Surat Al-Anbiya Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-Anbiya kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (112 Ayat — مكية). Al-Anbiya Rungokna, Al-Anbiya Terjemah, Al-Anbiya mp3, Al-Anbiya pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-Anbiya

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
اقْتَرَبَ لِلنَّاسِ حِسَابُهُمْ وَهُمْ فِي غَفْلَةٍ مُّعْرِضُونَ ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Saiki wis meh dina Qiyamat, anggone Allah nimbang ala beciking menungsa. Ewodene manungsa mau lali, padha mlengos saka ayatingsun
مَا يَأْتِيهِم مِّن ذِكْرٍ مِّن رَّبِّهِم مُّحْدَثٍ إِلَّا اسْتَمَعُوهُ وَهُمْ يَلْعَبُونَ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Anggone ndawuhake pepeling marang para manungsa saka Pangeran (ora wutuh sa-kitab, nanging sathithik-sathithik) mulane wong kafir iya padha ngrungokake, nanging padha geguyu, dianggep dolanan
لَاهِيَةً قُلُوبُهُمْ ۗ وَأَسَرُّوا النَّجْوَى الَّذِينَ ظَلَمُوا هَلْ هَٰذَا إِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ ۖ أَفَتَأْتُونَ السِّحْرَ وَأَنتُمْ تُبْصِرُونَ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Atine wong mau padha lali marang Allah. Dene wong - wong kafir mau pdha pating klesik ngrasani: Moro padha pikiren (Muhammad) iki apa dudu manungsa padha karo sira? apa becik sira ngundang juru sihir, dadi sira banjur sumurup (yen keelokane Muhammad iku sihir uga)
قَالَ رَبِّي يَعْلَمُ الْقَوْلَ فِي السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۖ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
(Muhammad) ngendikaa, "Allah Pangeraningsun nguningani pangucape wong kang celathu ana ing langit lan bumi (lirih utawa seru). Dene Allah iku Maha midhanget tur Maha Priksa
بَلْ قَالُوا أَضْغَاثُ أَحْلَامٍ بَلِ افْتَرَاهُ بَلْ هُوَ شَاعِرٌ فَلْيَأْتِنَا بِآيَةٍ كَمَا أُرْسِلَ الْأَوَّلُونَ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Malah wong kafir mau padha ngucap, "Kang diucapake al-QUr’an iku satemene mung impen wae, (dikira wahyu saka Allah) malah iku gaweyane (Muhammad dhewe). Muhammad iku pancen pinter nganggit syi’ir. Ewadene menawa (Muhammad) ngaku temen, mara tekakna tandha yekti kebenerane, kaya para Rasul kang wis kepungkur
مَا آمَنَتْ قَبْلَهُم مِّن قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا ۖ أَفَهُمْ يُؤْمِنُونَ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
(Pangandikane Allah), "Ahli - ahli Negara sadurunge wong - wong kafir mau iya padha nyuwun tandha yekti kaelokan. Bareng wis Ingsun paringi, isih tetep padha ora gelem percaya, wusana banjur padha Ingsun tumpes (rusak). Saiki menawa Ingsun paringi tandha yekti, wong - wong kafir mau apa iya banjur padha percaya
وَمَا أَرْسَلْنَا قَبْلَكَ إِلَّا رِجَالًا نُّوحِي إِلَيْهِمْ ۖ فَاسْأَلُوا أَهْلَ الذِّكْرِ إِن كُنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Lan Ingsun ora ngutus sadurungira (Muhammad), kajaba wong lanang kang Ingsun paringi wahyu. Awit saka iku menawa sira padha ora sumurup (ora mangerti) becik padha pitakon marang wong kang padha mangerti (ahli kitab)
وَمَا جَعَلْنَاهُمْ جَسَدًا لَّا يَأْكُلُونَ الطَّعَامَ وَمَا كَانُوا خَالِدِينَ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Lan para utusan iku, ora Ingsun titahake jasad kang ora dhahar dhedaharan, sara para Utusan iku dudu kang tetep langgeng ana ing donya
ثُمَّ صَدَقْنَاهُمُ الْوَعْدَ فَأَنجَيْنَاهُمْ وَمَن نَّشَاءُ وَأَهْلَكْنَا الْمُسْرِفِينَ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para Rasul, sarta para wong Mukmin kang padha ta’at kang dadi keparenge kersaningsun, padha Ingsun paringi selamat. Lan Ingsun ngrusak wong - wong kang padha leluwihan
لَقَدْ أَنزَلْنَا إِلَيْكُمْ كِتَابًا فِيهِ ذِكْرُكُمْ ۖ أَفَلَا تَعْقِلُونَ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
(He para turune Quraesy) Yekti satemene Ingsun wis nurunake kitab marang sira kabeh mratelakake pengajaran. Ya gene sira padha ora mikir
وَكَمْ قَصَمْنَا مِن قَرْيَةٍ كَانَتْ ظَالِمَةً وَأَنشَأْنَا بَعْدَهَا قَوْمًا آخَرِينَ ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Wis pira bae kehe anggoningsun numpas (ngrusak) wong ing sawijining negara kang padha kafir, sapungkure banjur Ingsun iseni penduduk liyane
فَلَمَّا أَحَسُّوا بَأْسَنَا إِذَا هُم مِّنْهَا يَرْكُضُونَ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Bareng wong - wong mau krasa bakal kapatrapan siksaningsun (kang bakal ngrusak marang dheweke) dumadakan padha melayu saka negarane
لَا تَرْكُضُوا وَارْجِعُوا إِلَىٰ مَا أُتْرِفْتُمْ فِيهِ وَمَسَاكِنِكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْأَلُونَ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Sira aja padha mlayu, padha baliya marang omahmu lan raja brana kesenanganmu lan raja omahmu, supaya sira bisa menehi wong kang padha njejaluk
قَالُوا يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
(Bareng wis rumangsa ora bisa ngoncati bebaya), banjur padha sesambat, "Adhuh cilaka temen, Aku iki wong kang nganiaya marang awake dhewe
فَمَا زَالَت تِّلْكَ دَعْوَاهُمْ حَتَّىٰ جَعَلْنَاهُمْ حَصِيدًا خَامِدِينَ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
Sambate mengkono mau tanpa leren, nganti padha mati disiksa, sirna entek, kaya gaga kang dibabati mati
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاءَ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لَاعِبِينَ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Lan Ingsun ora nitahake langit lan bumi kabeh kang ana ing antarane minongka kanggo dolanan
لَوْ أَرَدْنَا أَن نَّتَّخِذَ لَهْوًا لَّاتَّخَذْنَاهُ مِن لَّدُنَّا إِن كُنَّا فَاعِلِينَ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Upama Ingsun kersaha mundhut garwa utawa peputra, mesthi Ingsun mundhut garwa (widhodhari) putra (malaikat) kang padha ana ing ngarsaningsun. Nanging kang mengkono iku mau ora
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْبَاطِلِ فَيَدْمَغُهُ فَإِذَا هُوَ زَاهِقٌ ۚ وَلَكُمُ الْوَيْلُ مِمَّا تَصِفُونَ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Ingsun ngempakake barang kang hak (yaiku Iman) kanggo nglawan barang kang luput (yaiku kafir), nganti mecahake endase mulane banjur sira larut. (He wong - wong kafir) sira bakal dipatrapi siksa kang abot, minongka piwalese anggonira padha ngarani (nyipati) menawa Allah iku kagungan putra
وَلَهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَمَنْ عِندَهُ لَا يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِهِ وَلَا يَسْتَحْسِرُونَ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Kabeh kang ana ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Sing sapa kaparak ing Allah (kayata para malaikat) iku ora ana kang gumedhe. Anggone padha ngabekti ing Allah, tanpa sayah sarta bosen
يُسَبِّحُونَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ لَا يَفْتُرُونَ ۝٢٠
📖 Terjemah Ayat 20
Rina wengi padha memuji nyebut Maha Suci ing Allah tanpa leren
أَمِ اتَّخَذُوا آلِهَةً مِّنَ الْأَرْضِ هُمْ يُنشِرُونَ ۝٢١
📖 Terjemah Ayat 21
Ya gene wong kafir teka padha Mangeran brahala isen - isening bumi, apa iku bisa nguripake wong mati?. (ora)
لَوْ كَانَ فِيهِمَا آلِهَةٌ إِلَّا اللَّهُ لَفَسَدَتَا ۚ فَسُبْحَانَ اللَّهِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُونَ ۝٢٢
📖 Terjemah Ayat 22
(Dikirak - kirakake) saumpama ing langit lan bumi iku ana Pangeran saliyane Allah, wis mesthi langit lan bumi loro - lorone pisan mesthi padha rusak. Maha Suci Allah Pangerane ’Arasy saka kabeh kang disifatake kaya kang diuca[ake dening wong - wong kafir (musyrik) iku
لَا يُسْأَلُ عَمَّا يَفْعَلُ وَهُمْ يُسْأَلُونَ ۝٢٣
📖 Terjemah Ayat 23
Kabeh barang kang ditindakake dening Allah, wong ora kena nyuwun pirsa, apa sebabe, nindakake kang mengkono? Nanging manungsa mesthi bakal didangu, sebab apa dheweke nindakake mengkono
أَمِ اتَّخَذُوا مِن دُونِهِ آلِهَةً ۖ قُلْ هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ ۖ هَٰذَا ذِكْرُ مَن مَّعِيَ وَذِكْرُ مَن قَبْلِي ۗ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ الْحَقَّ ۖ فَهُم مُّعْرِضُونَ ۝٢٤
📖 Terjemah Ayat 24
Ya gene wong - wong kafir padha mangeran saliyane Allah? (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngarani brahala iku Pangeran. Endi tandha yektinira. Kitab al-Qur’an iki panutane para Ummatingsun, lan uga panutane para Ummat sadurungingsun". Nanging wong - wong kafir iku akeh kang padha ora weruh ing bener, bisane mung tetap mlengos saka ndherek marang Rasul
وَمَا أَرْسَلْنَا مِن قَبْلِكَ مِن رَّسُولٍ إِلَّا نُوحِي إِلَيْهِ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا أَنَا فَاعْبُدُونِ ۝٢٥
📖 Terjemah Ayat 25
Lan Ingsun ora ngutus sawijining Utusan sadurungira (Muhammad) kajaba Ingsun paringi wahyu marang dheweke mengkene, "Satemene ora ana sesembahan kang haq, kajaba mung Ingsun pribadi. Awit saka iku sira manembaha marang Ingsun
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمَٰنُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۚ بَلْ عِبَادٌ مُّكْرَمُونَ ۝٢٦
📖 Terjemah Ayat 26
Wong - wong kafir mau padha ngucap mengkene, "Pangerane Kang Maha Welas iku kagungan putra (putri)." (Yaiku Malaikat). Sumurupa ALlah iku Maha SUci, (adoh banget yen peputra). Dene para malaikat iku kabeh kawulane Allah kang dimulyakake
لَا يَسْبِقُونَهُ بِالْقَوْلِ وَهُم بِأَمْرِهِ يَعْمَلُونَ ۝٢٧
📖 Terjemah Ayat 27
Dheweke (para malaikat) mau ora ana kang wani nglancangi Allah klawan pengucap sarta nindakake semu barang kang didhawuhake Allah
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُونَ إِلَّا لِمَنِ ارْتَضَىٰ وَهُم مِّنْ خَشْيَتِهِ مُشْفِقُونَ ۝٢٨
📖 Terjemah Ayat 28
Panjenengan Allah nguningani kabeh barang kang wis lan bakal ditindakake dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake syafa’at, kejaba nyuwunake syafa’ate wong kang diridhani dening Allah (wong Islam). Dene para Malaikat mau padha konjem, jalaran saka wedine marang Allah
۞ وَمَن يَقُلْ مِنْهُمْ إِنِّي إِلَٰهٌ مِّن دُونِهِ فَذَٰلِكَ نَجْزِيهِ جَهَنَّمَ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ ۝٢٩
📖 Terjemah Ayat 29
Lan sing sapa saka antarane makhluq ana kang ngucap, "Satemene Ingsun iku Pangeran saliyane panjenengane Allah", yekti dheweke bakal Ingsun wales klawan neraka Jahanam. Kaya mengkono uga Ingsun bakal males wong - wong kang padha nganiaya
أَوَلَمْ يَرَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ كَانَتَا رَتْقًا فَفَتَقْنَاهُمَا ۖ وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّ ۖ أَفَلَا يُؤْمِنُونَ ۝٣٠
📖 Terjemah Ayat 30
Apa wong - wong kafir iku ora padha sumurup yen satemene langit lan bumi iku asale dhempet dadi siji nuli Ingsun pisahake? Lan Ingsun wis nitahake kabeh barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke ora gelem percaya
وَجَعَلْنَا فِي الْأَرْضِ رَوَاسِيَ أَن تَمِيدَ بِهِمْ وَجَعَلْنَا فِيهَا فِجَاجًا سُبُلًا لَّعَلَّهُمْ يَهْتَدُونَ ۝٣١
📖 Terjemah Ayat 31
Lan Ingsun wis ndokoki gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang - ganjing, sara Ingsun dokoki dalan jembar pirang - pirang supaya wong kang lelungan padha sumurup (pikantuk pituduh) parane kang diseja
وَجَعَلْنَا السَّمَاءَ سَقْفًا مَّحْفُوظًا ۖ وَهُمْ عَنْ آيَاتِهَا مُعْرِضُونَ ۝٣٢
📖 Terjemah Ayat 32
Lan langit iku Ingsun anggo payoning bumi, rineksa ora bisa rubuh. Nanging wong - wong kafir padha mlengos, ora percaya marang tandha-yekti kang anaing langit (kayata srengenge, rembulan lan sapanunggalane)
وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۖ كُلٌّ فِي فَلَكٍ يَسْبَحُونَ ۝٣٣
📖 Terjemah Ayat 33
Lan Panjenengane kang wis nitahake wengi, rina, srengenge lan rembulan. Kabeh padha lumaku mider - mider rikat ana ing dalane (cakrawala)
وَمَا جَعَلْنَا لِبَشَرٍ مِّن قَبْلِكَ الْخُلْدَ ۖ أَفَإِن مِّتَّ فَهُمُ الْخَالِدُونَ ۝٣٤
📖 Terjemah Ayat 34
(Muhammad) Manungsa sadurungira ora ana kang Ingsun kersakake langgeng ana ing donya, ora kena ing pati. Ing tembe menawa sira wis lelayu (mati) manungsa liyane sira apa langgeng
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ وَنَبْلُوكُم بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً ۖ وَإِلَيْنَا تُرْجَعُونَ ۝٣٥
📖 Terjemah Ayat 35
Sarupaning badan mesthi ngrasakake mati, lan Ingsun nyoba marang sira kabeh kanthi ala lan becik. Wusana ing tembe sira padha dibalekake sowan marang ngarsaningsun, tinimbang ala lan becike
وَإِذَا رَآكَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِن يَتَّخِذُونَكَ إِلَّا هُزُوًا أَهَٰذَا الَّذِي يَذْكُرُ آلِهَتَكُمْ وَهُم بِذِكْرِ الرَّحْمَٰنِ هُمْ كَافِرُونَ ۝٣٦
📖 Terjemah Ayat 36
Menawa wong kafir iku ngeleng marang sira (Muhammad), ora ana maneh mung padha geguyu, pangucape marang kancane, "Apa iki wong kang nenacad marang Pangeranira?" Wong - wong kafir mau padha ngemohi marang anane Allah Kang Maha Welas
خُلِقَ الْإِنسَانُ مِنْ عَجَلٍ ۚ سَأُرِيكُمْ آيَاتِي فَلَا تَسْتَعْجِلُونِ ۝٣٧
📖 Terjemah Ayat 37
Manungsa iku dititahake wewatak kesusu (ora srantan). (He manungsa) sira aja padha anggege tumempuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing tembe mangsa wurunga sira Ingsun weruhake siksaningsun
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ ۝٣٨
📖 Terjemah Ayat 38
Wong - wong kafir mau banjur padha ngucap, "(He wong Islam) lah mara besuk apa tekane siksa, menawa ucapanira iku temen
لَوْ يَعْلَمُ الَّذِينَ كَفَرُوا حِينَ لَا يَكُفُّونَ عَن وُجُوهِهِمُ النَّارَ وَلَا عَن ظُهُورِهِمْ وَلَا هُمْ يُنصَرُونَ ۝٣٩
📖 Terjemah Ayat 39
(Allah ngendika), Upama wong - wong kafir iku sumurup, ing besuk nalika neraka nungkebi marang dheweke, saka ngarep lan saka ing buri, ora kena diolak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa tetulung marang awake, mesthi ora ngucap mengkono
بَلْ تَأْتِيهِم بَغْتَةً فَتَبْهَتُهُمْ فَلَا يَسْتَطِيعُونَ رَدَّهَا وَلَا هُمْ يُنظَرُونَ ۝٤٠
📖 Terjemah Ayat 40
Nangning tekane dina Qiyamat iku ngegetake, ndadekake bingung wong kafir. Rumangsa ora bisa nulak utawa nguncati siksane dina Qiyamat, lan ora kena semaya
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّن قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِينَ سَخِرُوا مِنْهُم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ ۝٤١
📖 Terjemah Ayat 41
(Muhammad), Para Rasul sadurungira uga padha bae digeguyu dening para Ummate. Dene patrapane anggone nggeguyu mau, banjur nempuh marang kang padha nggeguyu
قُلْ مَن يَكْلَؤُكُم بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ مِنَ الرَّحْمَٰنِ ۗ بَلْ هُمْ عَن ذِكْرِ رَبِّهِم مُّعْرِضُونَ ۝٤٢
📖 Terjemah Ayat 42
(Muhammad) sira dhawuha, "Sapa kang ngreksa ing sira ana ing wayah wengi lan rina saka siksane Pangeran kang Maha Welas?", (Ora liya mung Allah pribadi). Nanging wong kafir padha mlengos saka pepelinge Pangeran (al-Qur’an)
أَمْ لَهُمْ آلِهَةٌ تَمْنَعُهُم مِّن دُونِنَا ۚ لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَ أَنفُسِهِمْ وَلَا هُم مِّنَّا يُصْحَبُونَ ۝٤٣
📖 Terjemah Ayat 43
Apa wong - wong kafir padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak saka siksaningsnu? (mesthi ora). Brahala Pangereane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nyelametake wong kafir mau saka siksaningsun
بَلْ مَتَّعْنَا هَٰؤُلَاءِ وَآبَاءَهُمْ حَتَّىٰ طَالَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُ ۗ أَفَلَا يَرَوْنَ أَنَّا نَأْتِي الْأَرْضَ نَنقُصُهَا مِنْ أَطْرَافِهَا ۚ أَفَهُمُ الْغَالِبُونَ ۝٤٤
📖 Terjemah Ayat 44
(Sumurupa) wong kafir lan para leluhure anggone padha sempulur (dawa umure) iku Ingsun kang maringi, nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug anggone duraka. Wong kafir mau apa ora padha weruh yen Ingsun kurangi bumine mau saka pinggir Apa wong - wong kafir bakal padha pikantuk kemenangan? (mesthi ora)
قُلْ إِنَّمَا أُنذِرُكُم بِالْوَحْيِ ۚ وَلَا يَسْمَعُ الصُّمُّ الدُّعَاءَ إِذَا مَا يُنذَرُونَ ۝٤٥
📖 Terjemah Ayat 45
(Muhammad) sria dhawuha, "Satemene Ingsun iku mung paring pepeling marang sira kanthi wahyu (al-Qur’an)". Lan won gkang pangajak, nalika wong - wong mau padha dielingake
وَلَئِن مَّسَّتْهُمْ نَفْحَةٌ مِّنْ عَذَابِ رَبِّكَ لَيَقُولُنَّ يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ ۝٤٦
📖 Terjemah Ayat 46
Lan satemene menawa wong kafir mau kambah sethithik wae saka siksaning Pangeranira, yakti padha ngucap, "Adhuh cilaka temen, satemene kabeh padha nganiaya marang awake dhewe
وَنَضَعُ الْمَوَازِينَ الْقِسْطَ لِيَوْمِ الْقِيَامَةِ فَلَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْئًا ۖ وَإِن كَانَ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ أَتَيْنَا بِهَا ۗ وَكَفَىٰ بِنَا حَاسِبِينَ ۝٤٧
📖 Terjemah Ayat 47
Ing tembe Ingsun bakal nganakake traju timbangan kang ejjeg, kanggo nimbang ala lan becika (kanthi adil) kanggo wong - wong kang padha dikumpulake ing dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining badan kang dikaniaya sethithik - sethithika. Senajan ala utawa becik mau mung saboboting wiji sawi mesthi ingsun tekakake (ora bakal ilang). Dene kang waspada marang telitining panimbang iku cukup Ingsun pribadi
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَىٰ وَهَارُونَ الْفُرْقَانَ وَضِيَاءً وَذِكْرًا لِّلْمُتَّقِينَ ۝٤٨
📖 Terjemah Ayat 48
Lan temen Ingsun wos maringi Kitab Taurat marang Musa lan Harun. Kitab mau misahake tindak kang bener lan kang luput. Lan kitab mau minangka dadi pepadhnag pepeling tumrap wong kang taqwa marang Allah
الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُم بِالْغَيْبِ وَهُم مِّنَ السَّاعَةِ مُشْفِقُونَ ۝٤٩
📖 Terjemah Ayat 49
Yaiku wong - wong kang konjem marang Pangerane klawan ghoib (ing pasepen), lan dheweke padha wedi lan was sumelang saka siksane dina Qiyamat
وَهَٰذَا ذِكْرٌ مُّبَارَكٌ أَنزَلْنَاهُ ۚ أَفَأَنتُمْ لَهُ مُنكِرُونَ ۝٥٠
📖 Terjemah Ayat 50
Lan al-QUr’an iki pepeling tur akeh berkahe kang Ingsun turunake. Ya gene sira padha mungkir (maido) marang isine Qur’an
۞ وَلَقَدْ آتَيْنَا إِبْرَاهِيمَ رُشْدَهُ مِن قَبْلُ وَكُنَّا بِهِ عَالِمِينَ ۝٥١
📖 Terjemah Ayat 51
Lan temen Ingsun wis paring pituduh (kapinteran) marang Ibrahim sadurunge Musa, sarta Ingsun nguningani menawa Ibrahim iku golongane won gkang pikantuk pituduh lan kenabiyan
إِذْ قَالَ لِأَبِيهِ وَقَوْمِهِ مَا هَٰذِهِ التَّمَاثِيلُ الَّتِي أَنتُمْ لَهَا عَاكِفُونَ ۝٥٢
📖 Terjemah Ayat 52
Nalika semana Ibrahim tankon marang ramane lan para kaume, "Reca - reca punika sebab punapa tansah panjenengan sembah - sembah
قَالُوا وَجَدْنَا آبَاءَنَا لَهَا عَابِدِينَ ۝٥٣
📖 Terjemah Ayat 53
Ramane serta para kaume padha mangsuli, "Kita kabeh wis padha nemu leluhur kita padha manembah marang reca - reca iki
قَالَ لَقَدْ كُنتُمْ أَنتُمْ وَآبَاؤُكُمْ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ ۝٥٤
📖 Terjemah Ayat 54
Ibrahim ngendika, "Menawi mekaten, panjenengan sarta para leluhur panjenengan tetela sami kesasar
قَالُوا أَجِئْتَنَا بِالْحَقِّ أَمْ أَنتَ مِنَ اللَّاعِبِينَ ۝٥٥
📖 Terjemah Ayat 55
Keng ramane sarta kaume padha mangsuli, "He Ibrahim wangsulanmu mengkono iku temenan apa mung sembranan bae
قَالَ بَل رَّبُّكُمْ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ الَّذِي فَطَرَهُنَّ وَأَنَا عَلَىٰ ذَٰلِكُم مِّنَ الشَّاهِدِينَ ۝٥٦
📖 Terjemah Ayat 56
Ibrahim mangsuli, "Sayektos, sejatosipun pangeran panjenengan punika pangeraning langit lan bumi, ingkang sampun nitahake sadaya wau. Wicanten kula mekaten punika sayektos, kula sumerap terang sarta wongten tandha yektinipun
وَتَاللَّهِ لَأَكِيدَنَّ أَصْنَامَكُم بَعْدَ أَن تُوَلُّوا مُدْبِرِينَ ۝٥٧
📖 Terjemah Ayat 57
Demi Allah, mangke sakpengker panjenengan saking mriki, brahala - brahala panjenengan puniksa sami kula pejahi
فَجَعَلَهُمْ جُذَاذًا إِلَّا كَبِيرًا لَّهُمْ لَعَلَّهُمْ إِلَيْهِ يَرْجِعُونَ ۝٥٨
📖 Terjemah Ayat 58
Ibrahim nuli nggepuk brahala - brahala iku nganti remuk, kajaba brahala kang gedhe dewe, supaya wong - wong mau padha bali (takon) marang brahala kang gedhe dhewe iku, (Reca kang gedhe dhewe iku ora dikapak - kapak ake malah tangane dicekeli gegaman, kersane Ibrahim supaya wong akeh mau padha ambalika manut agamane Ibrahim)
قَالُوا مَن فَعَلَ هَٰذَا بِآلِهَتِنَا إِنَّهُ لَمِنَ الظَّالِمِينَ ۝٥٩
📖 Terjemah Ayat 59
Wong - wong mau banjur upyek pitakone, "Sapa kang ganggu gawe marang pangeran kita mengkene iki? Dheweke tetep wong kang duraka lan nganiaya
قَالُوا سَمِعْنَا فَتًى يَذْكُرُهُمْ يُقَالُ لَهُ إِبْرَاهِيمُ ۝٦٠
📖 Terjemah Ayat 60
Saweneh ana kang ngucap, "Sak temene aku krungu bocah nom - noman kang nyebut pangeran - pangeran iku, arane Ibrahim
قَالُوا فَأْتُوا بِهِ عَلَىٰ أَعْيُنِ النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَشْهَدُونَ ۝٦١
📖 Terjemah Ayat 61
Wong - wong mau padha ngucap, "Mara wong iku gawanen marang sak ngarepe wong akeh, supaya kabeh padha nyekseni
قَالُوا أَأَنتَ فَعَلْتَ هَٰذَا بِآلِهَتِنَا يَا إِبْرَاهِيمُ ۝٦٢
📖 Terjemah Ayat 62
Bareng Ibrahim wis teka wong - wong mau bajur padha pitakon, "Punapa panjenengan ingkang ganggu damel dhateng pangeran - pangeran ikita mekaten punika dhuh Ibrahim
قَالَ بَلْ فَعَلَهُ كَبِيرُهُمْ هَٰذَا فَاسْأَلُوهُمْ إِن كَانُوا يَنطِقُونَ ۝٦٣
📖 Terjemah Ayat 63
Ibrahim mangsuli, "Kinten kula ingkang ganggu damel inggih brahala ingkang ageng piyambak punika, jalaran piyambakipun ingkang nyepeng gegaman, cobi kula aturi nakeni menawi sanget wicanten
فَرَجَعُوا إِلَىٰ أَنفُسِهِمْ فَقَالُوا إِنَّكُمْ أَنتُمُ الظَّالِمُونَ ۝٦٤
📖 Terjemah Ayat 64
Wong akeh mau saksiwe padha mikir - mikir, banjur padha nutuh arang awake dhewe, pangucape marang kancane, "Saktemene sira sing padha nganiaya marang awakmu dhewe yoiku padha manembah marang brahala
ثُمَّ نُكِسُوا عَلَىٰ رُءُوسِهِمْ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا هَٰؤُلَاءِ يَنطِقُونَ ۝٦٥
📖 Terjemah Ayat 65
Wong - wong mau nuli padha nungkulake sirahe (bali marang kekafirane sakwise ngakoni kedzalimane), yaiku padha ngucap, "Sakyektosipun panjenengan Ibrahim, sampun mangertos bilih brahala punika mboten saget wicanten, (kados pundi teka kula kapurih taken dhateng para brahala - brahala punika)
قَالَ أَفَتَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُكُمْ شَيْئًا وَلَا يَضُرُّكُمْ ۝٦٦
📖 Terjemah Ayat 66
Ibrahim banjur mangsuli dhuh para kaum, punopo sebabipun panjenengan sami manembah sanesipun Allah inggih punika brahala ingkang mboten saget manfaati tuwin mbiten saget mlarati punapa - punapa dhateng panjenengan
أُفٍّ لَّكُمْ وَلِمَا تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ ۖ أَفَلَا تَعْقِلُونَ ۝٦٧
📖 Terjemah Ayat 67
Cilaka penjenengan sadaya lan punapa ingkang panjenengan sembah sanesipun ALlah punapa panjenengan mboten gadhah akal
قَالُوا حَرِّقُوهُ وَانصُرُوا آلِهَتَكُمْ إِن كُنتُمْ فَاعِلِينَ ۝٦٨
📖 Terjemah Ayat 68
Wong - wong mau banjur padha ngucap (nalika sing dadi raja jenenge Namrud), "Obongen Ibrahim, lan sira padha nulungna marang pangeran - pangeran nira, menawa sira padha rep tumindak gawe
قُلْنَا يَا نَارُ كُونِي بَرْدًا وَسَلَامًا عَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ ۝٦٩
📖 Terjemah Ayat 69
Ing kono Ibrahim banjur diobong, ingsun Allah dhaweuh marang geni, "He genia sira dadia adem lan keslametan tetep marang Ibrahim
وَأَرَادُوا بِهِ كَيْدًا فَجَعَلْنَاهُمُ الْأَخْسَرِينَ ۝٧٠
📖 Terjemah Ayat 70
Wong - wong mau karepe nedya maeka marang Ibrahim, nanging wong - wong iku Ingsun dadekake wong kang rugi (luput pangarep - arepe)
وَنَجَّيْنَاهُ وَلُوطًا إِلَى الْأَرْضِ الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا لِلْعَالَمِينَ ۝٧١
📖 Terjemah Ayat 71
Lan Ingsun wis nylametake marang Ibrahim lan Luth banjur padha ngalih marang bumi kang ingsun berkahi, loh-jinawi ngungkuli bumi sakjagat kabeh (yaiku bumi tanah Syam)
وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ نَافِلَةً ۖ وَكُلًّا جَعَلْنَا صَالِحِينَ ۝٧٢
📖 Terjemah Ayat 72
Lan Ingsun wis paring putra marang Ibrahim yaiku Ishak kang banjur peputra Ya’kub dadi luwih saka panyuwune Ibrahim. Kabeh iu padha ingsun dadekake wong kang becik (sholeh)
وَجَعَلْنَاهُمْ أَئِمَّةً يَهْدُونَ بِأَمْرِنَا وَأَوْحَيْنَا إِلَيْهِمْ فِعْلَ الْخَيْرَاتِ وَإِقَامَ الصَّلَاةِ وَإِيتَاءَ الزَّكَاةِ ۖ وَكَانُوا لَنَا عَابِدِينَ ۝٧٣
📖 Terjemah Ayat 73
Lan Ingsun wis dadekake marang dheweke dhadhi pangarep (panutan), kang nuduhake para menungsa marang agamaningsun klawan dhawuhingsun, sarta dhawuhi penggawe becik, nglakoni shalat serta bayar zakat, lan kabeh mau padha manembah marang ingsun
وَلُوطًا آتَيْنَاهُ حُكْمًا وَعِلْمًا وَنَجَّيْنَاهُ مِنَ الْقَرْيَةِ الَّتِي كَانَت تَّعْمَلُ الْخَبَائِثَ ۗ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمَ سَوْءٍ فَاسِقِينَ ۝٧٤
📖 Terjemah Ayat 74
Lan Luth wis Ingsun paringi kawicaksanan lan kaweruh, sarta Ingsun paringi slamet saka penduduke negara kang tumindak ala mrang dheweke (negara sakdum) saktemene wong - wong iku kaum kang ala tur durhaka. (Kaume Nabi Luth iku padha cumbana padha wong lanang)
وَأَدْخَلْنَاهُ فِي رَحْمَتِنَا ۖ إِنَّهُ مِنَ الصَّالِحِينَ ۝٧٥
📖 Terjemah Ayat 75
Lan Ingsun wis nglebokake Luth dadi ewone wong kang oleh Rahmatingsun. (Slamet sangka ummate kang tumindak ala). Saktemene Luth iku golongane wong kang becik
وَنُوحًا إِذْ نَادَىٰ مِن قَبْلُ فَاسْتَجَبْنَا لَهُ فَنَجَّيْنَاهُ وَأَهْلَهُ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيمِ ۝٧٦
📖 Terjemah Ayat 76
(Muhammad) nyirtakna sejarahe Nuh, sakdurunge Ibrahim, nalikane nyuwun tumpesing para ummate. Ingsun wis marengake panyuwune. Nuh lan kaume padha ingsun paringi slamet sangka kasusahan sing gedhe (banji tofan)
وَنَصَرْنَاهُ مِنَ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمَ سَوْءٍ فَأَغْرَقْنَاهُمْ أَجْمَعِينَ ۝٧٧
📖 Terjemah Ayat 77
Lan Ingsun wis paring pitulungan marang Nuh, slamet saka pialane para umate kang padha nggorohake ayatingsun. Saktemene wong - wong mau padha dadi wong kang ala awit saka iku banjur ingsun sirnakake, tumpes kabeh kerem ing banjir tofan
وَدَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ إِذْ يَحْكُمَانِ فِي الْحَرْثِ إِذْ نَفَشَتْ فِيهِ غَنَمُ الْقَوْمِ وَكُنَّا لِحُكْمِهِمْ شَاهِدِينَ ۝٧٨
📖 Terjemah Ayat 78
(Muhammad) nyritakna sejarahe Dawud lan SUlaiman (kang wis kamulyakake kanthi kawicaksanan), yaiku nalikane dheweke padha mutusi perkara tanduraning kaum kang dirusak dening wedhuse golongan liyane. Lan Ingsun nyekseni hukum kang diputusake dening dheweke. (kang duwe tanduran ora trime, putusane Dawud, wedhus dadi dabeke wongkang duwe tanduran. Dene putusane Sulaiman wing kang duwe wedhus anandurana minangka kanggo gantine tanduran kang dirusak dening wedhusi nganti pulih kaya sak durunge dirusak. Dene pemetuni wedhus wujut poal lan sak panunggalane dadia darbeke wong kang duwe tanduran mau. Naning ing tembe tanduran mau wis pulih wedhus dalah pemetune bali marang kang duwe wedhus, Dawud manut kaya putusane Sulaiman mau. Ingsun nguningani putusane Dawud lan Sulaiman mau)
فَفَهَّمْنَاهَا سُلَيْمَانَ ۚ وَكُلًّا آتَيْنَا حُكْمًا وَعِلْمًا ۚ وَسَخَّرْنَا مَعَ دَاوُودَ الْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَ ۚ وَكُنَّا فَاعِلِينَ ۝٧٩
📖 Terjemah Ayat 79
Sulaiman ingsun paringi kawicaksanan weruh marang bebenering hukum (perkara). Dene Sulaiman lan Dawud Ingsun paringi kawicaksanan lan kapinteran. (Lan Ingsun junjung ing pangkat Nabi). Lan Ingsun anyungkemake sakehing gunung lan manuk, padha melu memuji lan maha sucekake ing Allah bebarengan karo Dawud. Ingsun nindakake kang mengkono iku
وَعَلَّمْنَاهُ صَنْعَةَ لَبُوسٍ لَّكُمْ لِتُحْصِنَكُم مِّن بَأْسِكُمْ ۖ فَهَلْ أَنتُمْ شَاكِرُونَ ۝٨٠
📖 Terjemah Ayat 80
Lan Ingsun wis mulan gmarang Dawud mau kawitane wong kang gawe klambi kere (klambi wesi), kanggo ngreksa (njaga) awakira saka bebayaning perang. Awit kang mengkono iku mau, apa sira padha syukur ing Allah
وَلِسُلَيْمَانَ الرِّيحَ عَاصِفَةً تَجْرِي بِأَمْرِهِ إِلَى الْأَرْضِ الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا ۚ وَكُنَّا بِكُلِّ شَيْءٍ عَالِمِينَ ۝٨١
📖 Terjemah Ayat 81
Lan maneh Ingsun nyungkemake angin prahara marang Sulaiman, lumaku ngidid marang bumi ing Syam kang Ingsun berkahi saka prentahe Sulaiman. Ingsun iku nguningani kabeh barang
وَمِنَ الشَّيَاطِينِ مَن يَغُوصُونَ لَهُ وَيَعْمَلُونَ عَمَلًا دُونَ ذَٰلِكَ ۖ وَكُنَّا لَهُمْ حَافِظِينَ ۝٨٢
📖 Terjemah Ayat 82
(Lan Ingsun uga nyungkemake para syetan marang Sulaiman), Sawenehing syetan mau ana kang diprentah slulub ing segara, anjupuki mutiara pirang - pirang, lan ana kang diperintah nindakake penggaweyan liya - liyane. Lan Ingsun ngreksa marang para syetan mau, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis ditindakake
۞ وَأَيُّوبَ إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ أَنِّي مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ ۝٨٣
📖 Terjemah Ayat 83
(Muhammad, sira nyritakna sejarahe Ayyub) nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula punika nandha sesakit. Panjenengan punika langkung dening Asih, ngungkuli tiyang ingkang Asih
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ فَكَشَفْنَا مَا بِهِ مِن ضُرٍّ ۖ وَآتَيْنَاهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُم مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنْ عِندِنَا وَذِكْرَىٰ لِلْعَابِدِينَ ۝٨٤
📖 Terjemah Ayat 84
Ingsun nuli nerangake penyuwune Ayyub mau. Mulane kabeh lelarane Ingsun paringi waras. Anak - anake kang wis mati pada Ingsun uripake (lan Ingsun balekake keluargane Ayub marang piyambake), lan Ingsun paringi tikel maneh. Iku tumanja sih (rahmat) saka ngarsaningsun lan dadiya pepeling tumrap wongkang kumawula marang Allah
وَإِسْمَاعِيلَ وَإِدْرِيسَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ كُلٌّ مِّنَ الصَّابِرِينَ ۝٨٥
📖 Terjemah Ayat 85
(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Isma’il, Idris lan Dzul kifli. Kabeh mau kalebu golongane wong kang sabar (teguh) atine anggone padha ngabekti marang Allah
وَأَدْخَلْنَاهُمْ فِي رَحْمَتِنَا ۖ إِنَّهُم مِّنَ الصَّالِحِينَ ۝٨٦
📖 Terjemah Ayat 86
Lan Ingsun wis nglebokake dadi golongae wong kang pikanthuk rahmatingsun (pangkat Nabi). Jalaran satemene dheweke iku golongane wong - wong kang padha becik
وَذَا النُّونِ إِذ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ أَن لَّن نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادَىٰ فِي الظُّلُمَاتِ أَن لَّا إِلَٰهَ إِلَّا أَنتَ سُبْحَانَكَ إِنِّي كُنتُ مِنَ الظَّالِمِينَ ۝٨٧
📖 Terjemah Ayat 87
(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Yunus kang jejuluk Dzun-nun tegese duwe iwak Nun. (Mulane jejuluk mengkono, awit Yunus mau diuntal ing iwak Nun), Nalikane Yunus mutung, lolos anglungani para ummate, awit tansah dipaido. Panjenengane ora bakal Ingsun patrapi. (Lungane nunggang prahu ing segara, banjur diuntal iwak nun) Yunus munjuk ing ALlah (ana ing sajeroning wetengen iwak), "Dhuh Allah Pangeran kawula. Saestu boten wonten sesembahan klayan leres, kajawi namung Panjenengan. Panjenengan punika Maha Suci. Kawula punika nganiaya dhateng badan kula piyambak
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ وَنَجَّيْنَاهُ مِنَ الْغَمِّ ۚ وَكَذَٰلِكَ نُنجِي الْمُؤْمِنِينَ ۝٨٨
📖 Terjemah Ayat 88
Panyuwune Yunus mau Ingsun parengake, dheweke banjur diwetokake dening iwak saka wetenge. Ing kono dheweke Ingsun luwarake saka bebaya gedhe. Mengkono uga para wong Mukmin, iya Ingsun luwari saka kesusahane
وَزَكَرِيَّا إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ رَبِّ لَا تَذَرْنِي فَرْدًا وَأَنتَ خَيْرُ الْوَارِثِينَ ۝٨٩
📖 Terjemah Ayat 89
(Muhammad), nyritakna sejarahe Zakariya, nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula mugi sampun panjenengan kendelaken kemawon, piyambakan tanpa anak, Panjenengan mesthi langgeng, dados waris kawula, ingkang prayogi sanget
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ وَوَهَبْنَا لَهُ يَحْيَىٰ وَأَصْلَحْنَا لَهُ زَوْجَهُ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا يُسَارِعُونَ فِي الْخَيْرَاتِ وَيَدْعُونَنَا رَغَبًا وَرَهَبًا ۖ وَكَانُوا لَنَا خَاشِعِينَ ۝٩٠
📖 Terjemah Ayat 90
Nuli Ingsun mirengake panyuwune (Zakariya) mau, Ingsun paringi putra lanang, jeneng Yahya. Rabine kang maune gabug, Ingsun dandani rahine. Satemene para Nabi kang wis kasebut mau kabeh padha gegancangan anggone nglakoni penggawe becik, padha ngestokake prentah Ingsun kanthi rasa wedi lan asih, sarta padha andhap asor (konjem) marang Ingsun
وَالَّتِي أَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيهَا مِن رُّوحِنَا وَجَعَلْنَاهَا وَابْنَهَا آيَةً لِّلْعَالَمِينَ ۝٩١
📖 Terjemah Ayat 91
(Muhammad) sira nyritakna puteri (Maryam) kang tuhu ngati - ati anggone rumeksa marang kehormatane, mulane banjur Ingsun panjingi roh saka peparing Ingsun pribadi (dadhi ngandut ’Isa as). Dheweke lan putrane mau Ingsun anggo pangeram - eram, minangka tandha yekti wong sajagat, supaya padha sumurupa sampurnaning kuwasaningsun
إِنَّ هَٰذِهِ أُمَّتُكُمْ أُمَّةً وَاحِدَةً وَأَنَا رَبُّكُمْ فَاعْبُدُونِ ۝٩٢
📖 Terjemah Ayat 92
Satemene Agama (Islam) iki agamanira kang sawiji (kang wajib dikukuhi sarta kang sarujuk dadi Ummat sawiji). Lan Ingsun Pangeranira, awit saka iku sira padha manembaha marang Ingsun
وَتَقَطَّعُوا أَمْرَهُم بَيْنَهُمْ ۖ كُلٌّ إِلَيْنَا رَاجِعُونَ ۝٩٣
📖 Terjemah Ayat 93
Lan dheweke wis padha padudon ana ing agamanae (dadi pirang - pirang golongan) nanging saben - saben golongan bakal bali sowan marang ngarsaningsun
فَمَن يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا كُفْرَانَ لِسَعْيِهِ وَإِنَّا لَهُ كَاتِبُونَ ۝٩٤
📖 Terjemah Ayat 94
Sing sapa nindakake kabecikan sarta dheweke Iman, kabeh kabecikane ora bakal muspra. Satemene Ingsun nulisi kabeh ’amal, ora ana kang kecer
وَحَرَامٌ عَلَىٰ قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا أَنَّهُمْ لَا يَرْجِعُونَ ۝٩٥
📖 Terjemah Ayat 95
Temenan ora bakal kelakon tumrap kaum (penduduk) sawijinig negara kang wis Ingsun rusak, dheweke iku bakal padha bali (tobat) marang Ingsun
حَتَّىٰ إِذَا فُتِحَتْ يَأْجُوجُ وَمَأْجُوجُ وَهُم مِّن كُلِّ حَدَبٍ يَنسِلُونَ ۝٩٦
📖 Terjemah Ayat 96
Sahingga menawa betenge Ya’juj lan Ma’juj wis dibukak, lan dheweke padha rerikatan metu saka saben - saben panggonan kang dhuwur
وَاقْتَرَبَ الْوَعْدُ الْحَقُّ فَإِذَا هِيَ شَاخِصَةٌ أَبْصَارُ الَّذِينَ كَفَرُوا يَا وَيْلَنَا قَدْ كُنَّا فِي غَفْلَةٍ مِّنْ هَٰذَا بَلْ كُنَّا ظَالِمِينَ ۝٩٧
📖 Terjemah Ayat 97
Lan yekti wis cedhak tumibane janji kang bener (Qiyamat), dumadakan pendelenge wong - wong kafir padha mendelik sarta padha ngucap, "Dhuh cilaka yekti kita wis nglirwakake dina iki, malah padha nganiaya
إِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ حَصَبُ جَهَنَّمَ أَنتُمْ لَهَا وَارِدُونَ ۝٩٨
📖 Terjemah Ayat 98
Satemene sira lan kabeh kang sira sembah saliyane Allah, padha dadi urub - urubing neraka jahannam. Sira kabeh bakal padha mlebu ana ing kono
لَوْ كَانَ هَٰؤُلَاءِ آلِهَةً مَّا وَرَدُوهَا ۖ وَكُلٌّ فِيهَا خَالِدُونَ ۝٩٩
📖 Terjemah Ayat 99
Saumpama brahala - brahala iku dadi Pangeran kang sejati, yekti dheweke (lan kang padha manembah) ora mblebu ing neraka jahanam, lan kabeh (kang disembah lan kang manembah) padha langgeng ana ing neraka kono
لَهُمْ فِيهَا زَفِيرٌ وَهُمْ فِيهَا لَا يَسْمَعُونَ ۝١٠٠
📖 Terjemah Ayat 100
Para wong kafir mau ana ing neraka padha sesambat ngaru - ara lan menggeh - menggeh, sarta ora krungu apa - apa, kajaba mung gumrubuging geni
إِنَّ الَّذِينَ سَبَقَتْ لَهُم مِّنَّا الْحُسْنَىٰ أُولَٰئِكَ عَنْهَا مُبْعَدُونَ ۝١٠١
📖 Terjemah Ayat 101
Satemene wong - wong kang luwih dhisik wis pikantuk putusan kabecikan saka ngarsaningsun, yekti dheweke iku padha didohake saka neraka
لَا يَسْمَعُونَ حَسِيسَهَا ۖ وَهُمْ فِي مَا اشْتَهَتْ أَنفُسُهُمْ خَالِدُونَ ۝١٠٢
📖 Terjemah Ayat 102
Dheweke padha ora krungu gumrubuging suwarnaning neraka, sara dheweke padha langgen ana ing (ni’mat) kang disenengi dening nafsune
لَا يَحْزُنُهُمُ الْفَزَعُ الْأَكْبَرُ وَتَتَلَقَّاهُمُ الْمَلَائِكَةُ هَٰذَا يَوْمُكُمُ الَّذِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ ۝١٠٣
📖 Terjemah Ayat 103
Wong mukmin mau padha ora nemu kesusahan dening perkara gedhe kang memedeni, sarta nalika padha metu saka qubur, diacarani dening para malaikat, tembunge, "Sapunika mangsanipun keleksanan janjinipun Allah badhe ngganjar dhateng panjenengan
يَوْمَ نَطْوِي السَّمَاءَ كَطَيِّ السِّجِلِّ لِلْكُتُبِ ۚ كَمَا بَدَأْنَا أَوَّلَ خَلْقٍ نُّعِيدُهُ ۚ وَعْدًا عَلَيْنَا ۚ إِنَّا كُنَّا فَاعِلِينَ ۝١٠٤
📖 Terjemah Ayat 104
Ing dina iku Ingsun anggulung langit kaya tetulisan (lembaran) kertas kang digulung. Kabeh wong padha Ingsun balekake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung. Kang mengkono iku wis dadi janjiningsun, ing dina iku Ingsun leksanani
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِي الزَّبُورِ مِن بَعْدِ الذِّكْرِ أَنَّ الْأَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصَّالِحُونَ ۝١٠٥
📖 Terjemah Ayat 105
Lan yekti Ingsun wis nulis ana ing kitab Zabur, sakwise Ingsun tulisi (ana ing Lauhil Mahfudz), "Menawa kang duweni hak nampa waris pusakane bumi iki, mung kawulaningsun kang padha sholeh
إِنَّ فِي هَٰذَا لَبَلَاغًا لِّقَوْمٍ عَابِدِينَ ۝١٠٦
📖 Terjemah Ayat 106
Saktemene apa kang disebutake ing dalem surat iki tumrap wong kang ngabekti wis cukup kanggo lantaran lakone sedyane
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ ۝١٠٧
📖 Terjemah Ayat 107
(Muhammad) Ingsun ora ngutus marang sira kajaba dadi rahmad marang alam kabeh
قُلْ إِنَّمَا يُوحَىٰ إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ فَهَلْ أَنتُم مُّسْلِمُونَ ۝١٠٨
📖 Terjemah Ayat 108
(Muhammad) sira dhawuha saktemene kang didhawuhake marang Ingsun yaiku, "Pangeranmu iku Pangeran kang tunggal, apa sira gelem sumarah marang panjenengane
فَإِن تَوَلَّوْا فَقُلْ آذَنتُكُمْ عَلَىٰ سَوَاءٍ ۖ وَإِنْ أَدْرِي أَقَرِيبٌ أَم بَعِيدٌ مَّا تُوعَدُونَ ۝١٠٩
📖 Terjemah Ayat 109
Menawa wong - wong mau mlengos (ora gelem Islam) (Muhammad) sira dhawuha, "Ingsun wis aweh weruh marang sira (ing barang kang wis didawuhake). Lan Ingsun ora mangerti apa wis cedak utawa isih adoh tumibane siksa sing dijanjekkake
إِنَّهُ يَعْلَمُ الْجَهْرَ مِنَ الْقَوْلِ وَيَعْلَمُ مَا تَكْتُمُونَ ۝١١٠
📖 Terjemah Ayat 110
Saktemene panjenengane iku nguningani pangucap kang ngedeng lan nguningani kang sira umpetake
وَإِنْ أَدْرِي لَعَلَّهُ فِتْنَةٌ لَّكُمْ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ ۝١١١
📖 Terjemah Ayat 111
Lan Ingsun ora mangerti, apa bab kuwi (anggone diakherake siksane) dadi tumrap sira utawa dadi kesenengan nganti tumeka titi mangsane
قَالَ رَبِّ احْكُم بِالْحَقِّ ۗ وَرَبُّنَا الرَّحْمَٰنُ الْمُسْتَعَانُ عَلَىٰ مَا تَصِفُونَ ۝١١٢
📖 Terjemah Ayat 112
(Muhammad) munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula! Mugi panjenengan ngadilana pasulayan kawula kalayan tiyang ingkang sami maiben kalayan sakleresipun". Allah pangeran kula ingkang maha welas, disuwuni pitulung ing ngatase perkara kang padha sira sifati
← 20 Al-Anbiya (21/114) 22 →
Waca Surat Al-Anbiya Basa Jawa – Terjemah lan Audio

21الأنبياء Al-Anbiya 📚 112 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-Anbiya — 112 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers