Al-A'raf · 31/206
Terjemah Transliterasi — Surat Al-A'raf
۞ يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ ۝٣١
Yaa Banneee Adama khuzoo zeenatakum `inda kulli masjidinw wa kuloo washraboo wa laa tusrifoo; innahoo laa yuhibbul musrifeen
📖 Ing Basa Jawa
É, para turuning Adam! padha angalapa papaèsira ing saben-saben wayahé salat, sarta padha mangana tuwin ngombéa lan aja padha keladuk; sayekti Panjenengané ora remen marang para kang padha keladuk

🎧 Rungokna


📜 Ayat 29-33 — Surat Al-A'raf

29قُلْ أَمَرَ رَبِّي بِالْقِسْطِ ۖ وَأَقِيمُوا وُجُوهَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَادْعُوهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ ۚ كَمَا بَدَأَكُمْ تَعُودُونَ
Calathua: Pangéranku wus maréntahaké adil. lan padha anjejegna adhepira ing saben- saben wayahé salat sarta padha anguwuha Panjenengané, kalawan tulus ing pambangunturut ing Panjenengané; kaya anggoné Pan- jenengané andadèkaké sira ing wiwitan, iya mangkono uga ang- gonira bakal padha bali
30فَرِيقًا هَدَىٰ وَفَرِيقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلَالَةُ ۗ إِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ مِن دُونِ اللَّهِ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُم مُّهْتَدُونَ
Panjenengané wus nuntun kang sapantha, déné kang sapantha karusakan iku wis beneré tetep ingatasé dhèwèké; sayekti dhèwèké padha ngalap para sétan minangka pangayoman saliyané Allah, sarta padha ngira yèn awaké iku kang padha ngambah dadalan kang bener
31۞ يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
É, para turuning Adam! padha angalapa papaèsira ing saben-saben wayahé salat, sarta padha mangana tuwin ngombéa lan aja padha keladuk; sayekti Panjenengané ora remen marang para kang padha keladuk
32قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِينَةَ اللَّهِ الَّتِي أَخْرَجَ لِعِبَادِهِ وَالطَّيِّبَاتِ مِنَ الرِّزْقِ ۚ قُلْ هِيَ لِلَّذِينَ آمَنُوا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Calathua: Sapa ta sing angla- rangi papaèsing Allah, kang wus diwetokaké tumrap para kawula- Né sarta rezeki kang apik-apik? Calathua: Iku tumrap para kang padha angèstu ana ing kauripan donya iki, mligi ana ing dina kiyamat, kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan iku tumrap wong kang padha weruh
33قُلْ إِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَالْإِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَأَن تُشْرِكُوا بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا وَأَن تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Calathua: Pangéranku mung anglarangi panggawé-panggawé nistha, kang wujudé cumetha lan kang sumamar, apa déné dosa lan pamirong kalawan ora bener, tu- win yèn ta sira padha anjèjèrna sisihan kalawan Allah, barang kang ing kono Panjene- ngané ora anurunaké wewenang, sarta yèn ta sira padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé ora weruh
Al-A'rafDhaptar Al-Quran
206Ayat
MeccanRevelation
31Ayat

Terjemah — Al-A'raf 31

Surat Al-A'raf Ayat 31 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : É, para turuning Adam! padha angalapa papaèsira ing saben-saben wayahé…

Surat Ayat 31/206 — Surat Al-A'raf الأعراف (Meccan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-A'raf Rungokna, Surat Al-A'raf Terjemah, Surat Al-A'raf mp3, Surat Al-A'raf pdf. Ayat 29–33. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.




Al-Quran


Monday, September 7, 2026

Don't forget us in your sincere prayers