Surah Ash-Shuara with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Shuara | الشعراء - Ayat Count 227 - The number of the surah in moshaf: 26 - The meaning of the surah in English: The Poets.

طسم(1)

 Thaa’ Siiim, Miim

تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ الْمُبِينِ(2)

 Surat iki, ayat - ayate kitab kang pratela (nerangake kabeh hukum bener lan luput)

لَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ أَلَّا يَكُونُوا مُؤْمِنِينَ(3)

 (Muhammad) bokmenawa sira ngenes ngrasakake para wong kafir anggone padha ora gelem iman ing Allah

إِن نَّشَأْ نُنَزِّلْ عَلَيْهِم مِّنَ السَّمَاءِ آيَةً فَظَلَّتْ أَعْنَاقُهُمْ لَهَا خَاضِعِينَ(4)

 Upama ana keparenging kersaningsun, wong - wong kang padha kafir iku Ingsun kersakake iman ing Allah, kena uga Ingsun nurunake tandha yekti saka ing langit kang nggegirisi, ing kono gulune won gkafir kepeksa padha tumungkul konjem ing salawase (nanging kersaningsun ora mengkunu)

وَمَا يَأْتِيهِم مِّن ذِكْرٍ مِّنَ الرَّحْمَٰنِ مُحْدَثٍ إِلَّا كَانُوا عَنْهُ مُعْرِضِينَ(5)

 Samangsa Allah kang Maha Murah kersa nganyarake dhawuh wong kafir iya mesthi banjur padha nganyarake pamopone (anggone mlengos)

فَقَدْ كَذَّبُوا فَسَيَأْتِيهِمْ أَنبَاءُ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ(6)

 Wis kelakon marambah-rambah wong - wong kafir iku padha ora percaya marang (Nabi Muhammad). Wong - wong kafir mau ora wurung bakal padha weruh kenyataane utawa kewusanane anggone padha anggeguyu al-Qur’an

أَوَلَمْ يَرَوْا إِلَى الْأَرْضِ كَمْ أَنبَتْنَا فِيهَا مِن كُلِّ زَوْجٍ كَرِيمٍ(7)

 Wong - won gkafir apa padha ora sumurup gumelaring bumi, wis pira bae anggoningsun nukulake thethukulan ana ing bumi kang becik - becik, migunani marang wong - wong kabeh

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(8)

 Kang mengkono mau satemene dadi tandha yekti menawa kuwasaning Allah iku sampurna, ewadene akeh - akehe manungsa padha ora percaya ing Allah

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(9)

 Satemene Allah Pangeranira iku yekti Maha Mulya tur Maha Asih

وَإِذْ نَادَىٰ رَبُّكَ مُوسَىٰ أَنِ ائْتِ الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ(10)

 (Muhammad), sira nyritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Musa, kanthi didhawuhi mengkene, "Sira Ingsun utus menyanga panggonane wongkang nganiaya, yaiku wong kang duraka

قَوْمَ فِرْعَوْنَ ۚ أَلَا يَتَّقُونَ(11)

 Yaiku kaume (ummate) Fir’aun, padha pituturana, yagene teka padha ora bekti (taqwa) marang Allah

قَالَ رَبِّ إِنِّي أَخَافُ أَن يُكَذِّبُونِ(12)

 Musa munjuk, "Dhuh Pangran kawula, sayketosipun kawula kuwatos menawi kaumipun Fir’aun sami maiben (ngogorohaken) dhateng kawula

وَيَضِيقُ صَدْرِي وَلَا يَنطَلِقُ لِسَانِي فَأَرْسِلْ إِلَىٰ هَارُونَ(13)

 Iba anggenipun rupeg dada (kaken manah) kawula, sarta lisan (ilat) kawula boten saged wicanten (trampil). Mila bilih amarengaken, Panjenengan mugi kersaha ngutus sedherek kawula Harun, dados sesulih (mbantu) kawula

وَلَهُمْ عَلَيَّ ذَنبٌ فَأَخَافُ أَن يَقْتُلُونِ(14)

 Makaten malih kawula punika nandhang kalepatan dhumateng Fir’aun sekaumipun. Mila kula kuwatos bokmenawi Fir’aun wau lajeng mejahi kawula

قَالَ كَلَّا ۖ فَاذْهَبَا بِآيَاتِنَا ۖ إِنَّا مَعَكُم مُّسْتَمِعُونَ(15)

 Allah paring pangandika, "Fir’aun ora bakal mateni sira. Mulane saiki sira mangkata lan sedulur ira Harun, klawan anggawa tandha yekti saka Ingsun. Ingsun anjungkung marang sira, sarta mirengaki aturira

فَأْتِيَا فِرْعَوْنَ فَقُولَا إِنَّا رَسُولُ رَبِّ الْعَالَمِينَ(16)

 Sira sakloron padha nemonana Fir’aun sarta dhawuhna, "Sayektosipun kita kekalih punika utusanipun Pangeraning Alam sadoya

أَنْ أَرْسِلْ مَعَنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ(17)

 Mugi panjenegan ngandikani supados tiyang Bani Israil tumut kula tiyang kalih (mantuk dhateng tanah Palistina=kan’an)

قَالَ أَلَمْ نُرَبِّكَ فِينَا وَلِيدًا وَلَبِثْتَ فِينَا مِنْ عُمُرِكَ سِنِينَ(18)

 (Musa lan Harun banjur ngestokake dhawuhe Allah bareng wis andhawuhake apa dhawuhing Allah), Fir’aun mangsuli, "Apa sira lali anggonira ingsun openi ana ing kene kaya dene anak, lan sira melu ingsun wiwit bayi nganti (umur tahun) tatahunan

وَفَعَلْتَ فَعْلَتَكَ الَّتِي فَعَلْتَ وَأَنتَ مِنَ الْكَافِرِينَ(19)

 LAn maneh sira wis nindakake keluputan (mateni wong Qibti benere Ingsun patrapi apa - apa , saiki sira duwe tindak kang mengkono). Dadi tetela sira ora weruh marang kebecikangingsun

قَالَ فَعَلْتُهَا إِذًا وَأَنَا مِنَ الضَّالِّينَ(20)

 Musa paring wangsulan, "Kula nindakaken ingkang mekaten punika wau, jalaran kala semanten kula taksih kelebet golonganipun tiyang ingkang klentu

فَفَرَرْتُ مِنكُمْ لَمَّا خِفْتُكُمْ فَوَهَبَ لِي رَبِّي حُكْمًا وَجَعَلَنِي مِنَ الْمُرْسَلِينَ(21)

 Ewa semanten, saking ajrih kula, lajeng kesah saking ngriki, (dhateng ing madyan). Wonten ingriku kula dipun paringi kawicaksanan dening ALlah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados Nabi, punapa dene dipun piji dados Utusaning Pangeran

وَتِلْكَ نِعْمَةٌ تَمُنُّهَا عَلَيَّ أَنْ عَبَّدتَّ بَنِي إِسْرَائِيلَ(22)

 (Punapa maneh kula mejahi tiyang boten panjenengan patrapi hukum qisos, utawi dumeh kula boten panjenengan pasrahi pandamelan awrat tur siya - siya, kados tiyang - tiyang bani Israil sanes - sanesipun). Punapa kula ingkang panjenengan wastani kesaenan panjenengan dateng kula, lajeng paduka angatiplakaken para turun Israil

قَالَ فِرْعَوْنُ وَمَا رَبُّ الْعَالَمِينَ(23)

 Fir’aun pitakon, "Pangerane wong sajagad iku sapa

قَالَ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ إِن كُنتُم مُّوقِنِينَ(24)

 Musa paring wangsulan, "Menawi panjenengan sumerep, samukawis ingkang dumadi punika wonten urusanipun, ingkang Mangerani tiyang sajagad punika, Pangeraning bumi kaliyan langit, ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawisipun bumi kaliyan langit

قَالَ لِمَنْ حَوْلَهُ أَلَا تَسْتَمِعُونَ(25)

 Fir’aun banjur tumuleh marang para panggedhe kang padha saba ana ing kiwatengene, pangucape, "Apa sira ora padha krungu wangsulane Musa, teka dudu kang Ingsun tekokake

قَالَ رَبُّكُمْ وَرَبُّ آبَائِكُمُ الْأَوَّلِينَ(26)

 Musa paring wangsulan maneh, "Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran panjenengan saha Pangeranipun leluhur panjenengan rumiyin

قَالَ إِنَّ رَسُولَكُمُ الَّذِي أُرْسِلَ إِلَيْكُمْ لَمَجْنُونٌ(27)

 Fir’aun celathu marang wong kang padha ana ing kono, "Rasulmu kang diutus dening Pangeran, nerang - nerangake marang sira iki edan, ketara anggone ora mangerti pitakone wong

قَالَ رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ إِن كُنتُمْ تَعْقِلُونَ(28)

 Musa paring wangsulan maneh, "Manawi panjenengan gadah akal budi, temtu sumerep bilih Pangeran tiyang sajagad punika Pangeraning masyriq (panggenan medaling surya/wetan)" kaliyan maghrib (panggenan seraping surya/kulon), ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawasipun masyriq lan maghrib

قَالَ لَئِنِ اتَّخَذْتَ إِلَٰهًا غَيْرِي لَأَجْعَلَنَّكَ مِنَ الْمَسْجُونِينَ(29)

 Fir’aun mangsuli, "Menawa sira mangeran marang saliyane ingsun, mesthi bakal ngunjara mrang sira, awor karo wong kang dikunjara

قَالَ أَوَلَوْ جِئْتُكَ بِشَيْءٍ مُّبِينٍ(30)

 Musa mangsuli, "Menawi kula angwontenaken kaelokan minangka tandha yektinipun, bilih kula punika utusanipun Allah sayektos, punapa inggih meksa panjenengan kunjara

قَالَ فَأْتِ بِهِ إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(31)

 Fir’aun mangsuli, "Menawa aturira iku temen, mara gaweya kaelokan kaya kang sira kandhakake

فَأَلْقَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِينٌ(32)

 Musa nuli mangsuli nguncalake tekene, sanalika tekene Musa iku dadi ula kang gedhe, galak anggegirisi

وَنَزَعَ يَدَهُ فَإِذَا هِيَ بَيْضَاءُ لِلنَّاظِرِينَ(33)

 Musa nuli ngetokake epek - epeke tangane saka ing klambine, sanalika mencorong putih (kaya srengenge amblerengi) marang wong kang padha ndeleng

قَالَ لِلْمَلَإِ حَوْلَهُ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ عَلِيمٌ(34)

 Fir’aun banjur dhawuh marang pra panggedhe kang padha saba ing kiwa tengene, "Musa iku tetela juru sihir kang pinunjul

يُرِيدُ أَن يُخْرِجَكُم مِّنْ أَرْضِكُم بِسِحْرِهِ فَمَاذَا تَأْمُرُونَ(35)

 Sumedya nudhung marang sira kabeh saka negaramu (ing Mesir) kene sarana sihire, Saiki kepriye kang dadi rembugira

قَالُوا أَرْجِهْ وَأَخَاهُ وَابْعَثْ فِي الْمَدَائِنِ حَاشِرِينَ(36)

 (Para panggedhe mau) banjur padha matur, "Pamanggih kula Musa lan sedherekipun punika prayogi dipun srantosaken rumiyin. Sapunika sang nata utusana dhateng sakatha hing kitha wewengkon ing ngriki, nimbali sowan pepak

يَأْتُوكَ بِكُلِّ سَحَّارٍ عَلِيمٍ(37)

 Para pangageng kala wau kadhawuhana nyaosaken para juru sihir ingkang pinunjul, dhateng sngarsaning sang nata

فَجُمِعَ السَّحَرَةُ لِمِيقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُومٍ(38)

 Ing kono para juru sihir banjur dikumpulake (ana ing Mesir) ing dina kang wis katemtokake

وَقِيلَ لِلنَّاسِ هَلْ أَنتُم مُّجْتَمِعُونَ(39)

 (Bareng wis tekan ing dina kang tinemtokake), Banjur padha tampa dhawuh (wong ing Mesir) apa wis padha kumpul, mara enggal padha ngumpula

لَعَلَّنَا نَتَّبِعُ السَّحَرَةَ إِن كَانُوا هُمُ الْغَالِبِينَ(40)

 Menawa para juru sihir menang, bokmenawa aku lestari manut agamane para juru sihir, aja nganti manut marang Musa

فَلَمَّا جَاءَ السَّحَرَةُ قَالُوا لِفِرْعَوْنَ أَئِنَّ لَنَا لَأَجْرًا إِن كُنَّا نَحْنُ الْغَالِبِينَ(41)

 Bareng para juru sihir wis padha nglumpuk, banjur padh amatur marang Fir’aun, "Menawi kita mimpang, punapa badhe tampi ganjaran, sang nata

قَالَ نَعَمْ وَإِنَّكُمْ إِذًا لَّمِنَ الْمُقَرَّبِينَ(42)

 Fir’aun mangsuli, "Iya bakal tampa ganjaran, sarta yen sira menang, sira mesthi bakal kecedhak marang aku

قَالَ لَهُم مُّوسَىٰ أَلْقُوا مَا أَنتُم مُّلْقُونَ(43)

 Musa ditantang para juru sihir banjur mangsuli, "Lah sira bae luwih dhisik, anggelarna sihir (ingkono sira bakal weruh kawusanane)

فَأَلْقَوْا حِبَالَهُمْ وَعِصِيَّهُمْ وَقَالُوا بِعِزَّةِ فِرْعَوْنَ إِنَّا لَنَحْنُ الْغَالِبُونَ(44)

 Para juru sihir mau nulu padh anguncalake tampare (dhadhunge) lan tekene, pengucape, "Demi kamulyane Fir’aun, ingsun sakonca para juru sihir mesthi padha menang

فَأَلْقَىٰ مُوسَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُونَ(45)

 Musa nuli nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula kang gedhe, banjur nguntali ulane anggone nyulap para juru sihir mau (nganti sirna kabeh)

فَأُلْقِيَ السَّحَرَةُ سَاجِدِينَ(46)

 Para juru sihir banjur padha weruh menawa mu’jizate Musa iku dudu sihir, nuli padh anjungkel padha sujud kabeh

قَالُوا آمَنَّا بِرَبِّ الْعَالَمِينَ(47)

 Wong - wong ahli juru sihir mau padha ngucap, "Sapunika kita sami percador(iman) dhateng Allah, pangeranipun alam sedaya

رَبِّ مُوسَىٰ وَهَارُونَ(48)

 Inggih punika Pangeranipun Musa lan Harun

قَالَ آمَنتُمْ لَهُ قَبْلَ أَنْ آذَنَ لَكُمْ ۖ إِنَّهُ لَكَبِيرُكُمُ الَّذِي عَلَّمَكُمُ السِّحْرَ فَلَسَوْفَ تَعْلَمُونَ ۚ لَأُقَطِّعَنَّ أَيْدِيَكُمْ وَأَرْجُلَكُم مِّنْ خِلَافٍ وَلَأُصَلِّبَنَّكُمْ أَجْمَعِينَ(49)

 Fir’aun banget nepsune, pangucape, "He para juru sihir, yagene sira padha wani percaya marang Musa, sadurunge pikantuk palilahingsun. Yen mengkono Musa iku penggodhamu, kang mulang sihir marang sira. Sira bakal weruh kuwasane awakira. Sira bakal ingsun tugel tanganira lan sikilira diseling - seling (dijunjang) sarta ingsun penthang utawa tak tanjir kabeh

قَالُوا لَا ضَيْرَ ۖ إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا مُنقَلِبُونَ(50)

 Para ahli sirih padha mangsuli, "Pangancam panjenengan makaten punika boten dados punapa, Sanajan kula pejaha, temtu badhe wangsul dhateng ngarsaning Pangeran kula

إِنَّا نَطْمَعُ أَن يَغْفِرَ لَنَا رَبُّنَا خَطَايَانَا أَن كُنَّا أَوَّلَ الْمُؤْمِنِينَ(51)

 Kula ngajeng - ajeng mugi - mugi Allah Pangeran kula kersa paring pangapunten sakathahing kalepatan kula, Dene kula sedaya punika dados kawitanipun tiyang ingkang pitados ing Allah lan dhateng Musa

۞ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنْ أَسْرِ بِعِبَادِي إِنَّكُم مُّتَّبَعُونَ(52)

 Ingsun paring wahyu (prentah) marang Musa, "He Musa, sira mangkata lunga (saka ing Mesir), bebarengan karo kawulaningsun wong Bani Israil kabeh, Sira bakal dioyak dening Fir’aun dalah para kaume

فَأَرْسَلَ فِرْعَوْنُ فِي الْمَدَائِنِ حَاشِرِينَ(53)

 Bareng Fir’aun krungu menawa wong Bani Israil padha lunga, banjur nglumpukake wong - wong ing kutha - kutha wewengkone, padha diajak ngoyak wong Bani Israil

إِنَّ هَٰؤُلَاءِ لَشِرْذِمَةٌ قَلِيلُونَ(54)

 Pangucape Fir’aun, "Para kaumku kabeh aja padha wedi. Wong bani Israil iku mung sethithik cacahe

وَإِنَّهُمْ لَنَا لَغَائِظُونَ(55)

 Nanging sejatine wong Bani ISrail mau anggregetake, gawe napsuku

وَإِنَّا لَجَمِيعٌ حَاذِرُونَ(56)

 Dene para kaumk wong Mesir iku padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gegamane

فَأَخْرَجْنَاهُم مِّن جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ(57)

 Pangandikane Allah, "Ingsun nuli nundhung wong - wong mau (Fir’aun dalah para kaume) ninggalale palemahane (pakebonan) kang ana kaline pating sreweh

وَكُنُوزٍ وَمَقَامٍ كَرِيمٍ(58)

 Lan ninggalake gedung - gedung isi rajabrana sarta palinggihan (panggonan) kang indah - indah (becik - becik)

كَذَٰلِكَ وَأَوْرَثْنَاهَا بَنِي إِسْرَائِيلَ(59)

 Wis mengkono anggoningsun ngetokake Fir’aun: Sasirnane Fir’aun dalah para kaum kelem an aing segara, raja dabeke Ingsun paringake dadi warisan marang wong bani Israil, padha dibaleni marang ing Mesir

فَأَتْبَعُوهُم مُّشْرِقِينَ(60)

 Fir’aun dalah para kaume mau padh angoyak wong Bani Israil, ing wayah metune srengenge meh kecandhak ana ing pinggiring segara

فَلَمَّا تَرَاءَى الْجَمْعَانِ قَالَ أَصْحَابُ مُوسَىٰ إِنَّا لَمُدْرَكُونَ(61)

 Barang owng Bani Israil lan wong Mesir (kaume Fir’aun) wis padha arep - arepan, ing kono para sahabate Musa padha matur, "Kados pundi kita punika badhe sami kecepeng (ketututan)

قَالَ كَلَّا ۖ إِنَّ مَعِيَ رَبِّي سَيَهْدِينِ(62)

 Musa paring wangsulan, "Ora. Sira aja padha kuwatir, Satemene Ingsun iki dijangkung dening Allah Pangeraningsun, kang bakal paring pitedah dalan keslamten marang ingsun

فَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنِ اضْرِب بِّعَصَاكَ الْبَحْرَ ۖ فَانفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرْقٍ كَالطَّوْدِ الْعَظِيمِ(63)

 Ingsun banjur paring wahyu marang Musa,"He Musa, tekenira iku gitikna (sabetna) ing segara (Qulzum)". Bareng segara disabet (digitek) dening Musa, banyune banjur piyak dadi rosal lurung, antarane lurung - lurung mau banyune anggenggeng kaya gunung dhuwur

وَأَزْلَفْنَا ثَمَّ الْآخَرِينَ(64)

 Ingsun anggiring Fir’aun dalah pra kaume mlebu ing segara, ngoyak Musa dalah wong Bani Israil

وَأَنجَيْنَا مُوسَىٰ وَمَن مَّعَهُ أَجْمَعِينَ(65)

 Lan Ingsun paring selamet marang Musa lan wong Bani Israil kabeh padha metu saka ing segara

ثُمَّ أَغْرَقْنَا الْآخَرِينَ(66)

 Sawise MUsa dalah wong Bani Israil padha metu saka ing segara, Fir’aun dalah para kaume padha Ingsun tumpes sarana Ingsun tungkebi (keremake) banyu segara

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(67)

 Mungguh satemene tumpese Fir’aun dalah para kaume, iku yekti dadi tandha yekti, kanggo lupiya marang wong sapungkure Fir’aun. Lan akeh - akehe wong - wong mau padha ora gelem mukmin

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(68)

 Lan satemene Pangeranira iku Maha Mulya sarta asih

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ إِبْرَاهِيمَ(69)

 (Muhammad) wong - wong kafir iku padha sira wacakna cerita lelakone Ibrahim

إِذْ قَالَ لِأَبِيهِ وَقَوْمِهِ مَا تَعْبُدُونَ(70)

 Nalikane Ibrahim matur marang Bapakne utawa ngendika mituturi marang para ummate, "Panjenengan punika sami manembah punapa

قَالُوا نَعْبُدُ أَصْنَامًا فَنَظَلُّ لَهَا عَاكِفِينَ(71)

 Bapakne lan para kaume padha mangsuli, "Kita padha manembah brahala salawas - lawase

قَالَ هَلْ يَسْمَعُونَكُمْ إِذْ تَدْعُونَ(72)

 Ibrahim bacutake pitakone, "Menawi panjenengan matur punapa - punapa dhateng brahala - brahala wau, punapa brahala - brahala wau saged mrieng

أَوْ يَنفَعُونَكُمْ أَوْ يَضُرُّونَ(73)

 Utawa punapa saged mikantuki (damel manfaat) punapadene mlarati dhateng panjenengan

قَالُوا بَلْ وَجَدْنَا آبَاءَنَا كَذَٰلِكَ يَفْعَلُونَ(74)

 Bapakne Ibrahim lan para umate padha mangsuli, "Ora bisa, nanging para leluhur kita biyen iya padha manembah brahala kaya kita iki

قَالَ أَفَرَأَيْتُم مَّا كُنتُمْ تَعْبُدُونَ(75)

 Ibrahim pitakon maneh, "Punapa sampun panjenengan galih sayekto anggen panjenengan manembah brahala punika

أَنتُمْ وَآبَاؤُكُمُ الْأَقْدَمُونَ(76)

 Panjenengan piyambah lan para leluhur panjenengan rumiyin

فَإِنَّهُمْ عَدُوٌّ لِّي إِلَّا رَبَّ الْعَالَمِينَ(77)

 Sejatosipun brahala - brahala pnika (ingkang kula sembah) dados satru kula, kajawi Allah Pangeranipun alam sadaya, punika Pangeran kula

الَّذِي خَلَقَنِي فَهُوَ يَهْدِينِ(78)

 Inggih Allah punika ingkang nitahaken badan kula, sarta paring pitedah margi ingkang leres

وَالَّذِي هُوَ يُطْعِمُنِي وَيَسْقِينِ(79)

 Inggih Allah punika ingkang paring tedha sarta omben - omben dhateng kula

وَإِذَا مَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِينِ(80)

 Menawi kula nandhang sakit, panjenenganipun Allah punika ingkang nyarasaken dhateng kula

وَالَّذِي يُمِيتُنِي ثُمَّ يُحْيِينِ(81)

 Sarta panjenenganipun ingkang badhe mejahi kula. Sasampunipun pejah, benjing dinten Qiyamat anggesangaken dhateng kula

وَالَّذِي أَطْمَعُ أَن يَغْفِرَ لِي خَطِيئَتِي يَوْمَ الدِّينِ(82)

 Inggih Allah punika ingkang kula ajeg - ajeg paring pangapunten kelepatan kula benjing dinten Qiyamat

رَبِّ هَبْ لِي حُكْمًا وَأَلْحِقْنِي بِالصَّالِحِينَ(83)

 Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi paringa kawicaksanan dhumateng kawula. Mugi Panjenengan lebetaken (golongaken) kapanggihaken kaliyan pra tiyang ingkang sae

وَاجْعَل لِّي لِسَانَ صِدْقٍ فِي الْآخِرِينَ(84)

 Kawula mugi Panjenengan dadosaken pengaleman saha tetuladhanipun tiyang Islam sapengker kawula

وَاجْعَلْنِي مِن وَرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيمِ(85)

 Saha kawula mugi panjenengan dadosaken ahli waris, ingkang badhe nampi pandumanipun suwarga Na’im

وَاغْفِرْ لِأَبِي إِنَّهُ كَانَ مِنَ الضَّالِّينَ(86)

 Mekaten malih bapak kawula punika ewonipun tiyang kesasar, punika mugi Panjenengan kersakaken tobat, salajengipun Panjenengan paringi pangapunten kalepatanipun

وَلَا تُخْزِنِي يَوْمَ يُبْعَثُونَ(87)

 Ing benjing dinten QIyamat, dinten tanginipun tiyang pejah, Panjenengan mugi sampun ngasoraken (meleh - melehaken) awon kawula

يَوْمَ لَا يَنفَعُ مَالٌ وَلَا بَنُونَ(88)

 Inggih punika dinten (Qiyamat) kalanipun bandha tuwin anak mboten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik

إِلَّا مَنْ أَتَى اللَّهَ بِقَلْبٍ سَلِيمٍ(89)

 Kajawi tiyang ingkang sowan wonten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik

وَأُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِينَ(90)

 Ing dina iku suwarga dicedhakake marang wong kang padha bekti (taqwa)

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيمُ لِلْغَاوِينَ(91)

 Dene neraka jahim dikatonake marang wong - wong kang padha lacut (kafir)

وَقِيلَ لَهُمْ أَيْنَ مَا كُنتُمْ تَعْبُدُونَ(92)

 Wong - won gkafir mau padha didangu, "Endi rupane brahala kang padha sira sembah biyen

مِن دُونِ اللَّهِ هَلْ يَنصُرُونَكُمْ أَوْ يَنتَصِرُونَ(93)

 Sira milih manembah saliyane ALlah? Brahala apa bisa aweh pitulung marang sira utawa marang awake dhewe, jugarake siksane Allah

فَكُبْكِبُوا فِيهَا هُمْ وَالْغَاوُونَ(94)

 Brahala - brahala mau nuli dipunjungkelake, dicemplungake ing neraka karo wong - wong kafir

وَجُنُودُ إِبْلِيسَ أَجْمَعُونَ(95)

 Lan para wadya balane iblis kabeh

قَالُوا وَهُمْ فِيهَا يَخْتَصِمُونَ(96)

 Wong - wong kafir mau ana ing sajrone neraka padha padu rame karo brahalane, pangucape wong kafir

تَاللَّهِ إِن كُنَّا لَفِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ(97)

 Demi Allah, satemene Ingsun iki tetela wong kang kesasar saka dalan keslametan

إِذْ نُسَوِّيكُم بِرَبِّ الْعَالَمِينَ(98)

 Amarga anggoningsun manembah marang sira, ingsun padhakake Pangerane wong alam kabeh

وَمَا أَضَلَّنَا إِلَّا الْمُجْرِمُونَ(99)

 Dene kang nasarake (anjnlomprongake) ingsun iki, ora ana maneh kajaba syetan

فَمَا لَنَا مِن شَافِعِينَ(100)

 Saiki ora ana wong kang bisa aweh pitulungan apa - apa marang ingsun

وَلَا صَدِيقٍ حَمِيمٍ(101)

 Lan ingsun ora duwe kanca kang mbelani aweh pitulungan marang ingsun

فَلَوْ أَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(102)

 Upama ingsun diparengake bali marang donya maneh, ingsun saguh dadi wong mukmin, nindakake apa tumindake wong mukmin

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(103)

 Satemene cerita kang kasebut mau dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir-mikir. Nanging manungsa ora akeh sing padha gelem mukmin

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(104)

 Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

كَذَّبَتْ قَوْمُ نُوحٍ الْمُرْسَلِينَ(105)

 Para ummate Nuh padha nggorohake para utusan

إِذْ قَالَ لَهُمْ أَخُوهُمْ نُوحٌ أَلَا تَتَّقُونَ(106)

 Nuh dalah para ummate iku isih sedulur. Nalika semana Nuh dhawuh marang para ummate, "Ya gene sira padha ora wedi marang Allah

إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ(107)

 Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang mitayani anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah, ora nambahi, ora ngurangi lan ora ngowahi

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(108)

 Sira padh awediya ing Allah lan ngestokna marang Ingsun

وَمَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ الْعَالَمِينَ(109)

 Anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang Ingsun, ora ana maneh kajaba Allah Pangerane ngalam kabeh

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(110)

 Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun

۞ قَالُوا أَنُؤْمِنُ لَكَ وَاتَّبَعَكَ الْأَرْذَلُونَ(111)

 Para umate Nuh padha matur mangsuli, "Kenging punapa kita manut dhewek panjenengan lan tiyang ingkang sami manut ndherek panjenengan punika sami tiyang ingkang asor (andhahan urakan) sadaya

قَالَ وَمَا عِلْمِي بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(112)

 Nuh paring wangsulan marang para ummate, "(Ingsun mau diutus murih para manungsa padha iman marang Allah) ora susah nyumurupi luguning para panganggepe kang dibathin

إِنْ حِسَابُهُمْ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّي ۖ لَوْ تَشْعُرُونَ(113)

 Menawa sira padha weruh". dene panimbange penganggep kang dibathin iku ana astane Allah

وَمَا أَنَا بِطَارِدِ الْمُؤْمِنِينَ(114)

 Lan Ingsun ora bakal nulak wong - wong kang padha mukmin ing Allah

إِنْ أَنَا إِلَّا نَذِيرٌ مُّبِينٌ(115)

 Ingsun iki ora liya kajaba juru pepeling klawan cetha, lan ora ningali sapa wonge

قَالُوا لَئِن لَّمْ تَنتَهِ يَا نُوحُ لَتَكُونَنَّ مِنَ الْمَرْجُومِينَ(116)

 Para umate Nuh padha kaku atine, pangucape, "He Nuh, anggen panjenengan munasika dhateng kita punika menawi boten panjenengan kendeli, panjenengan mesthi badhe kita balangi sela

قَالَ رَبِّ إِنَّ قَوْمِي كَذَّبُونِ(117)

 Nuh banjur matur marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sejatosipun para umat kawula sami maiben (anggorohaken) dhateng kawula

فَافْتَحْ بَيْنِي وَبَيْنَهُمْ فَتْحًا وَنَجِّنِي وَمَن مَّعِيَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(118)

 Mila panjenengan mugi kaparenga andhawuhaken bilih punapa ingkang kawula dhawuhaken punika leres tumrap anggen kawula pasulayan kaliyan ummat kawula wau, punapa dene Panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula dalah para tiyang ingkang tumut dhateng kawula para tiyang mukmin

فَأَنجَيْنَاهُ وَمَن مَّعَهُ فِي الْفُلْكِ الْمَشْحُونِ(119)

 Ingsun paring selamet marang Nuh dalah para kaume para wong mukmin, ana ing perahu kang kebak (isi wong lan sawarnaning kewan daratan)

ثُمَّ أَغْرَقْنَا بَعْدُ الْبَاقِينَ(120)

 Sawise mengkono, para ummate Nuh liya - liyane padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kelem

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(121)

 Carita lelakone Nuh lan para ummate mau, satemene dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir. Nanging akeh - akehe padha ora gelem mukmin

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(122)

 Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

كَذَّبَتْ عَادٌ الْمُرْسَلِينَ(123)

 Wong ’Aad uga padha anggorohake (maido) para Rasul

إِذْ قَالَ لَهُمْ أَخُوهُمْ هُودٌ أَلَا تَتَّقُونَ(124)

 Sedulure kaum ’Aad yaiku Hud, ngendika maringi pitutur marang wong - wong mau, "Yagene sira padha ora wedi marang Allah

إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ(125)

 Satemene Ingsun iki utusane Allah, anggoningsun medharake dhawuhe Allah iku mitayani. Ingsun diutus marang sira kabeh

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(126)

 Sira padha wediya marang Allah lan ngestokna marang ingsun

وَمَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ الْعَالَمِينَ(127)

 Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjarang marang Ingsun, ora ana maneh kajaba mung Allah Pangerane ’alam kabeh

أَتَبْنُونَ بِكُلِّ رِيعٍ آيَةً تَعْبَثُونَ(128)

 Ya gene sira padha ngedegake omah dhuwur ana ing ngendi - endi panggonan, perlu mung kanggo dolanan lan nyenyenges tumrap wong kang liwat

وَتَتَّخِذُونَ مَصَانِعَ لَعَلَّكُمْ تَخْلُدُونَ(129)

 Apa dene sira padha gawe blumbang utawa segaran, pangarep - arepira sira langgenga urip, aja mati - mati

وَإِذَا بَطَشْتُم بَطَشْتُمْ جَبَّارِينَ(130)

 Mengkono maneh sira buteng sarta cengkiling, menawa sira mara tangan siya - siya

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(131)

 Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang Ingsun

وَاتَّقُوا الَّذِي أَمَدَّكُم بِمَا تَعْلَمُونَ(132)

 Lan padha bektia ing Pangeran kang paring kenikmatan (kabungahan) marang sira, kaya kang wis padha sira sumurupi

أَمَدَّكُم بِأَنْعَامٍ وَبَنِينَ(133)

 Panjenengane Allah wis maringi kabungahan marang sira rupa raja kaya sarta turunan

وَجَنَّاتٍ وَعُيُونٍ(134)

 Apa dene palemahan (pakebonan) lan kali pirang - pirang

إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ(135)

 Satemene (menawa sira padha ora gelem manut marang pangandikaningsun) ingsun kuwatir, ora wurung sira bakal nandhang siksane Allah, ana ing donya lan akherat

قَالُوا سَوَاءٌ عَلَيْنَا أَوَعَظْتَ أَمْ لَمْ تَكُن مِّنَ الْوَاعِظِينَ(136)

 (Wong ’Aad) padha matur mangsuli, "Dhuh Huud, kita panjenengan wulang makaten punika kaliyan boten, sami kemawon boten badhe melu dhateng piwulang panjenengan

إِنْ هَٰذَا إِلَّا خُلُقُ الْأَوَّلِينَ(137)

 Sayektosipun, piwulang ingkang panjenengan angge ngajrih - ngajriih dhateng kita punika kados ngajrih - ngajrihi lare alit, punika mboten liya damel - damelanipun para tiyang kina rumiyin

وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِينَ(138)

 Sampun mboten kemawon kita badhe nandhang siksa

فَكَذَّبُوهُ فَأَهْلَكْنَاهُمْ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(139)

 Wong ’Aad padha maido (anggorohake) marang Huud, mulane banjur Ingsun tumpes. Kang mengkono mau satemene dadi lupiya tumrap wong kang gelem mikir - mikir. Nanging akeh - akehe para manugsa padha ora gelem mukmin

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(140)

 Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

كَذَّبَتْ ثَمُودُ الْمُرْسَلِينَ(141)

 Wong Tsamud uga padha nggorohake para Rasul

إِذْ قَالَ لَهُمْ أَخُوهُمْ صَالِحٌ أَلَا تَتَّقُونَ(142)

 Nalika semana sedulure wong Tsamud yaiku Shalih paring dhawuh marang wong Tsamud, "He para seduluringsun, yagene sira padha ora wedi marang Allah

إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ(143)

 Satemene Ingsun iku Utusane Allah tur kena dipercaya

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(144)

 Sira padha manuta ing Allah, lan ngestokna marang Ingsun

وَمَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ الْعَالَمِينَ(145)

 Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun ora liya mung Allah Pangerane ngalam kabeh

أَتُتْرَكُونَ فِي مَا هَاهُنَا آمِنِينَ(146)

 Apa sira padha duwe pangira menawa anggonira urip iku ditogake bae tentrem salawase, ora ana apa - apa (luput pangairanira)

فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ(147)

 Saiki sira duwe palemahan akeh lan kali - kali

وَزُرُوعٍ وَنَخْلٍ طَلْعُهَا هَضِيمٌ(148)

 Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang wohe mateng - mateng

وَتَنْحِتُونَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوتًا فَارِهِينَ(149)

 Lan padha gawe guwa ana ing gungung - gunung kanggo omah, pancen padha baut

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(150)

 Sira padha wediya ing Allah lan ngestokna pituturingsun

وَلَا تُطِيعُوا أَمْرَ الْمُسْرِفِينَ(151)

 Lan sira aja manut perintahe wong (kafir) kang ngliwati wates

الَّذِينَ يُفْسِدُونَ فِي الْأَرْضِ وَلَا يُصْلِحُونَ(152)

 Yaiku wong kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, lan ora gawe becik, sarana ’adil lan iman marang Allah

قَالُوا إِنَّمَا أَنتَ مِنَ الْمُسَحَّرِينَ(153)

 Wong Tsamud padha mangsuli, "Panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging ing sihir

مَا أَنتَ إِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا فَأْتِ بِآيَةٍ إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(154)

 Boten sanes panjenengan punika inggih tiyang kados kita kemawon. (Wangsul panjenengan ngaken Utusanipun Allah) menawi dhasar temen cobi panjenengan angawontenaken tandha yekti

قَالَ هَٰذِهِ نَاقَةٌ لَّهَا شِرْبٌ وَلَكُمْ شِرْبُ يَوْمٍ مَّعْلُومٍ(155)

 Nabi Shalih mangsuli, "(Tandha yektine delengen) iki unta (peparinge Allah metu saka ing watu, kaya carane unta lahir saka biyunge, tetep kaya panyuwunira). Unta iki duwe pepancen ngombe ing sendhang iki, sira uga duwe pepancen, giliran sedina endhing, aja padha nyahak gilirane unta mau

وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَظِيمٍ(156)

 Lan aja pisan - pisan ngganggu gawe marang unta iki, (menawa sira nganti ngganggu gawe), mesthi bakal nandhang siksane Allah kang abot, ana ing dina kang anggegirisi

فَعَقَرُوهَا فَأَصْبَحُوا نَادِمِينَ(157)

 Wong tsamud banjur padha amragad unta mau. Bareng padha sumurup bakal tekane siksa, padha banget getun lan keduwange

فَأَخَذَهُمُ الْعَذَابُ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(158)

 Wong Tsamud banjur tumpes kena ing siksane Allah, kaya pangancame Nabi Shalih, kang mengkono mau mesthi dadi kaca benggala tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging sethithik banget kang padha gelem percaya

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(159)

 Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya Maha Asih

كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوطٍ الْمُرْسَلِينَ(160)

 Para ummate LUth uga padha anggorohake (maido) marang para Rasul

إِذْ قَالَ لَهُمْ أَخُوهُمْ لُوطٌ أَلَا تَتَّقُونَ(161)

 Nalika semana sedulure kang aran Luth paring pitutur mengkene, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah

إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ(162)

 Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang percaya marang sira kabeh

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(163)

 Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun

وَمَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ الْعَالَمِينَ(164)

 Anggoningsun nekaake dhawuhe Allah, ora amrih opah. Dene kang bakal maringi ganjaran mung Allah Pangerane alam kabeh

أَتَأْتُونَ الذُّكْرَانَ مِنَ الْعَالَمِينَ(165)

 Yagene sira padha milih cumbana padha wong lanang, kamungka ora kurang wong wadon

وَتَذَرُونَ مَا خَلَقَ لَكُمْ رَبُّكُم مِّنْ أَزْوَاجِكُم ۚ بَلْ أَنتُمْ قَوْمٌ عَادُونَ(166)

 Sira padha nampik para bojonira, kang wis dicawisake lan diwenangake dening Allah Pangeranira marang sira. Dadi sira iki tetep wong kebangeten, nampik barang kang diwenangake, milih kang dadi larangan

قَالُوا لَئِن لَّمْ تَنتَهِ يَا لُوطُ لَتَكُونَنَّ مِنَ الْمُخْرَجِينَ(167)

 (Para ummate Luth) padha mangsuli, "Dhuh Luth, menawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan munasika dhateng kita punika, panjenengan mesthi kita tundhung saking mriki

قَالَ إِنِّي لِعَمَلِكُم مِّنَ الْقَالِينَ(168)

 (Luth ganti paring) wangsulan, "Sakarepira, satemene ingsun gething banget lan ora sudi marang tindakira kang mengkono iku

رَبِّ نَجِّنِي وَأَهْلِي مِمَّا يَعْمَلُونَ(169)

 Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula sakulawarga, saking siksa patrapanipun kalepatan, ingkang dipun lampahi dening para ummat kawula

فَنَجَّيْنَاهُ وَأَهْلَهُ أَجْمَعِينَ(170)

 (Pandandikane Allah), Ingsun paring selamet marang Luth dalah kaluwargane kabeh

إِلَّا عَجُوزًا فِي الْغَابِرِينَ(171)

 Kajaba bojone tuwa Luth, iku katut ingsun siksa, amarga mbiyantu marang ummate Luth

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْآخَرِينَ(172)

 Para ummate Luth liya - liyane banjur Ingsun tumpes

وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِم مَّطَرًا ۖ فَسَاءَ مَطَرُ الْمُنذَرِينَ(173)

 Para ummate Luth mau Ingsun udani watu welirang kang murup, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala temen udan siksane wong kafir kang wis diwedeni, meksa padha wangkot

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(174)

 Lelakone para ummate Luth mau, satemene dadi kaca benggala tumrap wong kang padha gelem mikir - mikir, ewodene akeh - akehe manungsa padha ora gelem percaya

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(175)

 Satemene Allah Pangeranira iu Maha Mulya tur Maha Asih

كَذَّبَ أَصْحَابُ الْأَيْكَةِ الْمُرْسَلِينَ(176)

 (Kaume Syu’aib) wong ing Madyan kang padha duwe palemahan loh isi tetanduran, padha maido marang para Rasul

إِذْ قَالَ لَهُمْ شُعَيْبٌ أَلَا تَتَّقُونَ(177)

 Nalika semana Syu’aib paring pitutur marang wong - wong madyan, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah

إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ(178)

 Satemene Ingsun iki Utusane ALlah kang pinitaya marang sira kabeh

فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(179)

 Sira padha bektia ing Allah lan ngestokake marang ingsun

وَمَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَىٰ رَبِّ الْعَالَمِينَ(180)

 Anggoningsun nekake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih opah apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun, ora liya mung Allah Pangerane alam kabeh

۞ أَوْفُوا الْكَيْلَ وَلَا تَكُونُوا مِنَ الْمُخْسِرِينَ(181)

 Sira padha nyampurnakna timbangan, lan poma dipoma aja dadi golongane wong - wong kang padha ngurangi timbangan

وَزِنُوا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيمِ(182)

 Lan sira nimbanga kanthi timbangan kang jejeg

وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ(183)

 Lan aja padha gawe suda ajining barang - baranging wong, lan aja padha rusuh gawe kerusakan ana ing bumi

وَاتَّقُوا الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالْجِبِلَّةَ الْأَوَّلِينَ(184)

 Lan padha bektia ing allah kang nitahake marang sira, lan para umat ing jaman kuna

قَالُوا إِنَّمَا أَنتَ مِنَ الْمُسَحَّرِينَ(185)

 Wong Madyan mangsuli, "Dhuh Syu’aib, panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging sihir

وَمَا أَنتَ إِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا وَإِن نَّظُنُّكَ لَمِنَ الْكَاذِبِينَ(186)

 Panjenengan punika mboten sanes inggih tiyang kados kita kemawon, (sanes malaikat) lan kita kinten dhateng panjenengan punika klebet tiyang ingkang goroh

فَأَسْقِطْ عَلَيْنَا كِسَفًا مِّنَ السَّمَاءِ إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(187)

 Menawi panjenengan punika temen, yektos Utusanipun Allah cobi kita pnejengan turuni siksa jawah gegempilaning langit

قَالَ رَبِّي أَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُونَ(188)

 (Syu’aib) paring wangsulan, "Allah Pangeraningsun mesthi luwih nguningani kabeh barang kang sira tindakake

فَكَذَّبُوهُ فَأَخَذَهُمْ عَذَابُ يَوْمِ الظُّلَّةِ ۚ إِنَّهُ كَانَ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ(189)

 Won ging madyan padha kebanjur - banjur anggone nggorohake (Nabi Syu’aib) mulane banjur ketekan siksane Allah ana ing dina eyub kang gegirisi

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً ۖ وَمَا كَانَ أَكْثَرُهُم مُّؤْمِنِينَ(190)

 Satemene lelakone wong Madyan mau dadi tuladha tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging akeh - akehe wong padha ora gelem mukmin

وَإِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(191)

 Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih

وَإِنَّهُ لَتَنزِيلُ رَبِّ الْعَالَمِينَ(192)

 Lan satemene al-Qur’an iki diturunake dening Allah Pangerane Alam kabeh

نَزَلَ بِهِ الرُّوحُ الْأَمِينُ(193)

 Malaikat Jibril kang pinitaya tumurun klawan ngampil al-Qur’an

عَلَىٰ قَلْبِكَ لِتَكُونَ مِنَ الْمُنذِرِينَ(194)

 Didhawuhake marang atinira Muhammad, supaya sira anggo ngelingake lan ambebungah marang para manungsa

بِلِسَانٍ عَرَبِيٍّ مُّبِينٍ(195)

 Nganggo tetembungan arab kang cetha

وَإِنَّهُ لَفِي زُبُرِ الْأَوَّلِينَ(196)

 Lan satemene al-Qur’an iki wis diwaca (disebutaken) ana ing kitab kuna - kuna

أَوَلَمْ يَكُن لَّهُمْ آيَةً أَن يَعْلَمَهُ عُلَمَاءُ بَنِي إِسْرَائِيلَ(197)

 Ya gene wong kafir padha nyelaki tandha yektine menawa al-Qur’an iku temen dhawuhe Allah, yaiku anggone wis kasebut ana ing kitab - kitab kuna, sarta wis disumurupi dening para pendhitane wong Bani Israil

وَلَوْ نَزَّلْنَاهُ عَلَىٰ بَعْضِ الْأَعْجَمِينَ(198)

 Upama al-Qur’an iku Ingsun dhawuhake marang sawenehe wong ’Ajam (yaiku liyane wong Arab)

فَقَرَأَهُ عَلَيْهِم مَّا كَانُوا بِهِ مُؤْمِنِينَ(199)

 Wong ’Ajam iku banjur diwacakake al-Qur’an, mesthi wong mau ora iman

كَذَٰلِكَ سَلَكْنَاهُ فِي قُلُوبِ الْمُجْرِمِينَ(200)

 Kaya mengkono uga atine wong kafir padha Ingsun leboni sifat kafir (ora percaya) marang al-Qur’an

لَا يُؤْمِنُونَ بِهِ حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(201)

 Dadi padha ora percaya ing al-Qur’an, nganti tumeka anggone padha sumurup siksa neraka kang nglarani

فَيَأْتِيَهُم بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ(202)

 Bareng wis tekan wektune, siksa neraka mau banjur teka marang wong kafir, kanthi ngegetake, wong kafir ora ngira babar pisan menawa bakal ketekan siksa

فَيَقُولُوا هَلْ نَحْنُ مُنظَرُونَ(203)

 (Wong kafir) banjur padha munjuk ing Allah, "Punapa kawula kepareng nyuwun dipun srantosaken sekedhap kemawon, kawula badhe pitadhos dhateng al-Qur’an

أَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُونَ(204)

 (Wong kafir) banjur tompa dhawuh, "Ora kena, yagene sira padha ndang - ndang lan angge tekane siksa

أَفَرَأَيْتَ إِن مَّتَّعْنَاهُمْ سِنِينَ(205)

 (Muhammad) apa sira sumurup, wong kafir iku Ingsun bungahake sawatara lawase

ثُمَّ جَاءَهُم مَّا كَانُوا يُوعَدُونَ(206)

 Bareng wis tekan wektune, banjur padha ketekan siksa kang maune wis dinajekkake lan diancamake

مَا أَغْنَىٰ عَنْهُم مَّا كَانُوا يُمَتَّعُونَ(207)

 Kabungahane sawatara mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa? (mesthi ora)

وَمَا أَهْلَكْنَا مِن قَرْيَةٍ إِلَّا لَهَا مُنذِرُونَ(208)

 Ingsun ora pisan - pisan numpes wong ing padesan, kajaba menawa ing kono wis ana Utusaningsun kang memedeni lan nerangake dhawuh ingsun

ذِكْرَىٰ وَمَا كُنَّا ظَالِمِينَ(209)

 Supaya dadi pepeling, lan ingsun ora pisan - pisan gawe kaniaya

وَمَا تَنَزَّلَتْ بِهِ الشَّيَاطِينُ(210)

 Kang nurunake al-Qur’an iku dudu Syetan

وَمَا يَنبَغِي لَهُمْ وَمَا يَسْتَطِيعُونَ(211)

 Para syetan ora patut lan ora bisa nurunake al-Qur’an

إِنَّهُمْ عَنِ السَّمْعِ لَمَعْزُولُونَ(212)

 Amarga syetan iku menawa arep nginjen, (ngrungok - ngrungokkake guneme para malaikat) banjur dihalangi

فَلَا تَدْعُ مَعَ اللَّهِ إِلَٰهًا آخَرَ فَتَكُونَ مِنَ الْمُعَذَّبِينَ(213)

 (Muhammad) manungsa iku anggone mangeran marang Allah aja karo Mangeran marang liyane. Menawa nganti mangkono, bakal padha nampa siksa saka Allah

وَأَنذِرْ عَشِيرَتَكَ الْأَقْرَبِينَ(214)

 (Lan sira Muhammad) Aweha pepeling marang kerabatira kang klebu isih cedhak

وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(215)

 Sawis sira paringi pitutur, sira nagjenana para wong mukmin kang padha manut lan tha’at

فَإِنْ عَصَوْكَ فَقُلْ إِنِّي بَرِيءٌ مِّمَّا تَعْمَلُونَ(216)

 Menawa dheweke padha ambangkang, sira dhawuha, "Ingsun wisuh, ora melu - melu anggonira padha tumindak manembah saliyane Allah

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْعَزِيزِ الرَّحِيمِ(217)

 Lan sumaraha marang Allah kang Maha Lumya Tur Maha Asih

الَّذِي يَرَاكَ حِينَ تَقُومُ(218)

 Yaiku Pangeran kang mriksani ing wektu sira nindakake shalat

وَتَقَلُّبَكَ فِي السَّاجِدِينَ(219)

 Lan Panjenengane mriksani mobah mosikira ana ing antarane wong kang sujud

إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(220)

 Satemene Allah Midhanget lan Ngudaneni marang kabeh barang dumadi

هَلْ أُنَبِّئُكُمْ عَلَىٰ مَن تَنَزَّلُ الشَّيَاطِينُ(221)

 (Dhawuha Sira Muhammad), "Apa sira kabeh gelem ingsun paringi sumurp marang sapa tumuruning syetan iku

تَنَزَّلُ عَلَىٰ كُلِّ أَفَّاكٍ أَثِيمٍ(222)

 Syetan iku tumrape marang wong kang dhemen goroh lan duraka

يُلْقُونَ السَّمْعَ وَأَكْثَرُهُمْ كَاذِبُونَ(223)

 Biyen para syetan iku padha ngrungokake pangucape para malaikat, banjur diwisikake marang para juru pethek (ahli nujum), dene pametheke juru pethek iku kang akeh goroh

وَالشُّعَرَاءُ يَتَّبِعُهُمُ الْغَاوُونَ(224)

 Para wong kang podho kang kesasar ska dalan keslametan padha manut marang para jur nganggit tembang (penyair), ngucap goroh (ngarani manawa al-Qur’an iku tembang)

أَلَمْ تَرَ أَنَّهُمْ فِي كُلِّ وَادٍ يَهِيمُونَ(225)

 Apa sira ora sumurp menawa (juru nganggit tembang iku), kang akeh padha ambawur rasaning tetembungan

وَأَنَّهُمْ يَقُولُونَ مَا لَا يَفْعَلُونَ(226)

 Lan satemene dheweke (ahli nganggit tembang) padha ngucapake apa kang ora padh ditindakkake

إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَذَكَرُوا اللَّهَ كَثِيرًا وَانتَصَرُوا مِن بَعْدِ مَا ظُلِمُوا ۗ وَسَيَعْلَمُ الَّذِينَ ظَلَمُوا أَيَّ مُنقَلَبٍ يَنقَلِبُونَ(227)

 Kajaba para kang padha angestu, lan padha nindakake kebecikan, lan padha akeh anggone nyebut (eling) asmane Allah, lan padha pikantuk pitulung sawisa dianiaya. Dene wong kafir kang padha nganiaya mau, ing tembe bakal sumurup kawusananae ana ing akherat


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Ash-Shuara with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Ash-Shuara mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Ash-Shuara Complete with high quality
surah Ash-Shuara Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Ash-Shuara Bandar Balila
Bandar Balila
surah Ash-Shuara Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Ash-Shuara Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Ash-Shuara Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Ash-Shuara Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Ash-Shuara Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Ash-Shuara Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Ash-Shuara Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Ash-Shuara Fares Abbad
Fares Abbad
surah Ash-Shuara Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Ash-Shuara Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Ash-Shuara Al Hosary
Al Hosary
surah Ash-Shuara Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Ash-Shuara Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Tuesday, April 30, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب