سوره صافات به زبان جاوی

  1. گوش دادن به سوره
  2. سورهای دیگر
  3. ترجمه سوره
قرآن کریم | ترجمه معانی قرآن | زبان جاوی | سوره صافات | الصافات - تعداد آیات آن 182 - شماره سوره در مصحف: 37 - معنی سوره به انگلیسی: Those Who Set The Ranks.

وَالصَّافَّاتِ صَفًّا(1)

 Demi para Malaikat kang adha baris sap - sapan

فَالزَّاجِرَاتِ زَجْرًا(2)

 Demi para Malaikat kang padha ngimpun mega

فَالتَّالِيَاتِ ذِكْرًا(3)

 Demi kang padha maca al-Quran kelawan eling

إِنَّ إِلَٰهَكُمْ لَوَاحِدٌ(4)

 He (Manungsa). Sesembahanira kang bener iku mung Allah kang sawiji

رَّبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَرَبُّ الْمَشَارِقِ(5)

 Hiya iku pangerane langit lan bumi, lan samu barang kang ana antarane langit lan bumi. Sarta Pangerane panggonan mletheke lan surupe srengenge

إِنَّا زَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِزِينَةٍ الْكَوَاكِبِ(6)

 Ingsun ngrenggo - ngrenggo langit kang cedhak kanthi lintang pirang - pirang kang padha semlorot

وَحِفْظًا مِّن كُلِّ شَيْطَانٍ مَّارِدٍ(7)

 Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning syetan kang amelwani

لَّا يَسَّمَّعُونَ إِلَى الْمَلَإِ الْأَعْلَىٰ وَيُقْذَفُونَ مِن كُلِّ جَانِبٍ(8)

 Syethan ora bisa ngrungokake guneme para Malaikat kang ana ing ngendi - endi panggonan

دُحُورًا ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ وَاصِبٌ(9)

 Syetan mahu dipatrapi siksa kang langgeng

إِلَّا مَنْ خَطِفَ الْخَطْفَةَ فَأَتْبَعَهُ شِهَابٌ ثَاقِبٌ(10)

 Kajaba syetan bisa sawetara bisa ngrungokake sakecap - rong kecap kelawan rikatan hewadene banjur katungka dibalang "Shihab" kang mubyar - mubyar lan natoni

فَاسْتَفْتِهِمْ أَهُمْ أَشَدُّ خَلْقًا أَم مَّنْ خَلَقْنَا ۚ إِنَّا خَلَقْنَاهُم مِّن طِينٍ لَّازِبٍ(11)

 Takono angel endi anggone gawe wong kafir karo gawe bui lan langit? Anggoningsun gawe dheweke (wong kafir) mung saka endhut

بَلْ عَجِبْتَ وَيَسْخَرُونَ(12)

 Balik sira (Muhammad) banjur gumun ana apa wong kafir ora bisa nerangake mung geguyu

وَإِذَا ذُكِّرُوا لَا يَذْكُرُونَ(13)

 Menawa dipituturi surasaning al-Quran ora manut

وَإِذَا رَأَوْا آيَةً يَسْتَسْخِرُونَ(14)

 Menawa padha handeleng tandha yekti kehelokan (kayata sigare rembulan) padha geguyu

وَقَالُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُّبِينٌ(15)

 Pangucape, "Iki ora liwat mung sihir

أَإِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَامًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ(16)

 Apa besuk yen aku wis mati utawa wis dadi lemah lan balung, aku bakal diuripake dadi wing maneh

أَوَآبَاؤُنَا الْأَوَّلُونَ(17)

 Apa perlu para leluhurku zaman kuna biyen uga padha diuripake kabeh

قُلْ نَعَمْ وَأَنتُمْ دَاخِرُونَ(18)

 (Muhammad) Dhawuha, "Padha diuripake kabeh dene kowe padha asor banget

فَإِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَاحِدَةٌ فَإِذَا هُمْ يَنظُرُونَ(19)

 Dhene tangine wong kang wis padha mati iku mung sarana pathake (malaikat Israfil) sapisan bahe, sarta handeleng hala beciking lakune

وَقَالُوا يَا وَيْلَنَا هَٰذَا يَوْمُ الدِّينِ(20)

 Padha ngucap (wong kafir): "Hadhuh, cilaka temen aku", (Banjur malaikat dhawuh), "Iki buktine dina Qiyamat

هَٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ الَّذِي كُنتُم بِهِ تُكَذِّبُونَ(21)

 Hiya iki dina pancasaning prakara kang padha kok paido biyen

۞ احْشُرُوا الَّذِينَ ظَلَمُوا وَأَزْوَاجَهُمْ وَمَا كَانُوا يَعْبُدُونَ(22)

 (Malaikat banjur tampa dhawuh), Sarupane wong kafir para syetan kang dadi panuntun, brahala kang disembah padha klumpukna kabeh

مِن دُونِ اللَّهِ فَاهْدُوهُمْ إِلَىٰ صِرَاطِ الْجَحِيمِ(23)

 Wong kafir padha nyembah liyane Allah, padha giringen marang dalan marang neraka jahannam

وَقِفُوهُمْ ۖ إِنَّهُم مَّسْئُولُونَ(24)

 Kabeh padha sira dhawuhana ngadeg ana pinggiring neraka, perlu padha ditakoni panggaweyan kang wis dilakoni

مَا لَكُمْ لَا تَنَاصَرُونَ(25)

 Malaikat kang rumeksa neraka Jahannam banjur takon, "Yogene kowe padha ora tulung - tinulung karo kancamu

بَلْ هُمُ الْيَوْمَ مُسْتَسْلِمُونَ(26)

 Dino iku won gkafir ora bisa mangsuli mung pasrah bongkokan

وَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَسَاءَلُونَ(27)

 Padha pandeng - pinandheng lan tutuh - tinutuh padha kancane

قَالُوا إِنَّكُمْ كُنتُمْ تَأْتُونَنَا عَنِ الْيَمِينِ(28)

 Panutuhe won gkang manut kang dianut, "anggonku manut marang kowe biyen, marga anggonmu hambujuk aku dibondhani supata

قَالُوا بَل لَّمْ تَكُونُوا مُؤْمِنِينَ(29)

 Wong kang dianut mangsuli, "Hiya bener nanging kowe ora percaya marang rasul saka karepmu dhewe

وَمَا كَانَ لَنَا عَلَيْكُم مِّن سُلْطَانٍ ۖ بَلْ كُنتُمْ قَوْمًا طَاغِينَ(30)

 Aku ora kuwasa nyegah marang kowe. Tetela kowe kesasar saka karepmu dhewe

فَحَقَّ عَلَيْنَا قَوْلُ رَبِّنَا ۖ إِنَّا لَذَائِقُونَ(31)

 Dadi saiki kita kapeksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyen, tetep kaya pangandikaning Allah Pangeranku

فَأَغْوَيْنَاكُمْ إِنَّا كُنَّا غَاوِينَ(32)

 Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe hiya kesasar

فَإِنَّهُمْ يَوْمَئِذٍ فِي الْعَذَابِ مُشْتَرِكُونَ(33)

 (Pangandikaning Allah) dado dona iku wong kafir kang manut lan kang dihenut, kabeh padha disiksa

إِنَّا كَذَٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِينَ(34)

 Kaya mangkono anggoningsun nindakake pangadilan marang para kafir

إِنَّهُمْ كَانُوا إِذَا قِيلَ لَهُمْ لَا إِلَٰهَ إِلَّا اللَّهُ يَسْتَكْبِرُونَ(35)

 Wong kang padha nyembah brahala manwa krungu pangucap, "Laa Illaaha Illallah" banjur padha gumedhe

وَيَقُولُونَ أَئِنَّا لَتَارِكُو آلِهَتِنَا لِشَاعِرٍ مَّجْنُونٍ(36)

 Pangucape, "Apa aku padha mareni nyembah brahala, mung marga manut marang nganggit tembang edan

بَلْ جَاءَ بِالْحَقِّ وَصَدَّقَ الْمُرْسَلِينَ(37)

 (Pangandikaning Allah) (Muhammad) iku dhawuhake barang kang nyata, temen saka Ingsun cocok kang didhawuhake dening para rasul kang kuna - kuna

إِنَّكُمْ لَذَائِقُو الْعَذَابِ الْأَلِيمِ(38)

 (Para wong kafir) Sira kabeh ora wurung bakal ngrasakake siksa kang ngelarani

وَمَا تُجْزَوْنَ إِلَّا مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(39)

 Ora liwat kang mangono mahu tumanja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni

إِلَّا عِبَادَ اللَّهِ الْمُخْلَصِينَ(40)

 Kajaba para kawulaning Allah kang resik mligi pracaya ing Allah

أُولَٰئِكَ لَهُمْ رِزْقٌ مَّعْلُومٌ(41)

 Ana suwarga padha olelh rizki kang tinamtokake

فَوَاكِهُ ۖ وَهُم مُّكْرَمُونَ(42)

 Hya iku woh - wohan pirang - pirang lan nyenyamikan. Wong mukmin padha kajen banget

فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ(43)

 Ana ing suwarga kang akeh kanikmatan (Suwarga Na’im)

عَلَىٰ سُرُرٍ مُّتَقَابِلِينَ(44)

 Padha linggih ana ing dhampar kencana adhep - adhepan

يُطَافُ عَلَيْهِم بِكَأْسٍ مِّن مَّعِينٍ(45)

 Padha diladen gelas isi banyu bening saka sumber-sumber

بَيْضَاءَ لَذَّةٍ لِّلشَّارِبِينَ(46)

 Rupane puth diombe enak banget

لَا فِيهَا غَوْلٌ وَلَا هُمْ عَنْهَا يُنزَفُونَ(47)

 Omben - omben mau ora marakake mumet (ora isi alkohol) uga ora marakake mendem

وَعِندَهُمْ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ عِينٌ(48)

 Ing suwarga padha marem handeleng rabine kang endah rupane mripate omba nyengsemake

كَأَنَّهُنَّ بَيْضٌ مَّكْنُونٌ(49)

 Kekulitane putih semu kuning memper endhok kang kasimpen becik

فَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَسَاءَلُونَ(50)

 Wong ing suwarga padha pandeng - pinandheng lan takon tinakon padha kancane (bab lakune ing donya)

قَالَ قَائِلٌ مِّنْهُمْ إِنِّي كَانَ لِي قَرِينٌ(51)

 Ana kang celathu mangkene, "Kala ing donya kula gadhah konca mahiben bab anggenipun tiyang badhe tangi saking pejah

يَقُولُ أَإِنَّكَ لَمِنَ الْمُصَدِّقِينَ(52)

 Wicanten, "Apa kowe ngandel bakal tangine wong kang wis padha mati

أَإِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَامًا أَإِنَّا لَمَدِينُونَ(53)

 Besuk yen wis aku mati sarta wis dadi lemah lan balung, apa nyata aku bakal tampa ganjaran utawa nandhang siksa

قَالَ هَلْ أَنتُم مُّطَّلِعُونَ(54)

 Won ging suwarga celathu marang kancane, "Manapa badhe sumerep kawontenipun tiyang ingkan mahiben

فَاطَّلَعَ فَرَآهُ فِي سَوَاءِ الْجَحِيمِ(55)

 Banjur padha ngungak, ing kono banjur handeleng wong kang maido mau ana telenging neraka jahannam

قَالَ تَاللَّهِ إِن كِدتَّ لَتُرْدِينِ(56)

 (Won ging suwarga) padha celathu, "Demi Allah, upama aku kena kok bujuk, kok jelemprongake, mesthi aku cilaka kaya kowe

وَلَوْلَا نِعْمَةُ رَبِّي لَكُنتُ مِنَ الْمُحْضَرِينَ(57)

 Upama ora ana pitulunge Allah marang aku, mesthi aku melu digiring neraka kaya kowe

أَفَمَا نَحْنُ بِمَيِّتِينَ(58)

 (Wong ing suwarga mahu) celathu, "Punapa kula badhe pejah maleh

إِلَّا مَوْتَتَنَا الْأُولَىٰ وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِينَ(59)

 Kejawi pejah sepisan ing kang sampun kula lampahi rumiyin punapa kula boten badhe dipun siksa

إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(60)

 (Malaikat dhawuh), "Sampeyan boten badhe pejah maleh, langgeng wonten suwarga, punika kabegjan ingkang ageng

لِمِثْلِ هَٰذَا فَلْيَعْمَلِ الْعَامِلُونَ(61)

 Wong kang padha ngelakoni kabecikan murih oleha kabegjan

أَذَٰلِكَ خَيْرٌ نُّزُلًا أَمْ شَجَرَةُ الزَّقُّومِ(62)

 Sesuguhing Allah suwarga kang mangkono mau becik hendi karo woh zaqqum? (hiya iku woh - wohan neraka)

إِنَّا جَعَلْنَاهَا فِتْنَةً لِّلظَّالِمِينَ(63)

 Woh zaqqum mahu Ingsun sediyakake kanggo matrapi para wong kafir

إِنَّهَا شَجَرَةٌ تَخْرُجُ فِي أَصْلِ الْجَحِيمِ(64)

 Kayu zaqqum iku tukhul ana telenge neraka Jahim

طَلْعُهَا كَأَنَّهُ رُءُوسُ الشَّيَاطِينِ(65)

 Mancunge zaqqum mau memper hendasing syetan

فَإِنَّهُمْ لَآكِلُونَ مِنْهَا فَمَالِئُونَ مِنْهَا الْبُطُونَ(66)

 Wong kafir padha kapeksa mangan woh zaqqum mau, nganti kebak wetenge

ثُمَّ إِنَّ لَهُمْ عَلَيْهَا لَشَوْبًا مِّنْ حَمِيمٍ(67)

 Sawise mangan banjur ngelak banget nuli padha ngome wedang kang luwih panas

ثُمَّ إِنَّ مَرْجِعَهُمْ لَإِلَى الْجَحِيمِ(68)

 Banjur padha bali marang panggonane lawas ana ing neraka Jahim

إِنَّهُمْ أَلْفَوْا آبَاءَهُمْ ضَالِّينَ(69)

 Wong kafir mau padha katemu para leluhure kang uga padha kesasar

فَهُمْ عَلَىٰ آثَارِهِمْ يُهْرَعُونَ(70)

 Anggone manut leluhure kelawan rerikatan tanpa dipikir

وَلَقَدْ ضَلَّ قَبْلَهُمْ أَكْثَرُ الْأَوَّلِينَ(71)

 Pawa wong kuna sadurunge wong kafir mau kang akeh padha kesasar

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا فِيهِم مُّنذِرِينَ(72)

 Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup - nyupake lan ngelingake marang para wong kafirm mau, nanging ora dipahelu

فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنذَرِينَ(73)

 Mara sira delenga, kapriye kadadeyane wong kafir kang wis dielingake meksa ora mahelu

إِلَّا عِبَادَ اللَّهِ الْمُخْلَصِينَ(74)

 Kajaba kawulaning Allah mukmin lan resik atine (kalis saka siksa)

وَلَقَدْ نَادَانَا نُوحٌ فَلَنِعْمَ الْمُجِيبُونَ(75)

 Nuh wis matur marang Ingsun nyuwunake patrapaning para ummate kang padha maido. Ingsun iki kang marengake panyuwun kang becik dhewe

وَنَجَّيْنَاهُ وَأَهْلَهُ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيمِ(76)

 Insun paring selamet marang Nuh dalah para wargane selamat saka kasusahan gedhe

وَجَعَلْنَا ذُرِّيَّتَهُ هُمُ الْبَاقِينَ(77)

 Ingsun dadekake turune Nuh wong kang nerusake ketrunane

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ(78)

 Ingsun ngelestarekake kanggo Nuh kahutamane, hangalembana dening para nabi lan ummate kang keri - keri

سَلَامٌ عَلَىٰ نُوحٍ فِي الْعَالَمِينَ(79)

 Sak isining alam kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Nuh

إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ(80)

 Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ(81)

 Nuh iku kalebu hewone para kawulangsin kang padha percaya

ثُمَّ أَغْرَقْنَا الْآخَرِينَ(82)

 Liyane Nuh dalah para wargane, kabeh padha Ingsun tumpes sarana banjir topan

۞ وَإِنَّ مِن شِيعَتِهِ لَإِبْرَاهِيمَ(83)

 Dene kang kalebu ngleluri uwiting agamane Nuh iku Ibrahim

إِذْ جَاءَ رَبَّهُ بِقَلْبٍ سَلِيمٍ(84)

 Awit Ibrahim iku madhep ing Pangerane kelawan ati kang mulus (ora kaworan maro tingal)

إِذْ قَالَ لِأَبِيهِ وَقَوْمِهِ مَاذَا تَعْبُدُونَ(85)

 Dhek samana Ibrahim matur marang Bapakne, lan pitutur marang ummate, "Sampyan punika sami nyembah punapa

أَئِفْكًا آلِهَةً دُونَ اللَّهِ تُرِيدُونَ(86)

 Kenging punapa sampeyan hanjarang wicanten dora, nyembah sanesipun Allah, inggih punika brahala

فَمَا ظَنُّكُم بِرَبِّ الْعَالَمِينَ(87)

 Kados pundi panginten sampeyan, punapa pangeraning jagad punika badhe kendel kemawon boten nyiksa

فَنَظَرَ نَظْرَةً فِي النُّجُومِ(88)

 (Ibrahim) banjur handeleng lintag sak gebyaran (karepe nyatakake barang kang ghoib saka kaweruh palintangan)

فَقَالَ إِنِّي سَقِيمٌ(89)

 Nuli celathu, "Kula punika badhe sakit

فَتَوَلَّوْا عَنْهُ مُدْبِرِينَ(90)

 Banjur ummate (Ibrahim) padha ningal lunga ngungkurake

فَرَاغَ إِلَىٰ آلِهَتِهِمْ فَقَالَ أَلَا تَأْكُلُونَ(91)

 (Ibrahim) nuli noleh marang brahala sesembahaning para ummate kang padha disajeni pangan, serta celahu, "Ya gene kowe padha ora gelem mangan

مَا لَكُمْ لَا تَنطِقُونَ(92)

 Ya gene kowe padha ora tahu celathu

فَرَاغَ عَلَيْهِمْ ضَرْبًا بِالْيَمِينِ(93)

 (Ibrahim) tumuli hanggebug seru marang barahala nganti pecah

فَأَقْبَلُوا إِلَيْهِ يَزِفُّونَ(94)

 Para ummate (Ibrahim) banjur padha bali rerikatan

قَالَ أَتَعْبُدُونَ مَا تَنْحِتُونَ(95)

 Ibrahim celathu, "Ya gene kowe padha nyembah brahala, gegaweyane tanganmu dhewe

وَاللَّهُ خَلَقَكُمْ وَمَا تَعْمَلُونَ(96)

 Allah iku kang gawe awakmu lan samu barang gegaweyanmu

قَالُوا ابْنُوا لَهُ بُنْيَانًا فَأَلْقُوهُ فِي الْجَحِيمِ(97)

 Ummate Ibrahim celathu, "Sarehne Ibrahim iku makewuhi anggonku padha nyembah brahala, saiki gawekna panjaga nuli cemplunna ing geni

فَأَرَادُوا بِهِ كَيْدًا فَجَعَلْنَاهُمُ الْأَسْفَلِينَ(98)

 Karepe ummate Ibrahim, geni mau dienggo maheka dheweke, nanging para ummate mahu weksasane Ingsun dadekake asor (paekane ora tumama, geni dadi anyep, Ibrahim metu saka ing geni kelawan selamet)

وَقَالَ إِنِّي ذَاهِبٌ إِلَىٰ رَبِّي سَيَهْدِينِ(99)

 Ibrahim celathu, "Aku sowan marang ngarsaning Allah Pangeranku ing tembe Allah paring pituduh dalan bener marang aku

رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ(100)

 Dhuh Pangeran kawula paduka mugi paring akan sahe dumateng kawula

فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ(101)

 Ingsun banjur ambebungan (marang Ibrahim) diparingi weruh yen arep dhuwe anak lanang kang becik kelakuane (aran Ismail) bekti marang wong tuwane tur welasan

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ(102)

 Bareng Ismail wis bisa melayu handherek Ibrahim, tumuli tutur marang dheweke, "He anakku, weruhana aku tampa dhawuhing Allah ana ing pangimpen, didhawuhi hambeleh, kapriye panemumu?" Ismail matur, "Dhuh Bapak, prayoginipun lajeng panjenengan hestokaken dhawuhing Allah wahu (mragat kula). Manawa Allah marengaken panjenengan badhe pisa tatagipun manah kula

فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ(103)

 Bareng dheweke sak keloron padha manggakake apa sakersane Allah lan Ibrahim wis nurokake miring Ismail habantal pipine (nyata kesabarane)

وَنَادَيْنَاهُ أَن يَا إِبْرَاهِيمُ(104)

 Ingusn banjur nimbali, "Hai Ibrahim

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ(105)

 Temen sira wis ngestokake dhawuh ana pangimpen samono uga sarupane wong kang ngelakoni kabecikan, padha Ingsun paringi ganjaran

إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ(106)

 Parentahingsun kang mangkene iki , teela coba kang gedhe

وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ(107)

 Banjur Ingsun lironi wedhus kang gedhe, dadi hambeleh wedhus mahu

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ(108)

 Ingsun glestarekake jenenge Ibrahim lan kahutamane, hangalembana dening para nabi lan para ummat kang keri - keri

سَلَامٌ عَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ(109)

 Kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Ibrahim

كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ(110)

 Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ(111)

 Satemene Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha percaya

وَبَشَّرْنَاهُ بِإِسْحَاقَ نَبِيًّا مِّنَ الصَّالِحِينَ(112)

 Ingsun hambebungah (Ibrahim) manawa Ishak Ingsun junjung dadi nabi kalebu ewone wong kang becik

وَبَارَكْنَا عَلَيْهِ وَعَلَىٰ إِسْحَاقَ ۚ وَمِن ذُرِّيَّتِهِمَا مُحْسِنٌ وَظَالِمٌ لِّنَفْسِهِ مُبِينٌ(113)

 Ingsun hamberkahi (Ibrahim) lan uga Ishak, anak turune nabi loro mau ana kang becik, percaya marang Insun, lan anak kang kafir, tetela nganiaya marang awake dhewe

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَىٰ مُوسَىٰ وَهَارُونَ(114)

 Lan satemene Ingsun wis paring kabungahan marang Musa, lan Harun, (sakarone ingsun junjung dadi nabi)

وَنَجَّيْنَاهُمَا وَقَوْمَهُمَا مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيمِ(115)

 Lan Ingsun selamaetake Musa lan Harun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe

وَنَصَرْنَاهُمْ فَكَانُوا هُمُ الْغَالِبِينَ(116)

 Ingsun tulungi wong Bani Israil kabeh ngalahake (Fir’aun) dadi wong sing menang

وَآتَيْنَاهُمَا الْكِتَابَ الْمُسْتَبِينَ(117)

 Ingsun maringi kitab (Taurat) kang luwih cetha

وَهَدَيْنَاهُمَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيمَ(118)

 Lan Ingsun paringi pituduh dalan bener

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِمَا فِي الْآخِرِينَ(119)

 Lan Ingsun nglestarekake jenenge (Musa lan Harun) lan kahutamane hangalembana dening para nabi lan ummat kang keri - keri

سَلَامٌ عَلَىٰ مُوسَىٰ وَهَارُونَ(120)

 Kabeh padha muji Allah muga paringa selamet marang Musa lan Harun

إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ(121)

 Kaya mangkono anggoningsun amles marang wong kang gawe kabecikan

إِنَّهُمَا مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ(122)

 Satemene (Musa lan Harun) mahu hewone para kawulaningsun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe

وَإِنَّ إِلْيَاسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِينَ(123)

 Sateme Ilyas iku hewone para utusan

إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَلَا تَتَّقُونَ(124)

 Iku sira caritakna lelakone, nalika pitutur marang para ummate, "Ya gene kowe ora padha bekti ing Allah

أَتَدْعُونَ بَعْلًا وَتَذَرُونَ أَحْسَنَ الْخَالِقِينَ(125)

 Ya gene kowe padha nyembah brahala aran Bangal, ora gelem nyembah Pangeran kang gawe saupane kang dumadi kelawan sempurna, ngungkuli kang padha gagaweyan kabeh

اللَّهَ رَبَّكُمْ وَرَبَّ آبَائِكُمُ الْأَوَّلِينَ(126)

 Hiya iku Allah Pangeanmu lan Pangerane para leluhurmu ing zaman kuna

فَكَذَّبُوهُ فَإِنَّهُمْ لَمُحْضَرُونَ(127)

 Para ummat mau padha maido (marang Ilyas), mulane ing tembe padha dicemplungake (neraka)

إِلَّا عِبَادَ اللَّهِ الْمُخْلَصِينَ(128)

 Mung para kawulaning Allah kang padha resik atine (padha selamet saka siksa neraka)

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ(129)

 Ingsun nglestarekake jenenge (Ilyas) lan para ummat kang keri - keri

سَلَامٌ عَلَىٰ إِلْ يَاسِينَ(130)

 Kabeh padha memuji, "Allah muga paring selamet marang Ilyan lan wargane

إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ(131)

 Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan

إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ(132)

 Satemene Ilyas iku kalebu hewone kawulaningsun kang padha percaya

وَإِنَّ لُوطًا لَّمِنَ الْمُرْسَلِينَ(133)

 Lan maneh Luth hewone padha utusaningsun

إِذْ نَجَّيْنَاهُ وَأَهْلَهُ أَجْمَعِينَ(134)

 Sira nyaritakna lelakone Luth mahu, nalika Ingsun paringi selamet dalah para wargane kabeh kalis saka siksaningsun

إِلَّا عَجُوزًا فِي الْغَابِرِينَ(135)

 Kajaba wong wadon tua rabine Luth, iku keri melu nandhang siksa

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْآخَرِينَ(136)

 Ingsun nuli numpes ummate Luth liya - liyane

وَإِنَّكُمْ لَتَمُرُّونَ عَلَيْهِم مُّصْبِحِينَ(137)

 Sira mesthi padha handeleng patilasane (ummate Luth), nalika sira melaku ngliwati apnggonane ing wayah esuk

وَبِاللَّيْلِ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(138)

 Lan ing wayah wengi, ya gene sira padha ora anggagas

وَإِنَّ يُونُسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِينَ(139)

 Satemene Yunus iku hewone para utusaningsun

إِذْ أَبَقَ إِلَى الْفُلْكِ الْمَشْحُونِ(140)

 Elinga nalika dheweke (Yunus) mutung (ninggal gaweyan) lakune pelayaran munggah perahu kebak momotan

فَسَاهَمَ فَكَانَ مِنَ الْمُدْحَضِينَ(141)

 Ana segara tinempuh angin ribut. Wong ing perahu padha diundhi (kang enthuk undhi dicemplungake sagara). Yunus katiban undhi (banjur dicemplungake)

فَالْتَقَمَهُ الْحُوتُ وَهُوَ مُلِيمٌ(142)

 Nuli ana iwak gedhe (Nun) nguntal minangka matrapi anggone mutung

فَلَوْلَا أَنَّهُ كَانَ مِنَ الْمُسَبِّحِينَ(143)

 Upama Yunus ora eling nyebut Maha Suci ing Allah

لَلَبِثَ فِي بَطْنِهِ إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ(144)

 Mesthi tulus ana ing wetenge iwak Nun, nganti qiyamat

۞ فَنَبَذْنَاهُ بِالْعَرَاءِ وَهُوَ سَقِيمٌ(145)

 Mulane banjur Ingsun wetokake saka wetengen iwak gedhe (Nun) ana ing gisiking segara awake ngelumpruk kaya wong lara

وَأَنبَتْنَا عَلَيْهِ شَجَرَةً مِّن يَقْطِينٍ(146)

 Ingsun banjur nukulake wit Yaktin (Waloh) kanggo ngeyubi

وَأَرْسَلْنَاهُ إِلَىٰ مِائَةِ أَلْفٍ أَوْ يَزِيدُونَ(147)

 Nuli Ingsun dhawuhi mulang nyurub - nyurubake marang wong kang cacahe sakethi (ewon)

فَآمَنُوا فَمَتَّعْنَاهُمْ إِلَىٰ حِينٍ(148)

 Banjur padha ngestokake dhawuhing Allah kang diemban dening Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti tekan patine

فَاسْتَفْتِهِمْ أَلِرَبِّكَ الْبَنَاتُ وَلَهُمُ الْبَنُونَ(149)

 (Muhammad) sira handangu marang wong kafir, "Apa hiya pangeranmu peputra putri lan kowe padha duwe anak lanang

أَمْ خَلَقْنَا الْمَلَائِكَةَ إِنَاثًا وَهُمْ شَاهِدُونَ(150)

 Apa nyata Ingsun gawe Malaikat wadon, sarta wong kafir padha handeleng dhewe

أَلَا إِنَّهُم مِّنْ إِفْكِهِمْ لَيَقُولُونَ(151)

 Awit saka gorohe dhewe wong kafir padha ngucap

وَلَدَ اللَّهُ وَإِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ(152)

 Allah iku peputra", pangucape mangkono iku goroh

أَصْطَفَى الْبَنَاتِ عَلَى الْبَنِينَ(153)

 Apa panjenengane iku milih putra wadon ngungkuli putra lanang

مَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ(154)

 Ya gene kowe nganggep: kapriye ta anggonira padha mancasi

أَفَلَا تَذَكَّرُونَ(155)

 Ya gene kowe ora padha gelem mikir - mikir

أَمْ لَكُمْ سُلْطَانٌ مُّبِينٌ(156)

 Apa kowe padha duwe tandha yekti kang cetha (anggone mertandhani yen Allah iku peputra)

فَأْتُوا بِكِتَابِكُمْ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(157)

 Yen dhasar bener panemumu iku, mara hendi kitabmu kang mratelakake kaya panemumu mau

وَجَعَلُوا بَيْنَهُ وَبَيْنَ الْجِنَّةِ نَسَبًا ۚ وَلَقَدْ عَلِمَتِ الْجِنَّةُ إِنَّهُمْ لَمُحْضَرُونَ(158)

 Wong kafir padha nganggep yen Allah lan jin iku tunggal bangsa. Satemene jin mau wis padha weruh yen dheweke ing tembe padha dicemplungake (neraka)

سُبْحَانَ اللَّهِ عَمَّا يَصِفُونَ(159)

 Allah iku Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe wong kafir

إِلَّا عِبَادَ اللَّهِ الْمُخْلَصِينَ(160)

 Kajaba para kawulaning Allah kang padha resik atine

فَإِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُونَ(161)

 He wong kafir, kowe lan barahala sesembahanmu

مَا أَنتُمْ عَلَيْهِ بِفَاتِنِينَ(162)

 Kowe kabeh ora bisa hanjlomprongake sawijining wong

إِلَّا مَنْ هُوَ صَالِ الْجَحِيمِ(163)

 Kajaba wong kang wis pinasthi kacemplungake ing neraka

وَمَا مِنَّا إِلَّا لَهُ مَقَامٌ مَّعْلُومٌ(164)

 Pangucape malaikat: "siji - sijining kancaku malaikat mesthi duwe panggonan kang tinamtokake

وَإِنَّا لَنَحْنُ الصَّافُّونَ(165)

 Aku iki padha ngadhep sap-sapan (ngabekti ing Allah)

وَإِنَّا لَنَحْنُ الْمُسَبِّحُونَ(166)

 Aku iki padha nyebut, "Maha Suci" ing Allah

وَإِن كَانُوا لَيَقُولُونَ(167)

 Sanadiyan padha celathu mangkene

لَوْ أَنَّ عِندَنَا ذِكْرًا مِّنَ الْأَوَّلِينَ(168)

 Upama aku nyekel kitabe para nabi zaman kuna

لَكُنَّا عِبَادَ اللَّهِ الْمُخْلَصِينَ(169)

 Mesthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabekti, kelawan ati resik

فَكَفَرُوا بِهِ ۖ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ(170)

 Wong kafir mau banjur padha maido (al-Quran) mulane ing tembe bakal weruh (kadadeyane awake)

وَلَقَدْ سَبَقَتْ كَلِمَتُنَا لِعِبَادِنَا الْمُرْسَلِينَ(171)

 Papestheningsun marang kawulaningsun kang dadi utusaningsun wis tetep

إِنَّهُمْ لَهُمُ الْمَنصُورُونَ(172)

 Para utusaningsun mau bakal padha ditulungi Allah

وَإِنَّ جُندَنَا لَهُمُ الْغَالِبُونَ(173)

 Dene wadiyabalaningsun bakal padha menang

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتَّىٰ حِينٍ(174)

 Mulane wong kafir iku sira tokna bae, nganti ana dhawuhingsun perang

وَأَبْصِرْهُمْ فَسَوْفَ يُبْصِرُونَ(175)

 Wong kafir mau sira delenga bahe (nalikane tinempuh siksa) dheweke uga padha handeleng (kawusaning awake)

أَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُونَ(176)

 Ya gene wong kafir padha nantang nyepetake siksaningsun

فَإِذَا نَزَلَ بِسَاحَتِهِمْ فَسَاءَ صَبَاحُ الْمُنذَرِينَ(177)

 Nalikane siksa nempuh marang si kafir ing dina esuk (Sangir) nyata hala banget tumrap kang wis dielingake (nanging ora ngelakoni)

وَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتَّىٰ حِينٍ(178)

 Saiki si kafir tokna bae nganti ana dhawuhingsun perang

وَأَبْصِرْ فَسَوْفَ يُبْصِرُونَ(179)

 Ing tembe yen tinimpuh ing siksa sira delenga bahe, si kafir uga bakal handeleng kawusaning awake

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ(180)

 Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe (si kafir)

وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ(181)

 Para utusaning Allah muga padha diparingana slamet

وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ(182)

 Sakabehing puji konjuk ing Allah Pangerane alam kabeh


سورهای بیشتر به زبان جاوی:

سوره البقره آل عمران سوره نساء
سوره مائده سوره يوسف سوره ابراهيم
سوره حجر سوره کهف سوره مریم
سوره حج سوره قصص سوره عنکبوت
سوره سجده سوره یس سوره دخان
سوره فتح سوره حجرات سوره ق
سوره نجم سوره رحمن سوره واقعه
سوره حشر سوره ملک سوره حاقه
سوره انشقاق سوره أعلى سوره غاشية

دانلود سوره صافات با صدای معروف‌ترین قراء:

انتخاب خواننده برای گوش دادن و دانلود کامل سوره صافات با کیفیت بالا.
سوره صافات را با صدای احمد العجمی
أحمد العجمي
سوره صافات را با صدای ابراهيم الاخضر
ابراهيم الاخضر
سوره صافات را با صدای بندر بليلة
بندر بليلة
سوره صافات را با صدای خالد الجليل
خالد الجليل
سوره صافات را با صدای حاتم فريد الواعر
حاتم فريد الواعر
سوره صافات را با صدای خليفة الطنيجي
خليفة الطنيجي
سوره صافات را با صدای سعد الغامدي
سعد الغامدي
سوره صافات را با صدای سعود الشريم
سعود الشريم
سوره صافات را با صدای الشاطري
الشاطري
سوره صافات را با صدای صلاح ابوخاطر
صلاح بوخاطر
سوره صافات را با صدای عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سوره صافات را با صدای عبد الرحمن العوسي
عبدالرحمن العوسي
سوره صافات را با صدای عبد الرشيد صوفي
عبد الرشيد صوفي
سوره صافات را با صدای عبد العزيز الزهراني
عبدالعزيز الزهراني
سوره صافات را با صدای عبد الله بصفر
عبد الله بصفر
سوره صافات را با صدای عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سوره صافات را با صدای علي الحذيفي
علي الحذيفي
سوره صافات را با صدای علي جابر
علي جابر
سوره صافات را با صدای غسان الشوربجي
غسان الشوربجي
سوره صافات را با صدای فارس عباد
فارس عباد
سوره صافات را با صدای ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سوره صافات را با صدای محمد أيوب
محمد أيوب
سوره صافات را با صدای محمد المحيسني
محمد المحيسني
سوره صافات را با صدای محمد جبريل
محمد جبريل
سوره صافات را با صدای محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سوره صافات را با صدای الحصري
الحصري
سوره صافات را با صدای العفاسي
مشاري العفاسي
سوره صافات را با صدای ناصر القطامي
ناصر القطامي
سوره صافات را با صدای وديع اليمني
وديع اليمني
سوره صافات را با صدای ياسر الدوسري
ياسر الدوسري


Monday, May 13, 2024

به قرآن کریم چنگ بزنید