Nebe (amme) suresi çevirisi Cava dili

  1. Suresi mp3
  2. Başka bir sure
  3. Cava dili
Kuranı Kerim türkçe meali | Kur'an çevirileri | Cava dili dili | Nebe (amme) Suresi | النبأ - Ayet sayısı 40 - Moshaf'taki surenin numarası: 78 - surenin ingilizce anlamı: The Great News.

عَمَّ يَتَسَاءَلُونَ(1)

 Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir)

عَنِ النَّبَإِ الْعَظِيمِ(2)

 Padha takon bab pawarto gedhe

الَّذِي هُمْ فِيهِ مُخْتَلِفُونَ(3)

 Panemune bab pawarta mau beda - beda

كَلَّا سَيَعْلَمُونَ(4)

 Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane

ثُمَّ كَلَّا سَيَعْلَمُونَ(5)

 Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane

أَلَمْ نَجْعَلِ الْأَرْضَ مِهَادًا(6)

 Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan

وَالْجِبَالَ أَوْتَادًا(7)

 Sarta gunung - gung minangka gegeneng

وَخَلَقْنَاكُمْ أَزْوَاجًا(8)

 Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon

وَجَعَلْنَا نَوْمَكُمْ سُبَاتًا(9)

 Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso)

وَجَعَلْنَا اللَّيْلَ لِبَاسًا(10)

 Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian)

وَجَعَلْنَا النَّهَارَ مَعَاشًا(11)

 Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa

وَبَنَيْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعًا شِدَادًا(12)

 Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira

وَجَعَلْنَا سِرَاجًا وَهَّاجًا(13)

 Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge

وَأَنزَلْنَا مِنَ الْمُعْصِرَاتِ مَاءً ثَجَّاجًا(14)

 Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung

لِّنُخْرِجَ بِهِ حَبًّا وَنَبَاتًا(15)

 Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji

وَجَنَّاتٍ أَلْفَافًا(16)

 Apa dene palemahan kang kebak tetanduran

إِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ كَانَ مِيقَاتًا(17)

 Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa

يَوْمَ يُنفَخُ فِي الصُّورِ فَتَأْتُونَ أَفْوَاجًا(18)

 Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan

وَفُتِحَتِ السَّمَاءُ فَكَانَتْ أَبْوَابًا(19)

 Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang

وَسُيِّرَتِ الْجِبَالُ فَكَانَتْ سَرَابًا(20)

 Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana)

إِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتْ مِرْصَادًا(21)

 Sayekti neraka jahanam wis sumadiya

لِّلطَّاغِينَ مَآبًا(22)

 Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir

لَّابِثِينَ فِيهَا أَحْقَابًا(23)

 Padha manggon tetahunan tanpa wekasan

لَّا يَذُوقُونَ فِيهَا بَرْدًا وَلَا شَرَابًا(24)

 Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben

إِلَّا حَمِيمًا وَغَسَّاقًا(25)

 Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget

جَزَاءً وِفَاقًا(26)

 Iku patrapan kang wurwat (karo kaluputhe)

إِنَّهُمْ كَانُوا لَا يَرْجُونَ حِسَابًا(27)

 Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike

وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا كِذَّابًا(28)

 Pada maido al-Quran ayatingsun

وَكُلَّ شَيْءٍ أَحْصَيْنَاهُ كِتَابًا(29)

 Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab)

فَذُوقُوا فَلَن نَّزِيدَكُمْ إِلَّا عَذَابًا(30)

 Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa

إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ مَفَازًا(31)

 Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan

حَدَائِقَ وَأَعْنَابًا(32)

 Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang

وَكَوَاعِبَ أَتْرَابًا(33)

 Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran)

وَكَأْسًا دِهَاقًا(34)

 Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci

لَّا يَسْمَعُونَ فِيهَا لَغْوًا وَلَا كِذَّابًا(35)

 Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido

جَزَاءً مِّن رَّبِّكَ عَطَاءً حِسَابًا(36)

 Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira

رَّبِّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الرَّحْمَٰنِ ۖ لَا يَمْلِكُونَ مِنْهُ خِطَابًا(37)

 Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane

يَوْمَ يَقُومُ الرُّوحُ وَالْمَلَائِكَةُ صَفًّا ۖ لَّا يَتَكَلَّمُونَ إِلَّا مَنْ أَذِنَ لَهُ الرَّحْمَٰنُ وَقَالَ صَوَابًا(38)

 Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener

ذَٰلِكَ الْيَوْمُ الْحَقُّ ۖ فَمَن شَاءَ اتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِ مَآبًا(39)

 Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane

إِنَّا أَنذَرْنَاكُمْ عَذَابًا قَرِيبًا يَوْمَ يَنظُرُ الْمَرْءُ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُ وَيَقُولُ الْكَافِرُ يَا لَيْتَنِي كُنتُ تُرَابًا(40)

 Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae


Cava dili diğer sureler:

Bakara suresi Âl-i İmrân Nisâ suresi
Mâide suresi Yûsuf suresi İbrâhîm suresi
Hicr suresi Kehf suresi Meryem suresi
Hac suresi Kasas suresi Ankebût suresi
As-Sajdah Yâsîn suresi Duhân suresi
fetih suresi Hucurât suresi Kâf suresi
Necm suresi Rahmân suresi vakıa suresi
Haşr suresi Mülk suresi Hâkka suresi
İnşikâk suresi Alâ suresi Gâşiye suresi

En ünlü okuyucuların sesiyle Nebe (amme) Suresi indirin:

Surah An-Naba mp3: yüksek kalitede dinlemek ve indirmek için okuyucuyu seçerek
Nebe (amme) Suresi Ahmed El Agamy
Ahmed El Agamy
Nebe (amme) Suresi Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
Nebe (amme) Suresi Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
Nebe (amme) Suresi Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
Nebe (amme) Suresi Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
Nebe (amme) Suresi Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
Nebe (amme) Suresi Ali Al Hudhaifi
Ali Al Hudhaifi
Nebe (amme) Suresi Fares Abbad
Fares Abbad
Nebe (amme) Suresi Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
Nebe (amme) Suresi Muhammad Jibril
Muhammad Jibril
Nebe (amme) Suresi Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
Nebe (amme) Suresi Al Hosary
Al Hosary
Nebe (amme) Suresi Al-afasi
Mishari Al-afasi
Nebe (amme) Suresi Nasser Al Qatami
Nasser Al Qatami
Nebe (amme) Suresi Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Thursday, May 16, 2024

Bizim için dua et, teşekkürler