سوره طور به زبان جاوی

  1. گوش دادن به سوره
  2. سورهای دیگر
  3. ترجمه سوره
قرآن کریم | ترجمه معانی قرآن | زبان جاوی | سوره طور | الطور - تعداد آیات آن 49 - شماره سوره در مصحف: 52 - معنی سوره به انگلیسی: The Mount.

وَالطُّورِ(1)

 Demi gunung Thur

وَكِتَابٍ مَّسْطُورٍ(2)

 Demi Kitab Qur’an kang tinulis

فِي رَقٍّ مَّنشُورٍ(3)

 Ana ing papan kang gumelar

وَالْبَيْتِ الْمَعْمُورِ(4)

 Demi "Baitul Makmur" (Omah kang dimulyakake)

وَالسَّقْفِ الْمَرْفُوعِ(5)

 Demi payon kang dhuwur (langit)

وَالْبَحْرِ الْمَسْجُورِ(6)

 Demi segara kang banyune agung

إِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌ(7)

 Siksaning Allah Pangeranira kelakon temenan

مَّا لَهُ مِن دَافِعٍ(8)

 Siksa mau ora ana kang bisa nulak

يَوْمَ تَمُورُ السَّمَاءُ مَوْرًا(9)

 Kelakone besuk dina qiyamat nalika langit obah lan mubeng

وَتَسِيرُ الْجِبَالُ سَيْرًا(10)

 Lan gunung - gunung padha mlaku

فَوَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ(11)

 Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido (Rasul)

الَّذِينَ هُمْ فِي خَوْضٍ يَلْعَبُونَ(12)

 Kang padha ketungkul nglakoni barang kang luput

يَوْمَ يُدَعُّونَ إِلَىٰ نَارِ جَهَنَّمَ دَعًّا(13)

 Hiya iku nalikane wong kafir padha dijorokake marang neraka jahannam

هَٰذِهِ النَّارُ الَّتِي كُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ(14)

 Sarta didhawuhi, iki neraka kang padha sira paido biyen

أَفَسِحْرٌ هَٰذَا أَمْ أَنتُمْ لَا تُبْصِرُونَ(15)

 Apa iki sihir, apa pandelengira rusak dadi ora weruh

اصْلَوْهَا فَاصْبِرُوا أَوْ لَا تَصْبِرُوا سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ ۖ إِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(16)

 Padha rasakna piye rasane sira bantah panase utawa ora, iku padha wae, kang dipatrapi siksa neraka iku kaluputan kang wis sira lakoni biyen

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَنَعِيمٍ(17)

 Para wong kang padha bekti ing Allah padha ana suwarga panggonan kapenak

فَاكِهِينَ بِمَا آتَاهُمْ رَبُّهُمْ وَوَقَاهُمْ رَبُّهُمْ عَذَابَ الْجَحِيمِ(18)

 Padha enak - enak nampani ganjaran paringe Pangeran sarta direksa ora kecemplung neraka jahannam

كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(19)

 Padha tampa dhawuh padha mangana lan ngombea, kelawan enak ana suwarga ganjarane penggawe becik kang wis sira lakoni biyen

مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ سُرُرٍ مَّصْفُوفَةٍ ۖ وَزَوَّجْنَاهُم بِحُورٍ عِينٍ(20)

 Wong ing suwarga padha linggih sendhen ing kursi kang ditata jejer - jejer, lan padha Ingsun dhawuhake widadari kang mripate blalak - blalak

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُم بِإِيمَانٍ أَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَا أَلَتْنَاهُم مِّنْ عَمَلِهِم مِّن شَيْءٍ ۚ كُلُّ امْرِئٍ بِمَا كَسَبَ رَهِينٌ(21)

 Wong - wong kang percaya ing Allah kang anake ngatur melu manut percaya anak mau Ingsun helokake bapakne, diganjar padha ganjarane Bapa tanpa disuda sethitik - sethitika. Saben manungsa iku gandhenge karo ngamal sing ditindakake

وَأَمْدَدْنَاهُم بِفَاكِهَةٍ وَلَحْمٍ مِّمَّا يَشْتَهُونَ(22)

 Wong ing suwarga padha Ingsun paringi tambahan woh - wohan lan daging kang dipingini

يَتَنَازَعُونَ فِيهَا كَأْسًا لَّا لَغْوٌ فِيهَا وَلَا تَأْثِيمٌ(23)

 Ana ing suwarga dheweke padha rebutan gelas kang isine tanpa agawe mendem lan ora dadi pasulayan apa dene anggone ngombe ora duraka

۞ وَيَطُوفُ عَلَيْهِمْ غِلْمَانٌ لَّهُمْ كَأَنَّهُمْ لُؤْلُؤٌ مَّكْنُونٌ(24)

 Lan padha ngubengi sacedhake dheweke punakawane kang rupane bagus - bagus kaya mutiara kang isih ana ing congkoke

وَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَسَاءَلُونَ(25)

 Padha hadhep - hadhepan takon - tinakon karo kancane

قَالُوا إِنَّا كُنَّا قَبْلُ فِي أَهْلِنَا مُشْفِقِينَ(26)

 Pangucape, "Kala rumiyen kula nalika wonten ing tengah - tengahing keluarga ajrih sanget dhateng siksaning Allah

فَمَنَّ اللَّهُ عَلَيْنَا وَوَقَانَا عَذَابَ السَّمُومِ(27)

 Allah lajeng paring pitulung dhateng kula, dipun reksa biten mlebet neraka

إِنَّا كُنَّا مِن قَبْلُ نَدْعُوهُ ۖ إِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّحِيمُ(28)

 Sayektosipun rumiyen kula bektos ing Allah, sayektosipun Allah punika damel sahe tur Maha Asih

فَذَكِّرْ فَمَا أَنتَ بِنِعْمَتِ رَبِّكَ بِكَاهِنٍ وَلَا مَجْنُونٍ(29)

 Sira ditaberi nyurup - nyurupake (nerangake). Sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira

أَمْ يَقُولُونَ شَاعِرٌ نَّتَرَبَّصُ بِهِ رَيْبَ الْمَنُونِ(30)

 Wong mangro tingal malah padha kondha, "(Muhammad) iku pinter nganggit tembang, Hiya tak entenane horeging jagad kang wecana

قُلْ تَرَبَّصُوا فَإِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُتَرَبِّصِينَ(31)

 Dhawuha, "Hiya padha ngentenana, aku uga ngenteni karo kowe

أَمْ تَأْمُرُهُمْ أَحْلَامُهُم بِهَٰذَا ۚ أَمْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُونَ(32)

 Wong mangro tingal anggone kondha mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kebangeten anggone dhemen padu

أَمْ يَقُولُونَ تَقَوَّلَهُ ۚ بَل لَّا يُؤْمِنُونَ(33)

 Dheweke (wong mangro tingal) malah padha kandha, "Dheweke (Muhammad) iku anggone gawe - gawe". Satemene wong mangro tingal mau ora padha iman

فَلْيَأْتُوا بِحَدِيثٍ مِّثْلِهِ إِن كَانُوا صَادِقِينَ(34)

 Manawa pangucape temen padha gawea Kitab kang madhani al-Quran (terange lan bergase)

أَمْ خُلِقُوا مِنْ غَيْرِ شَيْءٍ أَمْ هُمُ الْخَالِقُونَ(35)

 Ana wong mangro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa dheweke iku gawe awake dhewe

أَمْ خَلَقُوا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ ۚ بَل لَّا يُوقِنُونَ(36)

 Utawa dheweke padha gawe bumi lan langit? Sejatine dheweke ora ngandel (kang kandhakake dhewe)

أَمْ عِندَهُمْ خَزَائِنُ رَبِّكَ أَمْ هُمُ الْمُصَيْطِرُونَ(37)

 Utawa dheweke mau nyekel gedhong pasimpene Pangeranira utawa dheweke kang kuasa

أَمْ لَهُمْ سُلَّمٌ يَسْتَمِعُونَ فِيهِ ۖ فَلْيَأْتِ مُسْتَمِعُهُم بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ(38)

 Apa dheweke duwe ondho (nyang langit) kanggo ngrungokake guneme malaikat ana ing andha mau. Yen mangkono, iya wong kang ngrungokake mau nganakna tandha yekti kang cetha

أَمْ لَهُ الْبَنَاتُ وَلَكُمُ الْبَنُونَ(39)

 Apa nyata Allah peputra putri, lan kowe (kang mangro tingal) padha manak lanang

أَمْ تَسْأَلُهُمْ أَجْرًا فَهُم مِّن مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُونَ(40)

 Apa anggonira ngondhangake perintah Ku, kango jaluk pituwas marang dheweke, nganti dheweke padha abot anggone nganakake pituwas

أَمْ عِندَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُونَ(41)

 Apa dheweke padha kadunungan kaweruh ghoib, weruh samu barang kang samar banjur padha ditulisi (kena dianggo madoni Muhammad)

أَمْ يُرِيدُونَ كَيْدًا ۖ فَالَّذِينَ كَفَرُوا هُمُ الْمَكِيدُونَ(42)

 Apa dheweke neja maheka marang Sira, pahekane malah bakal balik marang si kafir kabeh

أَمْ لَهُمْ إِلَٰهٌ غَيْرُ اللَّهِ ۚ سُبْحَانَ اللَّهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ(43)

 Apa dheweke mau ngaku duwe Pangeran liyane Allah. Allah iku maha suci , adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal

وَإِن يَرَوْا كِسْفًا مِّنَ السَّمَاءِ سَاقِطًا يَقُولُوا سَحَابٌ مَّرْكُومٌ(44)

 Manawa wong kafir mau padha deleng gempalaning langit runtuh, padha ngucap, "iki mega kang tumpuk - tumpuk

فَذَرْهُمْ حَتَّىٰ يُلَاقُوا يَوْمَهُمُ الَّذِي فِيهِ يُصْعَقُونَ(45)

 Padha tokna wae nganti tekan dina anggone padha mati

يَوْمَ لَا يُغْنِي عَنْهُمْ كَيْدُهُمْ شَيْئًا وَلَا هُمْ يُنصَرُونَ(46)

 Yaiku dina kang ora ana gunane pahekane si kafir marang awake sethithik - thithika lan ora ana kang bisa nulungi marang dheweke

وَإِنَّ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا عَذَابًا دُونَ ذَٰلِكَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(47)

 Lan satemene kanggo wong kang nganiaya ana siksa sak durunge mati. Ananging kang akeh ora padha weruh

وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَإِنَّكَ بِأَعْيُنِنَا ۖ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِينَ تَقُومُ(48)

 Lan padha sabara narima pranataning Pangeranira awit sira tansah Ingsun huningani lan sira nyebuta, "Maha suci" lan memuji ing Pangeranira nalikane sira ngadeg (arep sholat)

وَمِنَ اللَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَإِدْبَارَ النُّجُومِ(49)

 Lan ing wayah wengi apadene ing wayah surupe lintang (waktu fajar) sira hiya nyebuta "Maha Suci" ing Allah


سورهای بیشتر به زبان جاوی:

سوره البقره آل عمران سوره نساء
سوره مائده سوره يوسف سوره ابراهيم
سوره حجر سوره کهف سوره مریم
سوره حج سوره قصص سوره عنکبوت
سوره سجده سوره یس سوره دخان
سوره فتح سوره حجرات سوره ق
سوره نجم سوره رحمن سوره واقعه
سوره حشر سوره ملک سوره حاقه
سوره انشقاق سوره أعلى سوره غاشية

دانلود سوره طور با صدای معروف‌ترین قراء:

انتخاب خواننده برای گوش دادن و دانلود کامل سوره طور با کیفیت بالا.
سوره طور را با صدای احمد العجمی
أحمد العجمي
سوره طور را با صدای ابراهيم الاخضر
ابراهيم الاخضر
سوره طور را با صدای بندر بليلة
بندر بليلة
سوره طور را با صدای خالد الجليل
خالد الجليل
سوره طور را با صدای حاتم فريد الواعر
حاتم فريد الواعر
سوره طور را با صدای خليفة الطنيجي
خليفة الطنيجي
سوره طور را با صدای سعد الغامدي
سعد الغامدي
سوره طور را با صدای سعود الشريم
سعود الشريم
سوره طور را با صدای الشاطري
الشاطري
سوره طور را با صدای صلاح ابوخاطر
صلاح بوخاطر
سوره طور را با صدای عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سوره طور را با صدای عبد الرحمن العوسي
عبدالرحمن العوسي
سوره طور را با صدای عبد الرشيد صوفي
عبد الرشيد صوفي
سوره طور را با صدای عبد العزيز الزهراني
عبدالعزيز الزهراني
سوره طور را با صدای عبد الله بصفر
عبد الله بصفر
سوره طور را با صدای عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سوره طور را با صدای علي الحذيفي
علي الحذيفي
سوره طور را با صدای علي جابر
علي جابر
سوره طور را با صدای غسان الشوربجي
غسان الشوربجي
سوره طور را با صدای فارس عباد
فارس عباد
سوره طور را با صدای ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سوره طور را با صدای محمد أيوب
محمد أيوب
سوره طور را با صدای محمد المحيسني
محمد المحيسني
سوره طور را با صدای محمد جبريل
محمد جبريل
سوره طور را با صدای محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سوره طور را با صدای الحصري
الحصري
سوره طور را با صدای العفاسي
مشاري العفاسي
سوره طور را با صدای ناصر القطامي
ناصر القطامي
سوره طور را با صدای وديع اليمني
وديع اليمني
سوره طور را با صدای ياسر الدوسري
ياسر الدوسري


Sunday, May 12, 2024

به قرآن کریم چنگ بزنید