Surah Al-Qamar with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Al Qamar | القمر - Ayat Count 55 - The number of the surah in moshaf: 54 - The meaning of the surah in English: The Moon.

اقْتَرَبَتِ السَّاعَةُ وَانشَقَّ الْقَمَرُ(1)

 Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro

وَإِن يَرَوْا آيَةً يُعْرِضُوا وَيَقُولُوا سِحْرٌ مُّسْتَمِرٌّ(2)

 Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu’jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih

وَكَذَّبُوا وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُمْ ۚ وَكُلُّ أَمْرٍ مُّسْتَقِرٌّ(3)

 Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep

وَلَقَدْ جَاءَهُم مِّنَ الْأَنبَاءِ مَا فِيهِ مُزْدَجَرٌ(4)

 Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir)

حِكْمَةٌ بَالِغَةٌ ۖ فَمَا تُغْنِ النُّذُرُ(5)

 Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir)

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ ۘ يَوْمَ يَدْعُ الدَّاعِ إِلَىٰ شَيْءٍ نُّكُرٍ(6)

 Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh

خُشَّعًا أَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُونَ مِنَ الْأَجْدَاثِ كَأَنَّهُمْ جَرَادٌ مُّنتَشِرٌ(7)

 Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung

مُّهْطِعِينَ إِلَى الدَّاعِ ۖ يَقُولُ الْكَافِرُونَ هَٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ(8)

 Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa

۞ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ فَكَذَّبُوا عَبْدَنَا وَقَالُوا مَجْنُونٌ وَازْدُجِرَ(9)

 Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya

فَدَعَا رَبَّهُ أَنِّي مَغْلُوبٌ فَانتَصِرْ(10)

 Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung

فَفَتَحْنَا أَبْوَابَ السَّمَاءِ بِمَاءٍ مُّنْهَمِرٍ(11)

 Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan

وَفَجَّرْنَا الْأَرْضَ عُيُونًا فَالْتَقَى الْمَاءُ عَلَىٰ أَمْرٍ قَدْ قُدِرَ(12)

 Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi

وَحَمَلْنَاهُ عَلَىٰ ذَاتِ أَلْوَاحٍ وَدُسُرٍ(13)

 Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku

تَجْرِي بِأَعْيُنِنَا جَزَاءً لِّمَن كَانَ كُفِرَ(14)

 Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate

وَلَقَد تَّرَكْنَاهَا آيَةً فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ(15)

 Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ(16)

 Mulane kepiye kahanane wewaden lan siksaningsun

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ(17)

 Saiki Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane, mulane padha nyinaua

كَذَّبَتْ عَادٌ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ(18)

 Biyen kaum ’Aad padha maido ing Rosule. Kapriye kahanane wewaden lan siksaningsun marang wong ’Aad

إِنَّا أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا صَرْصَرًا فِي يَوْمِ نَحْسٍ مُّسْتَمِرٍّ(19)

 Allah nglakokake angin lesus kang banter nemppuh marang wong ’Aad mau ing dina Sangar kang lestari terus - terusan

تَنزِعُ النَّاسَ كَأَنَّهُمْ أَعْجَازُ نَخْلٍ مُّنقَعِرٍ(20)

 Angin mau numpes kabeh nganti glasah kaya wit kurma padha ambruk

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ(21)

 Kapriye ta hanane wewaden lan siksaningsun

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ(22)

 Satemene Ingsun Allah wis gelarake al-Quran gampang diweruhi surasane mulane padha ngestokna

كَذَّبَتْ ثَمُودُ بِالنُّذُرِ(23)

 Biyen wong Tsamud uga padha maido (wulangane Sholih)

فَقَالُوا أَبَشَرًا مِّنَّا وَاحِدًا نَّتَّبِعُهُ إِنَّا إِذًا لَّفِي ضَلَالٍ وَسُعُرٍ(24)

 Pangucape, "Ya gene aku manut marang wong siji tunggalku. yen mangkono aku rak klebu ing penasaran lan diarani wong edan

أَأُلْقِيَ الذِّكْرُ عَلَيْهِ مِن بَيْنِنَا بَلْ هُوَ كَذَّابٌ أَشِرٌ(25)

 Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe

سَيَعْلَمُونَ غَدًا مَّنِ الْكَذَّابُ الْأَشِرُ(26)

 Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh

إِنَّا مُرْسِلُو النَّاقَةِ فِتْنَةً لَّهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْ(27)

 Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye

وَنَبِّئْهُمْ أَنَّ الْمَاءَ قِسْمَةٌ بَيْنَهُمْ ۖ كُلُّ شِرْبٍ مُّحْتَضَرٌ(28)

 Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane)

فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطَىٰ فَعَقَرَ(29)

 Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِي وَنُذُرِ(30)

 Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun

إِنَّا أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ صَيْحَةً وَاحِدَةً فَكَانُوا كَهَشِيمِ الْمُحْتَظِرِ(31)

 Allah banjur ngutus Jibril kanthi suwara banter, wong Tsamud banjur tumpes sanalika ambruk kaya kayu garing wis mopol

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ(32)

 Satemene Allah wis gampangake al-Quran kanggo diweruhi surasane mulane padha ngestokna

كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوطٍ بِالنُّذُرِ(33)

 Biyen umate Luth uga padha maido wulangane

إِنَّا أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ حَاصِبًا إِلَّا آلَ لُوطٍ ۖ نَّجَّيْنَاهُم بِسَحَرٍ(34)

 Para umate Luth padha diudani watu tumpes kabeh kajaba mung Luth sakancane padha diparingi slamet ing wayah esuk

نِّعْمَةً مِّنْ عِندِنَا ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي مَن شَكَرَ(35)

 Peparinge Allah kabungahan kaya mangkono walese marang wong syukur

وَلَقَدْ أَنذَرَهُم بَطْشَتَنَا فَتَمَارَوْا بِالنُّذُرِ(36)

 Lan satemene Luth wis ngelingake dheweke para ummate siksa ancamane Allah. Nanging padha maido ancaman mau

وَلَقَدْ رَاوَدُوهُ عَن ضَيْفِهِ فَطَمَسْنَا أَعْيُنَهُمْ فَذُوقُوا عَذَابِي وَنُذُرِ(37)

 Lan para ummate Luth padha bujuk (supaya masrahake) dhayohe. Mulane banjur Ingsun picakake mripate. Padha ngrasakna siksa lan ancaman Ku

وَلَقَدْ صَبَّحَهُم بُكْرَةً عَذَابٌ مُّسْتَقِرٌّ(38)

 Lan satemene ing wayah esuke dheweke tinempuh ing siksa kang lestari

فَذُوقُوا عَذَابِي وَنُذُرِ(39)

 Padha ngrasakna siksaningsun lan ancaman - ancamanKu

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ(40)

 Lan satemene Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane mulane padha ngestokna

وَلَقَدْ جَاءَ آلَ فِرْعَوْنَ النُّذُرُ(41)

 Lan satemene para Rasul wis padha reka nerangake ancaman - ancaman marang Fir’aun

كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا كُلِّهَا فَأَخَذْنَاهُمْ أَخْذَ عَزِيزٍ مُّقْتَدِرٍ(42)

 Nanging dheweke gorohake kabeh tandha yekti kahelokaningsun, mulane padha ditumpes kelawan siksaning Allah kang Maha Mulya tur Maha Kuasa

أَكُفَّارُكُمْ خَيْرٌ مِّنْ أُولَٰئِكُمْ أَمْ لَكُم بَرَاءَةٌ فِي الزُّبُرِ(43)

 He wong kafir, apa kancamu luwih becik karo Firaun sabalane, utawa apa sira wis kasebut ana kitab kang kuna - kuna bakal luput saka siksa

أَمْ يَقُولُونَ نَحْنُ جَمِيعٌ مُّنتَصِرٌ(44)

 Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah

سَيُهْزَمُ الْجَمْعُ وَيُوَلُّونَ الدُّبُرَ(45)

 Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur)

بَلِ السَّاعَةُ مَوْعِدُهُمْ وَالسَّاعَةُ أَدْهَىٰ وَأَمَرُّ(46)

 Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget

إِنَّ الْمُجْرِمِينَ فِي ضَلَالٍ وَسُعُرٍ(47)

 Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka

يَوْمَ يُسْحَبُونَ فِي النَّارِ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ ذُوقُوا مَسَّ سَقَرَ(48)

 Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor

إِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنَاهُ بِقَدَرٍ(49)

 Sateme samu barang kang dumadi iku digawe kanthi papesthen

وَمَا أَمْرُنَا إِلَّا وَاحِدَةٌ كَلَمْحٍ بِالْبَصَرِ(50)

 Lan dhawuhe Allah mung sapisan wae suwene mung sak kedheping mripat

وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا أَشْيَاعَكُمْ فَهَلْ مِن مُّدَّكِرٍ(51)

 Lan satemene biyen Ingsun wis numpes para wong kafir kaya kowe, mulane kowe padha elinga ngestokna perintah

وَكُلُّ شَيْءٍ فَعَلُوهُ فِي الزُّبُرِ(52)

 Kabeh kang wis dilakoni padha dicathet ana buku - buku cathetan

وَكُلُّ صَغِيرٍ وَكَبِيرٍ مُّسْتَطَرٌ(53)

 Lan kabeh perkra gedhe utawa cilik kabeh mesthi ditulis

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَنَهَرٍ(54)

 Sarupane wong kang bekti ing Allah padha ana suwarga kang ana bengawane

فِي مَقْعَدِ صِدْقٍ عِندَ مَلِيكٍ مُّقْتَدِرٍ(55)

 Ana ing palungguhan kang nyata indah ana ngarsane Allah kang Kuasa


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Al-Qamar with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Al-Qamar mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Al-Qamar Complete with high quality
surah Al-Qamar Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Al-Qamar Bandar Balila
Bandar Balila
surah Al-Qamar Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Al-Qamar Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Al-Qamar Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Al-Qamar Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Al-Qamar Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Al-Qamar Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Al-Qamar Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Al-Qamar Fares Abbad
Fares Abbad
surah Al-Qamar Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Al-Qamar Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Al-Qamar Al Hosary
Al Hosary
surah Al-Qamar Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Al-Qamar Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Tuesday, April 30, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب