Surah Adh-Dhariyat with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah zariyat | الذاريات - Ayat Count 60 - The number of the surah in moshaf: 51 - The meaning of the surah in English: The Wind That Scatter.

وَالذَّارِيَاتِ ذَرْوًا(1)

 Demi angin kang ngumbulake bledhuk kang mabul - mabul

فَالْحَامِلَاتِ وِقْرًا(2)

 Demi mega kang gawa banyu udan

فَالْجَارِيَاتِ يُسْرًا(3)

 Demi perahu kang mlaku ana banyu kelawan gampang

فَالْمُقَسِّمَاتِ أَمْرًا(4)

 Demi Malaikat kang andum rizki lan udan

إِنَّمَا تُوعَدُونَ لَصَادِقٌ(5)

 Anggonira padha diprasetyani lan diancam dening Allah mesthi bakal kelakon

وَإِنَّ الدِّينَ لَوَاقِعٌ(6)

 Pituwase laku hala lan becik mesthi bakal kelakon

وَالسَّمَاءِ ذَاتِ الْحُبُكِ(7)

 Demi langit kang ana dalane kanggo mlaku lintang - lintang

إِنَّكُمْ لَفِي قَوْلٍ مُّخْتَلِفٍ(8)

 Anggonira padha bedha - bedha panemu (bab Muhammad lan al-Quran)

يُؤْفَكُ عَنْهُ مَنْ أُفِكَ(9)

 Wongkang kena digorohi, hiya sida didohake (saka al-Quran lan Nabi Muhammad)

قُتِلَ الْخَرَّاصُونَ(10)

 Wongkang padha goroh mau didohake saka rahmate Allah

الَّذِينَ هُمْ فِي غَمْرَةٍ سَاهُونَ(11)

 Wongkang padha kesilep bodho padha lali

يَسْأَلُونَ أَيَّانَ يَوْمُ الدِّينِ(12)

 Padha takon, "benjing punapa kalampahanipun Kiamat

يَوْمَ هُمْ عَلَى النَّارِ يُفْتَنُونَ(13)

 Hiya iku dina nalikane (wong kafir) padha disiksa ing neraka

ذُوقُوا فِتْنَتَكُمْ هَٰذَا الَّذِي كُنتُم بِهِ تَسْتَعْجِلُونَ(14)

 (Lan padha dawuh) iki siksa kang padha sira kesusokake biyen, padha rasakna

إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ(15)

 Sarupane wongkang bekti ing Allah ana suwarga kang ana bengawane mili

آخِذِينَ مَا آتَاهُمْ رَبُّهُمْ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَبْلَ ذَٰلِكَ مُحْسِنِينَ(16)

 Padha nampani ganjaran paringe Pangeran, dheweke mau sadurunge mlebu suwarga padha nglakoni penggawe becik

كَانُوا قَلِيلًا مِّنَ اللَّيْلِ مَا يَهْجَعُونَ(17)

 Wong Mukmin mau yen bengi anggone turu mung sethithik

وَبِالْأَسْحَارِ هُمْ يَسْتَغْفِرُونَ(18)

 Lan yen wayah sahur (seprapating wengi kang wekasan) padha nyuwun pangapuraning Allah

وَفِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ(19)

 Bandhane disediakake dadi duweke wong miskin kang jejaluk lan wong melarat

وَفِي الْأَرْضِ آيَاتٌ لِّلْمُوقِنِينَ(20)

 Bumi iku panggonan gumelare tondha yekti tumrap wong kang terang susurupane kang mratandani kuasaning Allah

وَفِي أَنفُسِكُمْ ۚ أَفَلَا تُبْصِرُونَ(21)

 Apa sira ora tau deleng kang ana ing awakira

وَفِي السَّمَاءِ رِزْقُكُمْ وَمَا تُوعَدُونَ(22)

 Rizkimu lan pituwasing laku kang disediakake marang sira padha ana ing langit

فَوَرَبِّ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ إِنَّهُ لَحَقٌّ مِّثْلَ مَا أَنَّكُمْ تَنطِقُونَ(23)

 Demi Pangerane bumi lan langit, sabarang kang diprasetiakake marang sira , mesthi, kelakon nyata kaya anggonmu bisa kandha wis tanpa mamang

هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ ضَيْفِ إِبْرَاهِيمَ الْمُكْرَمِينَ(24)

 (Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake

إِذْ دَخَلُوا عَلَيْهِ فَقَالُوا سَلَامًا ۖ قَالَ سَلَامٌ قَوْمٌ مُّنكَرُونَ(25)

 Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep

فَرَاغَ إِلَىٰ أَهْلِهِ فَجَاءَ بِعِجْلٍ سَمِينٍ(26)

 Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng

فَقَرَّبَهُ إِلَيْهِمْ قَالَ أَلَا تَأْكُلُونَ(27)

 Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa)

فَأَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيفَةً ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ وَبَشَّرُوهُ بِغُلَامٍ عَلِيمٍ(28)

 Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe

فَأَقْبَلَتِ امْرَأَتُهُ فِي صَرَّةٍ فَصَكَّتْ وَجْهَهَا وَقَالَتْ عَجُوزٌ عَقِيمٌ(29)

 Rabine (aran Sarah) kaget nuli maju lan gumun metek rahine. Pangucape, "Kula sampun pikun ( tahun) laki kula inggih gabuk (umu tahun) punapa yekto kula sambut manak

قَالُوا كَذَٰلِكِ قَالَ رَبُّكِ ۖ إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيمُ الْعَلِيمُ(30)

 Para dhayohe padha mangsuli, "Sampun mekaten pangandikanipun Pangeran panjenengan (sampun mesthi kelampahan) Allah punika Maha Wicaksana tur Nguningani samu kawis

۞ قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ أَيُّهَا الْمُرْسَلُونَ(31)

 Ibrahim takon, "Kawaji punika panjenengan dipun utus punapa

قَالُوا إِنَّا أُرْسِلْنَا إِلَىٰ قَوْمٍ مُّجْرِمِينَ(32)

 Para Malaikat padha mangsuli, "Kula diutus numpes para kafir ummatipun Luth

لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّن طِينٍ(33)

 Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau

مُّسَوَّمَةً عِندَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِينَ(34)

 Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau)

فَأَخْرَجْنَا مَن كَانَ فِيهَا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(35)

 Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku

فَمَا وَجَدْنَا فِيهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِّنَ الْمُسْلِمِينَ(36)

 Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam)

وَتَرَكْنَا فِيهَا آيَةً لِّلَّذِينَ يَخَافُونَ الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(37)

 Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti

وَفِي مُوسَىٰ إِذْ أَرْسَلْنَاهُ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ(38)

 Dene cerita lakone Musa uga dadi tandha yekti maneh yaiku anggone Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir’aun kanthi tandha yekti kang cetha

فَتَوَلَّىٰ بِرُكْنِهِ وَقَالَ سَاحِرٌ أَوْ مَجْنُونٌ(39)

 Fir’aun sabalane padha maido, pangucape, "Musa iku yen dudu juru sihir ya wong edan

فَأَخَذْنَاهُ وَجُنُودَهُ فَنَبَذْنَاهُمْ فِي الْيَمِّ وَهُوَ مُلِيمٌ(40)

 Fir’aun lan sabalane padha ingsun tumpes sarana disilepake ana segara, sebab dheweke nindakake gaweyan kang hina

وَفِي عَادٍ إِذْ أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الرِّيحَ الْعَقِيمَ(41)

 Lan maneh lelakone wong ’Aad uga dadi tandha yekti nalika Ingsun ditekani angin kang ngrusakake

مَا تَذَرُ مِن شَيْءٍ أَتَتْ عَلَيْهِ إِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيمِ(42)

 Angin mau manwa nerjang wong ’Aad utawa darbeke, endi kang katrajang mesthi katiwasan

وَفِي ثَمُودَ إِذْ قِيلَ لَهُمْ تَمَتَّعُوا حَتَّىٰ حِينٍ(43)

 Cerita tumpese wong Tsamud (ya dadi tandha yekti sawise belih ontaning Allah) banjur didhawuhi padha bungah - bungaha nganti tekan mangsane

فَعَتَوْا عَنْ أَمْرِ رَبِّهِمْ فَأَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ وَهُمْ يَنظُرُونَ(44)

 Wong Tsamud mau wis kebacut gumedhe, nglakoni dhawuhe Pangerane, mulane banjur tumpes dening bledheg kabeh padha deleng dheweke

فَمَا اسْتَطَاعُوا مِن قِيَامٍ وَمَا كَانُوا مُنتَصِرِينَ(45)

 Sawise katekan siksa (wong Tsamud) ora bisa ngadek lan mlaku ora ana kang katulungan

وَقَوْمَ نُوحٍ مِّن قَبْلُ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا فَاسِقِينَ(46)

 Sadurunge Ingsun numpes ummate Nuh, awit padha duraka kafir

وَالسَّمَاءَ بَنَيْنَاهَا بِأَيْدٍ وَإِنَّا لَمُوسِعُونَ(47)

 Langit Ingsun tekake kelawan kuasaningsun, Ingsun iki kuasa kang sabenere

وَالْأَرْضَ فَرَشْنَاهَا فَنِعْمَ الْمَاهِدُونَ(48)

 Dene bumi iku Ingsun gawe gelar, Ingsun iki becik - becike kang hanggelar

وَمِن كُلِّ شَيْءٍ خَلَقْنَا زَوْجَيْنِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ(49)

 Samu barang kang dumadi iku akeh kang Ingsun gawe jodhon (lanang - wadon) supaya sira padha mikir

فَفِرُّوا إِلَى اللَّهِ ۖ إِنِّي لَكُم مِّنْهُ نَذِيرٌ مُّبِينٌ(50)

 Mulane padha gelis (age - age) ngistokake dhwuhing Allah Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah

وَلَا تَجْعَلُوا مَعَ اللَّهِ إِلَٰهًا آخَرَ ۖ إِنِّي لَكُم مِّنْهُ نَذِيرٌ مُّبِينٌ(51)

 Lan aja padha mangro tingal mangeran liyane Allah, Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah

كَذَٰلِكَ مَا أَتَى الَّذِينَ مِن قَبْلِهِم مِّن رَّسُولٍ إِلَّا قَالُوا سَاحِرٌ أَوْ مَجْنُونٌ(52)

 Mangkono uga wong kuna saben katekan Rasul mesthi padha ngucap, "Kang ngaku Rasul iku yen ora juru sihir hiya wong edan

أَتَوَاصَوْا بِهِ ۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُونَ(53)

 Apa dheweke padha mekas marang liyane padha dikon ngucap hala marang Rasul? Wong kang ngucap mangkono iku tetep wong padha kesasar

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ فَمَا أَنتَ بِمَلُومٍ(54)

 Mulane padha malengosa marang wong mangkono mau sira wis ora kahinan awit wis mratakake dhawuh

وَذَكِّرْ فَإِنَّ الذِّكْرَىٰ تَنفَعُ الْمُؤْمِنِينَ(55)

 Lan sira tetap ngelingake awit pepiling iku migunani marang wong mukmin

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ(56)

 Anggoningsun gawe jin lan manungsa karsaningsun supaya padha bektia marang Ingsun

مَا أُرِيدُ مِنْهُم مِّن رِّزْقٍ وَمَا أُرِيدُ أَن يُطْعِمُونِ(57)

 Titah mau ora Ingsun kersakkae golek rizki konjuk ing Ingsun, lan Ingsun oran ngersakake kanggo ngingoni aku

إِنَّ اللَّهَ هُوَ الرَّزَّاقُ ذُو الْقُوَّةِ الْمَتِينُ(58)

 Satemene Allah iku paring rizki tur prakosa banget

فَإِنَّ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذَنُوبًا مِّثْلَ ذَنُوبِ أَصْحَابِهِمْ فَلَا يَسْتَعْجِلُونِ(59)

 Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe iku duwe bagian siksa kaya bageyan kancane wong kafir kuna (kang wis padha tumpes) dadi wis ora anggege siksa

فَوَيْلٌ لِّلَّذِينَ كَفَرُوا مِن يَوْمِهِمُ الَّذِي يُوعَدُونَ(60)

 Siksa kang abot patrapane para wong kafir besuk qiyamat kang wis ditemokake dening Allah


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Adh-Dhariyat with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Adh-Dhariyat mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Adh-Dhariyat Complete with high quality
surah Adh-Dhariyat Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Adh-Dhariyat Bandar Balila
Bandar Balila
surah Adh-Dhariyat Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Adh-Dhariyat Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Adh-Dhariyat Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Adh-Dhariyat Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Adh-Dhariyat Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Adh-Dhariyat Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Adh-Dhariyat Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Adh-Dhariyat Fares Abbad
Fares Abbad
surah Adh-Dhariyat Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Adh-Dhariyat Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Adh-Dhariyat Al Hosary
Al Hosary
surah Adh-Dhariyat Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Adh-Dhariyat Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Monday, April 29, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب