Surat Al-Lail Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-Lail kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (21 Ayat — مكية). Al-Lail Rungokna, Al-Lail Terjemah, Al-Lail mp3, Al-Lail pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-Lail

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
وَاللَّيْلِ إِذَا يَغْشَىٰ ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge
وَالنَّهَارِ إِذَا تَجَلَّىٰ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Lan awan nalikane lahir gumelar
وَمَا خَلَقَ الذَّكَرَ وَالْأُنثَىٰ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Sarta tumitahing lanang lan wadon
إِنَّ سَعْيَكُمْ لَشَتَّىٰ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Satemene lakunira para manungsa, beda - beda
فَأَمَّا مَنْ أَعْطَىٰ وَاتَّقَىٰ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala)
وَصَدَّقَ بِالْحُسْنَىٰ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
Lan benerake kang becik
فَسَنُيَسِّرُهُ لِلْيُسْرَىٰ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang
وَأَمَّا مَن بَخِلَ وَاسْتَغْنَىٰ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah)
وَكَذَّبَ بِالْحُسْنَىٰ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Apa dene nampik barang kang becik
فَسَنُيَسِّرُهُ لِلْعُسْرَىٰ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel
وَمَا يُغْنِي عَنْهُ مَالُهُ إِذَا تَرَدَّىٰ ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna
إِنَّ عَلَيْنَا لَلْهُدَىٰ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun
وَإِنَّ لَنَا لَلْآخِرَةَ وَالْأُولَىٰ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan
فَأَنذَرْتُكُمْ نَارًا تَلَظَّىٰ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad
لَا يَصْلَاهَا إِلَّا الْأَشْقَى ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka
الَّذِي كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Kang maido kasunyatan lan mlengos
وَسَيُجَنَّبُهَا الْأَتْقَى ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala)
الَّذِي يُؤْتِي مَالَهُ يَتَزَكَّىٰ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Kang mewehake bandhane, anuceni dirine
وَمَا لِأَحَدٍ عِندَهُ مِن نِّعْمَةٍ تُجْزَىٰ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah
إِلَّا ابْتِغَاءَ وَجْهِ رَبِّهِ الْأَعْلَىٰ ۝٢٠
📖 Terjemah Ayat 20
Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur
وَلَسَوْفَ يَرْضَىٰ ۝٢١
📖 Terjemah Ayat 21
Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran
← 91 Al-Lail (92/114) 93 →
Waca Surat Al-Lail Basa Jawa – Terjemah lan Audio

92الليل Al-Layl 📚 21 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-Lail — 21 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers