Al-Baqarah · 116/286
Terjemah Transliterasi — Al-Baqarah
وَقَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ بَل لَّهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ كُلٌّ لَّهُ قَانِتُونَ ۝١١٦
Wa qaalut takhazal laahu waladan subhaanahoo bal lahoo maa fis samaawaati wal ardi kullul lahoo qaanitoon
📖 Ing Basa Jawa
Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra", pangandikaning Allah: "Allah iku Maha Suci, samubarang isine langit lan bumi iku kagungane Allah". Kabeh iku padha ngestokake ing Allah
🎧 Rungokna

📜 Ayat 114-118 — Al-Baqarah

114وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّن مَّنَعَ مَسَاجِدَ اللَّهِ أَن يُذْكَرَ فِيهَا اسْمُهُ وَسَعَىٰ فِي خَرَابِهَا ۚ أُولَٰئِكَ مَا كَانَ لَهُمْ أَن يَدْخُلُوهَا إِلَّا خَائِفِينَ ۚ لَهُمْ فِي الدُّنْيَا خِزْيٌ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Ora ana wong kang luwih aniaya tinimbang wong kang nglarangi Masjide Alah, ora kena dienggo nyebut asmaning Allah ana ing kono lan banjur tumandang ngrusak Masjid mau. Dene wong kang padha nglarangi Masjid mau iya padha ora bisa mlebu ing Masjid kajaba padha ngandhut wedi. Wong kang padha nglarangi Masjid mau ana ing donya digawe asor, dene mbesuk ana akhirat padha kaptrapan siksa sing gedhe
115وَلِلَّهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ ۚ فَأَيْنَمَا تُوَلُّوا فَثَمَّ وَجْهُ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Masyiq lan Maghrib iku kagungane Allah, mulane ing ngendi bae adhepira, Dzating Allah ana ing kono. Satemene Allah iku Maha Jembar lan ngudaneni
116وَقَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ بَل لَّهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ كُلٌّ لَّهُ قَانِتُونَ
Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra", pangandikaning Allah: "Allah iku Maha Suci, samubarang isine langit lan bumi iku kagungane Allah". Kabeh iku padha ngestokake ing Allah
117بَدِيعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَإِذَا قَضَىٰ أَمْرًا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُ كُن فَيَكُونُ
Allah iku kang nitahake langit lan bumi, lan nalikane Allah kersa nitahake sawijining perkara, mesthi Allah ngendikaL "Sira anaa! Barang kan tinitahake mau nuli ana padha sanlika
118وَقَالَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللَّهُ أَوْ تَأْتِينَا آيَةٌ ۗ كَذَٰلِكَ قَالَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِم مِّثْلَ قَوْلِهِمْ ۘ تَشَابَهَتْ قُلُوبُهُمْ ۗ قَدْ بَيَّنَّا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
(Wong kafir ing Mekkah kang padha ora mangerti kitab) padha matur: "Menawi Allah mboten ngendika piyambak dhateng kita, utawi mboten wonten ayat tandha yekti ingkang dhateng ing kita mesthi manahipun para tiyang punika taksih sami bingung". (Mengkono uga para wong kafir dhek jaman kuna) iya padha matur kaya paturane wong kafir ing Mekkah mau. Satemene Ingsung wis nggelarake ayat tandha yekti pirang-pirang tumrap wong kang padha yakin
Al-BaqarahDhaptar Al-Quran
286Ayat
MedinanRevelation
116Ayat

Terjemah — Al-Baqarah 116

Surat Al-Baqarah Ayat 116 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra",…

Surat Ayat 116/286 — Al-Baqarah البقرة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Al-Baqarah Rungokna, Al-Baqarah Terjemah, Al-Baqarah mp3, Al-Baqarah pdf. Ayat 114–118. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers