Allah ora nindakake mangkono, supaya manungsa bisa njupuk pelajaran.
Banjur Allah nggawe srengenge minangka tandha kanggo nuduhake anane wewayangan. Kanthi obahe srengenge, wewayangan bisa dadi dawa utawa cendhak. Kabeh iki nuduhake kekuwatane Allah sing ora ana tandhingane. Allah iku siji-sijine sing kudu disembah, ora ana liya kajaba Panjenengane.
Faedah sing bisa dijupuk:
Ayat iki ngajak kita mikir lan nggatekake alam sekitar, supaya kita ngerti gedhene kekuwatane Allah.
Anane wewayangan lan srengenge dadi bukti yen Allah iku Maha Kuwasa lan Maha Ngatur kabeh perkara.
Kabeh sing ana ing alam donya iki ora ana sing mandhiri, kabeh gumantung marang kersane Allah.
Ayat iki nuwuhake rasa syukur lan tambah iman, amarga kita ngerti yen Allah iku sing ngatur kabeh kanthi tata lan becik.
Kanthi mangerteni ayat iki, kita dadi luwih cedhak lan tresna marang Islam lan Al-Qur'an, amarga Al-Qur'an mulangake babagan kawicaksanan lan kateladanane urip.
Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas
(Muhammad) apa sira sumurup (kepriye panemunira) mungguh wong kang mangeran marang hawa nafsune (kekarepane dhewe)? Apa sira bisa rumeksa marang wong - wong mau, murih aja nganti kebanjur - banjur anggone mangeran marang hawa nafsune (Kekarepane) dhewe ? (mesthi ora bisa)
Lan apa sira gira yen won gmau akeh kang ngrungokake pituturira klawan mangerti utawa gelem mikir - mikir? (Tangeh yen mengkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya raja-kaya, malah luwih dening nasar saka dalan marang keslametane
Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas
46ثُمَّ قَبَضْنَاهُ إِلَيْنَا قَبْضًا يَسِيرًا
Ayang - ayangan mau nuli Ingsun pundut saka sethithik (sarana soroting srengenge)
Panjenengane Allah iku nitahake wengi mugunani marang sira, akanggo aling - aling, dadi memper sandhangan, sarta nganakake turu kang ngepenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumelare wong ngupa jiwa
Surat Al-Furqan Ayat 45 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar…
Surat Ayat 45/77 — Surat Al-Furqan الفرقان (Meccan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Furqan Rungokna, Surat Al-Furqan Terjemah, Surat Al-Furqan mp3, Surat Al-Furqan pdf. Ayat 43–47. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.